Tayamum miturut basa inggih menika nyedhak marang lebu. Dene miturut pangertosan syari'at, tayamum inggih menika ngusapaken lebu wonten ing pasuryan kaliyan asta kanthi niat kagem sholat utawi sanesipun. Tayamum menika sampun katetapaken wonten ing Al-Qur'an, Al-Hadist kaliyan ijma' ulama. Wonten ing salebetipun Al-Qur'an, Allah berfirman:

"Banjur sira padha ora entuk banyu, mula padha tayamum kanthib lemah kang suci. usapna ana ing rai lan tangan." (Am-Nisa: 43)

Wonten ing hadist ingkang kariwayataken dening Abu umamah, kasebataken bilih Rasulullah nate paring sabda:

"Wus didadekake kabeh lemah ana ing donya iki kanggo sliramu, Kanggo panggonan sujud lan suci. Mula, nalika wektu sholat wius teka, lemah bisa kanggo piranti suci." (HR. Ahmad)

Dene wonte ing ijma' ulama maringi dhawuh bilih paring ngginakaken lebu iutawi tayamum kangge gantos wudhu utawi siram nalika wekdal kaliyan kondhisi tartamtu.

Sabab Dipunsyari'ataken TayamumBesut

Ngengingi sabab dipunsyari'ataken tayamum inggih menika wonten ing riwayat saking Aisyah. Wonten ing Hadist ingkang dipunriwayataken dening Jamaah kajawi At-Tirmidzi, kacariyosaken bilih satunggaling dinten Aisyah kaliyan sahabat tindakan bareng Nabi Muhammad utawi Rasulullah. Wonten ing tengah margi, kalungipun Aisyah ical, saengga rombongan kedah mandheg kagem madosi kalung kasebat. Salah satunggaling anggota rombongan nggresula bilih amargi Aisyah sedaya rombongan kedah mandheg kagem madosi kalung kasebat, kamangka wonten ing papan punika boten wonten toya. Lajeng Abu Bakar duka marang anggota kalawau, salajengipun sedaya rombongan sare dumugi shubuh tanpa toya. Lajeng Gusti Allah mandhapaken ayat ngengingi tayamum: "Mula sira padhaa tayamum" Lajeng Usaid bin Hudhair ngendika bilih menika berkah ingkang sepisan saking kaluwarganipun Abu Bakar. Nalika untanipun sedaya rombongan sami ngadeg, ndilalah kalungipun Aisyah wonten ing ngandhapipun unta.[1]

RujukanBesut

  1. Uwaidah, Syaikh Kamil Muhammad (2007). Fiqih Wanita. Jakarta: Pustaka Al-Kautsar.