Tanah Runcuk utawa Tanaruncuk iku proyèk kagunan gegawéané juru kagunan Timoteus Anggawan Kusno sing pisanan dipamèraké ing tanggal 8 Novèmber 2014 ing Kedai Kebun Forum, Yogyakarta. Tanah Runcuk mono wewengkon éthok-éthokan sing caritané ditemokaké déning Ludwig Stern, wong sing lagi ngumbara lan mbudidaya kopi saka Hamburg, karo kancané nama Kreuzer Wallach, antropolog saka Frankfurt, ing taun 1864. Tanah Runcuk digambaraké minangka sawijining wewengkon sing ora konangan pamaréntah kolonial Indhiya-Nèderlan.

Gendéra (éthok-éthokan) Tanah Runcuk sing digawé sarana bathik tulis ing jaman kolonial Indhiya-Nèderlan.
Cathetan (éthok-éthokan) pangumbaraning Ludwig Stern ing Tanah Runcuk ing madyaning abad kaping 19, sing akèh-akèhé wujud cuwilan geguritan lan layang katrésnan.

Ing proyèk iki, Tanah Runcuk dicaritakaké minangka sawijining laladan sing "wis ilang" saka alam pikiré wong Indonésia. Tanah sing "ilang" mau banjur ditliti déning tim gabungan panliti sing kagiyatané diayomi Centre for Tanah Runcuk Studies (CTRS), bebadan éthok-éthokan minangka péranganing karyané Timoteus asesirah Memoar Tanah Runcuk.

Para panliti mau dicaritakaké ngayahi sawenèh panlitèn ngenani cathetan étnografi lan artéfak kolèksiné Ludwig Stern lan Kreuzer Wallach. Artéfak mau wujud manuskrip, rekaman gambar, foto, utawa barang temon sing caritané ditemokaké ana ing sawijining gudhang sajeroné yasan tilas pabukon ing Weimar, Jerman ing taun 2006. Saka cuwilaning dhongèng lan geguritan sing kacathet ana ing buku Saben Fidem Intrepidus, dicaritakaké yèn Ludwig Stern Jr. lan Kreuzer Wallach ilang sawisé ndlajah Tanah Runcuk.[1]

Karya iki minangka sawijining tanggapan tumrap novèl otobiografiné Multatuli asesirah Max Havelaar. Minangka proyèk kagunan, Tanah Runcuk uga dadi irah-irahan mirunggan ing Festival Film Dokumenter 2014 (FFD 2014). Lumantar karyané iki, Timoteus ngajak supaya wong-wong manggalih manèh samubarang konsèp sing saiki wis dianggep bener lan nyata kaya-kaya ora ana masalah babar pisan. Tanah Runcuk iki uga minangka satir kritis tumrap réprodhuksi kasunyatan sing kerep ngilangaké kalinggihané manungsa.[2]

Kanthi dalan réalisme magis sing diwujudaké lumantar médhiyum kagunan rupa,[3] Timoteus mbangun narasi karyané minangka pambudidaya maca manèh historiografi[4] sarana èkspèrimèntasi kagunan tumrap sajarah sing mung bisa dilamunaké (diawang-awang).

Réferènsi besut

  1. Ludwig Stern Jr. & Kreuzer Wallach: "Per Fidem Intrepidus", Arsip koleksi Centre for Tanah Runcuk Studies, 2014
  2. "Festival Film Dokumenter | Poster". ffd.or.id. Diarsip saka sing asli ing 2016-09-21. Dibukak ing 2016-08-20.
  3. Zakaria, Anang: "Sepotong Arca yang Mengecoh", kaca 34. Koran Tempo, Kemis, 25 Juni 2015
  4. Nurcholis: "Tanah Runcuk yang Retak", kaca 89. Jurnal Seni Rupa SKRIPTA, dibabar déning SOAP (Study on Art Practice), Volume 2, Semester 1, 2015

Pranala njaba besut