Telaga Madirda inggih menika salah satunggaling sendhang ingkang gadhah swasana ayem saha tentrem. Telaga Madirda mapan wonten ing Dhekah Tlaga, Dhusun Berja, Kecamatan Ngargayasa, Kabupatèn Karanganyar. Toya ingkang wonten ing Telaga Madirda inggih menika asal saking Redi Lawu, pramila toya ingkang katampung jernih saha resik. Kejawi dados sumber toyaning masarakat, Telaga Madirda inggih dipun-ginakaken dados papan pariwisata. Telaga menika nyaosaken pasawangan kanthi latar redi saha keteling wana ingkang ijem asri[1].

Kejawi dipundadosaken papan pariwisata, nalika tumekaning upacara Dinten Riyaya Nyepi, para umat agami Hindu wonten Karanganyar nglampahaken upacara Melasti ing Telaga Madirda minangka simbul reresik dosa. Sasampunipun nglampahaken upacara menika, sesaji ingkang sampun dipunsedhiya lajeng dipunlarung dhateng Telaga Madirda. Suraos saking larung sesaji inggih menika supados sedaya kemawon ingkang sampun kapundhut dening manungsa saking alam kedah dipunwangsulaken malih, supados saged angripta timbanging pagesangan[2]

Cariyos rakyat utawi Folklor

besut

Cariyos rakyat bab kawontenanipun Telaga Madirda sampun disumurupi dening masarakat Berja. Masarakat nganggep menawi Anjani, Sugriwa, saha Subali inggih menika tiyang ingkang dipunanggep para jawata, titah ingkang gadhah kakuwatan ingkang ageng saha boten dipun-gadhahaken déning manungsa saèmperipun. Dipuncariyosaken tetiyang menika ingkang dadosaken kawontenaning Telaga Madirda. Cariyos bab Sugriwa, Subali, saha Anjani kapérang dados légénda alam gaib saha légénda masarakat[3].

Wonten kalih cariyos légénda Telaga Madirda, inggih menika saking masarakat utawi juru kunci telaga saha saking seratan cariyos ringgit. Cariyos saking masarakat inggih menika kados mekaten[3].

Ing satunggaling dinten, Sugriwa saha Subali sumerep sadulur sepah anama Dèwi Anjani ingkang taksih ameng-ameng cupu. Cupu menika saged nyumerepaken kaéndahaning jagad raya. Sugriwa saha Subali melik gadhah cupu menika. Kekalih wau mèri amargi bapanipun ingkang nama Resi Gotama namung paring cupu dhumateng Dèwi Anjani kemawon[3].

Resi Gotama lajeng nimbali Dèwi Anjani amargi boten rumaos paring menapa kemawon dhumateng Dèwi Anjani. Wekasanipun cupu menika inggih dipunwastani cupu manik Astagina ingkang namung gadhahipun Bathara Surya. Resi Gotama lajeng manggih garwanipun ingkang nama Dèwi Windardi kanggé takèn babagan cupu menika. Dèwi Windardi kèndel amargi Resi Gotama sampun mangertos menawi garwanipun lampah ngiwa kaliyan Bathara Surya. Dèwi Windardi namung saged muwun saha keduwung. Kanthi murka, Resi Gotama bendonaken garwanipun dados reca. Cupu ingkang dados rebatan kalawau lajeng dipunbucal déning Resi Gotama. Cupu menika kabucal tebih saengga tangkebing cupu misah lajeng dhawah dados Telaga Madirda[3].

Cariyos ingkang kaping kalih inggih menika saking seratan Wayang dan Budaya Jawa déning Suyamto. Wonten satunggaling dinten ing pratapan Agrastina ing wewengkon Redi Sukéndra, wonten setunggal resi kanthi nama Gotama saha kulawarganipun. Amargi widyastutining Resi Gotama angsal ganjaran arupa widadari kayangan anama Dèwi Windardi. Saking palakramaning Resi Gotama saha Dèwi Windardi pikantuk 1 putri saha 2 putra kanthi nama Dèwi Anjani, Guwarsa, saha Guwarsi[3].

Dèwi Windardi asring kasepen amargi garwanipun brahman saengga kathah laku tapa. Lajeng Dèwi Windardi lampah ngiwa kaliyan Bathara Surya. Boten wonten ingkang mangertos babagan lampahan menika, inggih Resi Gotama ugi katiga putranipun. Dèwi Windardi gadhah pusaka Cupumanik Astagina saking paringaning Bathara Surya. Cupu menika gadhah kakuwatan ingkang ageng, menawi dipunbikak dalemipun saged katingal pepethan swargaloka. Wondéné wonten ing tangkebipun saged katingal pasawangan éndah ingkang wonten ing jagad raya[3].

Wonten ing satunggaling dinten nalika Dèwi Windardi taksih ningali kaéndahan wonten ing cupu menika, Dèwi Anjani sumerep saha rèwèl badhe nyambut cupu. Cupu menika dipunbekta Dèwi Anjani lajeng dados rebutan kaliyan saduluripun. Anjani muwun lajeng munjuk dhateng ibunipun, wonéné Guwarsa saha Guwarsi nedah bapanipun amargi boten adil. Tedahan saking putranipun dadosaken Resi Gotama sedhih saha prihatin. Lajeng Resi Gotama tumakèn dhateng Anjani saha Dèwi Windardi. Anjani matur menawi cupu menika angsal saking ibunipun. Ananging Dèwi Windardi namung kèndel. Amargi boten mangsuli pitakenan dadosaken murkaning Resi Gotama, lajeng Dèwi Windardi dipunbendu dados reca[3].

gadhah 1 putri saha 2 putra inggih menika Dèwi Anjani, Guwarsa, saha Guwarsi.

Supados adil, Resi Gotama bucal cupu menika kanthi dipunsawat. Sok sintena ingkang manggih cupu kasebut bakal dipun-gadhahi piyambak. Lajeng Anjani, Guwarsa, saha Guwarsi rikat bujeng cupu menika. Cupu menika kapisah dados kalih, bagéan mangkok dhawah dhateng siti lajeng dados telaga kanthi nama Nirmala, wondéné tangkebing cupu dhawah dados telaga Sumala[3].

Sawatara menika, Anjani saha adhi-adhinipun ngira menawi cupu menika dhawah dhateng telaga wonten ing tengah wana. Miturut cariyos, Resi Gotama sampun paring bebendon dhateng telaga menika, sok sintena ingkang angliput raos srakah bab kadonyan bakal dados kera menawi sariranipun nggepok toya telaga. Guwarsa saha Guwarsi nyemplung dhateng telaga lajeng sariranipun dados manungsa kera. Wondéné Anjani namung suryan ugi pasuryanipun dados kathah wulu kados kera. Lajeng sedaya katiganipun manggih Resi Gotama saha nyuwun pangaksama. Anjani dipunakèn laku tapa wonten ing lèpèn, wondéné Guwarsa saha Guwarsi dipunakèn laku tapa wonten Redi saha Wana Sunyapringga[3].

Jujugan

besut

Telaga Madirda wonten ing wewengkon sukuning Redi Lawu, Karanganyar. Menawi badhe tindak dhateng telaga menika, langkung sae migunakaken tetunggangan pribadi amargi boten wonten transportasi umum ingkang liwat. Ewadene marginipun sae, ananging kathah inggah-inggahan saha tedhakan njuleg ingkang kedhah saged lancar nalika liwat. Marginipun inggih boten radi wiyar saengga boten cekap menawi dipunliwati bus ingkang ageng[4].

Jujuganipun inggih menika liwat margi ageng saking Sala ngantos Kecamatan Karangpandan, lajeng mundhut margi ingkang ngener dhateng Tawangmangu. Salajengipun, ngener dhateng papan pariwisara Candhi Sukuh utawi Candhi Cetha. Menawi sampun liwat bekas gapura Candhi Sukuh, lajeng nikung tengen ngener dhateng papan pariwisata Grojogan Jumog. Lajeng terus lurus miturut margi liwat pasimpangan ngantos dumugi ing patigan ingkang wonten seratan Situs Planggatan. Saking ngriku lajeng saged miturut pitedah ngener dhateng telaga[4].

Fasilitas saha tikèt

besut

Telaga Madirda sampun nyegahaken papan-papan ingkang wigati kangge kapénakaning para wisatawan. Menika fasilitas ingkang sampun cumawis wonten ing Telaga Madirda[5]:

  • Papan parkir tetunggangan wisatawan
  • Warung wisata
  • Gazébo saha papan palenggahan
  • Pusat katerangan
  • Wahana ameng-amengan toya
  • Papan foto instagenic
  • Pakiwan saha kulah
  • Papan kanggé sembahyang
  • Papan pakémahan

Telaga Madirda dipunbikak saben dinten saking jam 6 ésuk ngantos jam 5 langkung 30 menit. Reginipun tikèt menawi badhé mlebet dhateng Telaga Madirda inggih menika[6]:

  • 15.000 rupiyah kanggé béaya tikèt mlebet
  • 30.000 rupiyah kanggé béaya kémah
  • 2.000 rupiyah kanggé béaya parkir pit motor
  • 5.000 rupiyah kanggé béaya parkir kréta

Rujukan

besut
  1. QD (2023-01-16). "Telaga Madirda Wisata Danau Lereng Gunung Lawu September 2023". TravelsPromo (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-16.
  2. "Telaga Madirda". direktoripariwisata.id. Dibukak ing 2023-09-16.
  3. a b c d e f g h i "Folklor Telaga Madirda". mijil.id (ing basa Inggris). 2021-12-21. Dibukak ing 2023-09-16.
  4. a b QD (2023-01-16). "Telaga Madirda Wisata Danau Lereng Gunung Lawu September 2023". TravelsPromo (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-17.
  5. Umam, Khairul (2023-04-10). "Telaga Madirda - Harga Tiket Masuk & Spot Foto Terbaru 2023". Situs Info Tempat Wisata Terbaru & Paket Tour Terpercaya (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-03-23. Dibukak ing 2023-09-17.
  6. "Telaga Madirda, Lokasi Camping Seru Di Kaki Gunung Lawu". www.nativeindonesia.com (ing basa Indonesia). 2021-09-28. Dibukak ing 2023-09-17.