Tembung ing pawayangan

Tembung ing pawayangan iku sawatara tembung Basa Jawa sing kerep dianggo (istilah) sajeroning donya pawayangan lan utawa ing donya padhalangan. Tembung-tembung mau antarané:

  1. Ada-ada: kidungané dhalang arep nyritakake wayang.
  2. Antawacana: lagu cengkoké swara siji-sijiné wayang.
  3. Bala tengen: bangsa prajurit kang disandhing ing kelir sisih tengen.
  4. Bala kiwa: bangsa prajurit kang disandhing ing kelir sisih kiwa.
  5. Bléncong:diyan kanggo madhangi wayang.
  6. Bodholan: padha mangkate wadyabala.
  7. Cempala: kayu penthol kanggo ngepraki wayang.
  8. Gara-gara: wetuné Semar, Gareng, Petruk.
  9. Jejer: lagi madeg padha rembugan.
  10. Kecrèk, kepyak: prabot(wesi) sing ngetokaké swara crek-crek.
  11. Kelir: lawon putih kanggo nampani wayanganing wayang.
  12. Perang brubuh: perang amuk-amukan akèh pepati.
  13. Perang gagal: perang wadyabala durung ana pepati.
  14. Perang kembang: perangé buta karo satriya.
  15. Sabetan: patrapé dhalang nglakokaké wayang.
  16. Sulukan: ada-ada.
  17. Talu: uyon-uyon ngarepake wiwit jejer.

Uga delengen

besut