Pancènipun kirang mungguh kalawarti Kajawèn punika dipun isèni karangan bab tataprunggu, ananging kawuningana: wonten sadhèrèk guru kintun serat dhateng redhaksi Balé Pustaka, gadhah panedha supados redhaksi nerangaken bab tataprunggu wonten ing Sri Poéstaka, jalaran sadhèrèk guru wau boten ngretos ingkang dipun wastani tataprunggu, sampun rembagan kalihan kănca-kancanipun guru meksa boten angsal damel, măngka kepeksa mulangaken. Ingkang punika redhaksi manah prelu mituruti panedhanipun sadhèrèk guru wau, ananging katimbang andharan bab tataprunggu punika kapacak wonten ing Sri Poéstaka, aluwung wonten ing Kajawèn ngriki, awit Sri Poéstaka, punika kalawarti basa Lumayu, dados bab tataprunggu wau dédé mesthinipun karembag wonten ing ngriku.

Sajatosipun ingkang pitakèn bab tataprunggu punika sampun kathah, ing serat kabar Sedyatama inggih sampun naté wonten karangan ingkang nglairaken pitakèn bab makaten wau, ananging sasumerep kula dèrèng wonten wangsulan ingkang gumathok, bokmanawi kémawon saged dhateng ingkang kajibah mangsuli, inggih punika kumisi bab kasusastran Jawi ing Srewedari. Ing sadèrèngipun wonten katerangan saking kumisi kasusastran punika mesthi kémawon tiyang-tiyang dèrèng sumerep patitis dhateng bab tataprunggu wau, sagedipun namung dugi-dugi awewaton pamanggih ingkang kelimrah ing sadèrèngipun wonten pepathokan énggal bab kasusastran Jawi kados ingkang kadhawuhaken samangké punika. Dados pamanggih ing ngandhap punika dèrèng kénging dipun ugemi leresipun, namung lumayan kanggé ambalabari ing sadèrèngipun wonten wangsulanipun ingkang wajib.

Nama: tataprunggu, punika ing sasumerep kula wonten ing tanah gupreménan boten kelimrah, jalaran Serat Paramasastra ingkang limrah kanggé ugi boten nyebutaken, mila boten anggumunaken manawi para guru kathah ingkang sami boten mangretos. Dados kinten-kinten ingkang nganggèkaken nama tataprunggu wau namung bangsaning Serat Paramasastra wedalan tanah Kajawèn, bakunipun ing Surakarta. Wonten ing serat-serat utawi ing pangandikan, kula inggih dèrèng naté mregoki utawi mireng bab tegesing nama tataprunggu wau. Ing bausastra T. Roorda sarta K.F. Wintér, nama: tataprunggu wau inggih boten wonten. Saking pamanggih kula piyambak, tegesipun nama: tataprunggu, tataning rerenggan, tataning pangrengga, tataning pasrèn. Menggah terangipun makaten: tata = aturan, pranatan. Tembung: prunggu = ing ngriku pakèwed anggèn kula badhé negesi, jalaran ing sasumerep kula, prunggu: punika namaning campuranipun tembaga kalihan jasat sanès, sèng utawi timah, panunggilanipun ingkang kawastanan brons ing băngsa Walandi, warninipun inggih kados tembaga. Ananging tegesipun tembung prunggu: ingkang makaten wau wonten ingkang nama: tataprunggu: boten saged mantuk. Mila saking panginten kula, prunggu: wau mesthinipun kelanturing tembung: parunggu = pa + runggu. Tembung runggu: punika miturut Serat Bausastra sami kalihan: runggwa, runggya, tegesipun warni-warni, saking pamanggih kula namung satunggal ingkang saged mantuk wonten ing nama: tataprunggu, inggih punika: rengga. Dados kajenging nama: tataprunggu: punika kinten-kinten: tataning pangrengga, tataning pasrèn, ananging: pangrengga, utawi: pasrèn, ing nama punika bokmanawi kémawon ingkang dipun kajengaken: pangrengga utawi pasrèn ingkang minăngka pakurmatan. Tandhanipun ungel-ungelan: kanggé wonten ing tataprunggu: dipun tegesi: kanggé pakurmatan (wewaton panyeratipun tembung Jawi mawi sastra Jawi miturut putusan parepatan kumisi kasusastran ing Sriwedari kaca 12 bab X ada-ada 1):

Miturut serat wewaton ingkang mentas kula sebutaken punika, aksara murda kéngingipun kanggé namung wonten ing tataprunggu, dados namung kanggé pakurmatan. Saben tiyang sampun ngretos ingkang dipun wastani pakurmatan, inggih punika pratăndha ingkang kanggé nélakaken pangaji-ajining manah dhateng tiyang sanès miturut tatakrama. Dados panganggénipun aksara murda miturut serat wewaton wau, saking pamanggih kula namung manut watoning tatakrama balejed, pundi ingkang wajib dipun kurmati inggih kaserat mawi aksara murda. Ingkang punika manawi badhé leres panganggénipun aksara murda, inggih kedah dhamang seserepanipun dhateng unggah-ungguhing tatakrama. Serat Tatasastra (pathokaning panyerat saking pamoripun piwulang paramasastra, wyakarana, grammatica sarta paramabasa) wedalan Surakarta nerangaken, bilih tataprunggu punika sami-sami kalebet angèl piyambak pamathokipun, jalaran unggah-ungguhing tatakrama punika prasasat boten wonten andhegipun, awit sanadyan priyantun ingkang sampun ageng inggih taksih wonten ingkang ngungkuli agengipun malih, samanten ugi kosokwangsulipun, ingkang dipun wastani alit saged dados ageng jalaran wonten ingkang langkung alit malih.

Dados panganggénipun aksara murda miturut tataprunggu punika terang boten gampil, ananging inggih kénging dipun ancer-anceri sawatawis makaten: ingkang wajib kaserat nganggé aksara murda punika ingkang wajib angsal pakurmatan, kados ta: sesebutan sarta asmanipun ingkang wajib dipun ajèni. Ananging boten sadaya ingkang wajib dipun ajèni wau boten[1] mesthi wajib angsal pakurmatan, jalaran manawi ingkang wajib dipun ajèni punika kathah, ingkang wajib angsal pakurmatan namung ingkang luhur-luhur kémawon, malah ingkang wajib angsal pakurmatan jangkep namung satunggal ingkang luhur piyambak, manawi wenang sinembah inggih angsal sembah miyambaki. Upaminipun kintun serat dhateng lelurah, punika asmaning lelurah wau wajib kaserat nganggé aksara murda, sarta sesebutanipun, manawi sakinten pantes inggih kaserat nganggé aksara murda ugi, déné sesebutan sarta namanipun piyambak kedah kaserat nganggé aksara alit. Manawi kintun serat dhateng tiyang sangandhapipun, punika mawi mawang-mawang. Yèn ingkang dipun kintuni punika prelu dipun ajèni utawi dipun taklimi, sesebutan utawi namanipun inggih pantes kaserat nganggé aksara murda. Upami nyariyosaken tiyang wonten ing serat utawi karangan, manawi tiyang punika pantes dipun kurmati dhateng ingkang kintun sarta tampi serat, sesebutan tuwin asmanipun ingkang kacariyosaken punika wajib kaserat nganggé aksara murda. Ananging manawi ingkang kacariyosaken punika kathah, ingkang mesthi angsal pakurmatan aksara murda namung satunggal ingkang luhur piyambak.

Tuladha: Kula ngaturi priksa dhateng kangmas Mantri Arjadarsana sakalihan, bilih bénjing dinten Rebo Pon tanggal 2 wulan punika kula gadhah kajat badhé nyunataken ingkang putra anak kula èstri pun gendhuk Sudarmi.

Kula tampi welingipun ingkang rama kangmas Patih Praja Pusara, bénjing dinten Ngahad ngajeng punika ingkang raka Radèn Mas Asistèn Prajasuwignya katimbalan dhateng Temanggung.

Sareng mantri pulisi kitha Radèn Mas Sujana tampi palapuraning lurah, énggal-énggal dandos sarta sowan dhateng ingkang raka Radèn Mas Wadana Nitipura.

Ingkang sowan ing kabupatèn pepak: Radèn Prajapusara: patih, Radèn Mas Nitipura: wadana, Radèn Reksaardana: kolèktur, Radèn Mas Prajasuwignya: asistèn wadana, Radèn Mas Sujana: mantri pulisi. Sareng Kangjeng Bupati miyos saking dalem, ingkang sami sowan lajeng sami ngadeg saking kursi ngaturi urmat.

Makaten pamanggih kula bab panganggénipun aksara murda miturut tataprunggu, ananging leres lepatipun prayogi ngentosi katerangan saking kumisi kasusastran ing Sriwedari.

Sumber

besut