Televisi satunggaling pirantos kangge nyithak karakter lare

TELEVISI SATUNGGALING PIRANTOS KANGGE NYITHAK KARAKTER LARE

Télévisi kadadosan saking kalih tembung ingkang ngemot kalih pangretosan. Inggih mênikå Télé (Yunani)=têbih, visi (Latin)=gambar. Mênawi dipungandhèng, télévisi inggih mênika salah satunggaling system ingkang nyamêktakakên gambar kaliyan swårå ingkang têbih saking sumberipun. Anggadhahi fungsi kagêm miyarakên pawartos utawi praståwå ingkang sawêg kadadosan ing sabên dintênipun. Utawi sagêd ugi kagêm paring panglipur pamirsanipun.[1]

Adicara tontonan saking televisi menika maneka warni. Ing antawisipun:

1. Audisi Audisi mênikå satunggaling tontonan télévisi kanggé sarånå nyaluraken kaprigêlan ingkang dipungadhahi satunggalipun tiyang ing samangké sagêd dados tiyang ingkang digugu utawi ditiru.

2. Variety Show Inggih mênikå tontonan ingkang nggabungakên adicara lêlagon, jogètan, guyonan, lan sapanunggalanipun. Adicårå mênikå sipatipun namung kanggé panglipur kémawon.

3. Reality Show Réality show inggih mênikå tontonan ingkang nyamêktakakên salah satunggaling pamanggih ingkang dipunandharakên tiyang kanthi langsung.

4. Pawarta (JB Wahyudi, 1991: Wawan Kuswandi, 1996: 18) tontonan pawartå nyamêktakakên sêdåyå informasi, kabar, wawanrêmbag, såhå asiling panalitèn sawijining prakawis.

5. Program Sinetron Sinetron inggih mênikå tontonan kanthi ancas panglipur kanthi nyamêktakakên cariyos miturut adhat sabênipun tiyang gêsang ing masarakat ingkang anggadhahi piwulangan saé kagêm pamirsanipun. Ananging wonten jaman samênikå senetron dipundamêl mbotên kanthi ancas maringakên piwulang dhatêng pamirsanipun, ananging wosipun cariyos sagêd ndamêl bungahing manah. Sampun kathah ingkang nyariyosakên babagan ingkang mbotên saé wontên gêsang mênikå. Tuladhanipun nyariyosakên kluwargå ingkang mbotên harmonis malih supados dados tulådhå botên ngantos kados mêkatên.

6. Film Fantasi Film fantasi inggih mênikå salah satunggaling siaran televisi ingkang dipundamêl kanthi ancas panglipur. Adat sabênipun ingkang rêmên dhumateng film fantasi mênikå nuninggih lare. Wonten ing film menika, kathah karakter ingkang dipun damel. Karakter menika kadamel kanthi wujud ingkang nyengsemaken manahipun laré. Tuladhanipun film ingkang dipun remeni laré jawi samênikå inggih menika Upin Ipin, Sapo Jarwo, Doraemon, lan sapanunggalanipun. Awit saking tontonanmênikå, lajeng laré anggadhahi idola ing samangké sagêd dipuntiru. Tuladhanipun éthok-éthok niruakên pêrang-pêrangan. (Wawan Kuswandi, 1996: 137).

Awit saking siaran ingkang manékå warni saking televisi menika anggadhahi dampakipun. Miturut Wawan Kuswandi (2008: 39-40) wontên kalih sêbab. Inggih mênikå: [2]

a. Dampak Informatif Inggih mênikå kapinteranipun tiyang kagêm nyerap såhå mengêrtosi ancas sawijining adicårå ingkang dipuntontonakên televisi kanggé seserepan ngelmu dhumateng pamirsanipun. Tuladhanipun nalika nonton siaran televisi ingkang awujud berita. b. Dampak Peniruan Inggih mênikå salah satunggaling siaran televisi ingkang ngemot babagan adhat sabênipun tiyang gêsang mliginipun gaya hidup. Tuladhanipun wontên siaran televisi sinetron, infotaimen, utawi reality show. Siaran mênikå dadosakên pamirsanipun sagêd tiru-tiru awit saking menåpå kemawon ingkang dipuntontonkên. Awit saking dampak kasêbat, dududanipun inggih mênikå sêdåyå ingkang dipuntontonaken wontn televisi mênikå sagêd ndadosaken sebab rubahipun pribadhi sawijining tiyang. Inggih mênikå tindak tandukipun, gaya hidup, karakter, saha sanesipun. Menika kala wau awit saking nuladhani satunggaling tokoh wonten siaran televisi. Ingkang dipunajrihakên inggih mênikå icalipun karakter ingkang nggambarakên kapribadhèn atiyang Jawi. Nueninggih tindak tandukipun saé, båsånipun alus, tåtå kramanipun saé, lan sapanunggalanipun. Mirsani televisi saged ndadosaken salah satunggaling kegiatan pasif ingkang mboten sae bilih tiyang sepuhipun mboten ngarahaken menapa kemawon siaran televisi ingkang pareng saha mboten pareng dipun pirsani dening lare. Ugi paring piwulang dhumateng lare bilih kedah mendhet piwulangipun awit saking tontonan televisi ingkang dipun pirsani Darwanto. (2011: 121).

Cara nebihaken lare saking dampak negatif televise: a. Nanemaken pendidikan karakter ingkang sae kagem lare. Pendidikan karakter inggih menika upaya ingkang sengaja dipunadani kagem nyithak karakter tiyang supados langkung sae. (Saptono, 2011: 23). Kluwarga dipundadosaken cagak kagem ngembangaken pendidikan karakter. Amargi, kluwarga menika dados papan ingkang sae sanget kagem lare. Amargi wonten kliwarga menika lare saged pitepangan saha mraktekaken tindak-tandukipun. Upaya kagem nuwuhaken karakter kagem lare ing antawisipun: - Tansah paring tuladha tindak tanduk ingkang sae kagem lare - Paring ukuman bilih lare menika ndamel prakawis ingkang mboten sae, saha paring hadiah bilih lare menika damel bungahing manah. Amargi awit saking mekaten lare ing samagke dados lare ingkang tanggung jawab saha ngremenaken. - Nuwuhaken kapitadosan dhumateng lare. Amargi kala wau saged ndadosaken lare menika lare ingkang kreatif. b. Paring piwulang bilih tiyang menika kedah saged bersosialisasi. Sosialisasi inggih menika proses anggenipun sinau. Ingkang dipun sinau inggih meniak polah bawa, kebiasaan, utawi sanesipun ingkang gayut kaliyan masarakat. Sosialisasi saged dipun tuwuhaken kanthi: - Nyiptaanken swasana kluwarga ingkang nentremaken kagem lare. Tuladhanipun menawi lare menika saweg bidhal saking sekolah utawi dolan lajeng tiyang sepuh menika nangleti lare menapa kemawon ingkang lare piyambak lakoni. Lare dipun suwun nyariyosaken dhumaten tiyang sepuhipun. - Nepangaken lare menika kaliyan tiyang sanès ingkang sampun tepang dhumateng tiyang sepuhipun. Tuladhanipun kaliyan tanggi, kanca, utawi sedherek. - Paring idi dhateng lare bilih dolanan sareng-sareng kaliyan kanca-kancanipun. Paring idi dhateng lare dolan wonten njawi ndalem supados saged dolan saha kepanggih kaliyan kanca-kancanipun. Ananging tamtu mboten lajeng lare menika dipun bebasaken. Taksih kedah dipun awasi. Umpaminipun angsal dolan nanging nalika sampun tabuh gagsal sonten lare kedah sampun wonten ndalem, utawi menawi dereng neda dereng angsal dolan rumiyin. Mekaten kala wae saged nuwuhaken raos percaya dhiri maring lare. - Paring piwulang menapa ingkang dipunsebat etika saha norma. Ancasipun supados nalika lare bersosialisasi paham pundi ingkang sae saha pundi ingkang mboten sae. c. Manfaataken peran tiyang sepuh wonten ndalem. Ing antawisipun: - Milah adicara ingkang trap kaliyan yuswanipun lare. Ampun ngantos lare mirsani tontonan televise kanthi mboten patrap kaliyan yuswanipun. Ugi ampun ngantos tontonan menika wonten unsur kerengan, amargi saged kemawon lare menika nuladhani adegan kasebat. - Ngencani lare anggenipun mirsani televise. Ancasipun supados lare saget terkontrol. Mboten mblenjani anggenipun mirsani. - Paringaken televise wonten ruang ingkang sedaya kluwarga saged mirsani. Tuladhanipun rung tengah. Menika kala wau anggadhahi ancas bilih lare menika mboten sakarepe piyambak saha nggampilaken tiyang sepuh anggenipun ngawasi lare. Amargi bilih dipun paringaken wonten kamar lare menika sukar pengawasanipun. - Dipundangu, lare menika remen adicara televsi ingkang pundi kemawon. - Dipunajak maos buku kanthi kathah.

  1. Dimensi-dimensi Pendidikan Krakter Wawasan, Strategi, dan Langkah Pertama. Jakarta. 2011. {{cite book}}: |first= missing |last= (pitulung)
  2. S.I.A., Dwiningrum (2016). Pendidikan Sosial Budaya. Yogyakarta.