Tambo Minangkabau

Tambo Minangkabau inggih punika karya sastra sajarah ingkang isinipun legenda-legenda ingkang wonten gegayutanipun kaliyan asal-usul bebrayan, nagari, lan tradisi ing wewengkon Minangkabau.[1] Tambo Minangkabau dipunserat mawi basa Melayu ingkang wujudipun prosa utawi gancaran.[1] Tambo asalipun saking basa Sansekerta, tambay ingkang tegesipun wiwitanipun.[1] Wonten ing tradisi masarakat Minangkabau, tambo kalebet satunggalipun warisan ingkang turun-tinurun ingkang dipunsebaraken mawi lesan.[1] Tembung tambo utawi terambo saged ugi gadhah maksud sajarah, hikayat, utawi riwayat.[1] Maknanipun sami kaliyan babad ing basa Jawa utawi basa Sunda.[1]

Gegambaran tiyang Minangkabau ing jaman kepengker ingang gadhah karya sastra awujud Tambo Minangkabau

Panyeratan tambo Minangkabau ingkang sepisanan kapanggih ing wujud aksara Arab lan mawi basa Minangkabau.[2] Panyeratan ing wujud latin nembé wonten ing purwanipun abad kaping 20, ingkang isinipun sampun mbandhingaken kaliyan sawatawis bukti sajarah ingkang wonten gegayutanipun.[2] Gunggungipun naskah ingkang sampun kapanggih wonten 83 naskah.[2] Irah-irahanipun punika manéka warni, ing antawisipun inggih punika Undhang-Undhang Minangkabau, Tambo Adat, Adat Istiadat Minangkabau, Kitab Kesimpanan Adat lan Undhang-Undhang, Undhang-Undhang Luhak Tiga Laras, lan Undhang-Undhang Adat.[2] Tambo ing Minangkabau wonten kalih babagan ingkang utami,[3] inggih punika tambo alam, ingkang nyariyosaken asal-usul moyang lan karajan Minangkabau lan tambo adat, ingkang nyariyosaken adat, sistem papréntahan, lan undang-undang babagan papréntahan Minangkabau ing jaman kepengker.[3]

Cathetan suku besut

  1. a b c d e f [Sangguno Diradjo, Dt. (1954), Tambo Alam Minangkabau, Balai Pustaka.]
  2. a b c d [Batuah A. Dt., Madjoindo A, Dt., (1957), Tambo Minangkabau, Jakarta: Balai Pustaka.]
  3. a b [[[A.A. Navis]], (1984), Alam Terkembang Jadi Guru: Adat dan Kebudayaan Minangkabau, Jakarta: PT. Grafiti Pers.]

Pranala njawi besut