Tembung nyaosi lan maringi

Tembung nyaosi lan maringi iku tegesé "awèh … marang", padha tegesé karo tembung mènèhi lan nyukani. Bédané, mènèhi kalebu golonganing tembung ngoko, nyukani kalebu golonganing tembung krama, déné nyaosi lan maringi kalebu éwoning tembung krama inggil.

Mènèhi pangan iwak.

NyaosiBesut

Tembung nyaosi iku kalebu kriya tanduk (verba aktif). Tembung iki kadhapuk saka tembung lingga caos kawuwuhan ater-ater anuswara m- lan panambang -i. Dhapukaning tembung kriya mangkéné iki lumrahé diarani rimbag tanduk i- kriya. Tembung maringi lan uga nyukani iku sajinis karo tembung nyaosi, ya iku kalebu golonganing tembung kriya tanduk. Rimbagané tembung loro iki uga padha, ya iku kalebu rimbag tanduk i- kriya. Tembung maringi kadhapuk saka tembung lingga paring olèh wuwuhan ater-ater anuswara ng- lan panambang -i, déné nyukani kadhapuk saka tembung lingga suka olèh wuwuhan ater-ater anuswara ny- lan panambang i-.[1]

Ing jaman saiki asring tinemu panganggoné tembung nyaosi, maringi, lan nyukani kang nyebal saka paugeran, cawuh, utawa klèra-klèru, luwih-luwih tumrap para nom-noman. Klèra-klèru utawa cawuhé panganggoning tembung iku ora mung winates ing ukara tanduk (aktif), nanging uga ing ukara tanggap (pasif).[2][3]

Contoné mangkéné:[4]

(1a) Aku ora bisa nyaosi apa-apa marang Pak Lurah.

(1b) Aku ora bisa maringi apa-apa marang Pak Lurah.

(2a) Bénjing kula nyaosi kabar dhumateng panjenengan.

(2b) Bénjing kula maringi kabar dhumateng panjenengan.

(3a) Buku kalih punika ingkang satunggal badhé kula caosaken Pak Danu, satunggalipun malih badhé kula caosaken Pak Umar.

(3b) Buku kalih punika ingkang satunggal badhé kula paringaken Pak Danu, satunggalipun malih badhé kula paringaken Pak Umar.

(4a) Bu, sopipun dèrèng kula sukani sarem, lho!

(4b) Bu, sopipun dèrèng kula caosi sarem, lho!

(4c) Bu, sopipun dèrèng kula paringi sarem, lho!

(5a) Bu, sop punika sampun panjenengan paringi sarem punapa dèrèng?

(5b) Bu, sop punika sampun panjenengan sukani sarem punapa dèrèng?[4]

Manut paugeran, tembung nyaosi, (takcaosi, kula caosi, dipun caosi, kula caosaken, dipuncaosaken, lan sapituruté) iku dianggo guneman tumrap:[5]

  • Bocah katujokaké marang wong tuwa (bapa lan biyung).
  • Wong enom katujokaké marang wong kang awuné utawa umuré luwih tuwa.
  • Murid katujokaké marang guru.
  • Andhahan katujokaké marang pandhuwuran.
  • Padha-padha kanca kang durung pati rumaket.
  • Padha-padha kanca kang wis rumaket, ananging perlu ngajèni sawatara.[5]

MaringiBesut

Tembung maringi (uga dipunparingi, dipunparingaken, panjenengan paringi, panjenengan paringaken, lan sapituruté) dianggo guneman tumrap:[6]

  • Wong tuwa katujokaké wong enom.
  • Guru katujokaké marang murid.
  • Pandhuwuran katujokaké marang andhahan kang umuré luwih enom, lan sapituruté.[6]

NyukaniBesut

Déné tembung nyukani (uga nyukakaken, dipunsukakaken, kula sukani, kula sukakaken, lan sapituruté) lumrahé dianggo guneman tumrap sapadha-sapadha, guneman mardika (nétral) kang ora mligi katujokaké marang madyama purusa (wong kaloro) utawa pratama purusa (wong katelu), umpamané ngandhakaké resèp jamu, resèp olah-olahan (mangsak), andharan babagan ilmu, lan sapituruté.[7]

Adhedasar pranatan iki, bisa disumurupi manawa ukara (1a), (2a), (3a), (4a), lan (5a) kalebu golonganing ukara kang manut paugeran, déné ukara-ukara liyané bisa diarani ukara kang nyebal saka pranatan. Kanggo lelimbangan, ing ngisor iki kapacak ukara-ukara kang panganggoné tembung sing dadi wosing rembug ing tulisan iki trep karo paugerané.[8]

  1. Jeng Sus, yèn wis rampung diwaos, buku kuwi paringna méja kono waé!
  2. Para kadang sadaya, saka kaparengipun Bapak Camat, ménda-ménda punika badhé kaparingaken dhumateng para putra ing dhusun ngriki ingkang taksih sinau ing SD.
  3. Sinaosa sampun dipunsukani tandha boten angsal ménggok nengen, ananging wonten kémawon tiyang ingkang nékad nerak awisan punika.
  4. Pak Umar sampun kula caosi jadwal acaranipun.
  5. Serat uleman saraséhan ingkang panjenengan paringaken kula kala wingi punika kula caosaken Pak Agung awit kula sampun dipunkintuni piyambak déning panitia.
  6. Cèt témbok punika katingal sumeblak awit kula sukani obat mekaten punika. Menawi panjenengan ngersakaken, mangké kula caosi. Perlu kula caosi priksa, anggèn panjenengan maringi obat punika sampun kathah-kathah, cekap satunggal séndhok saben satunggal kilonipun.[8]

Uga delengenBesut

RujukanBesut

KapustakanBesut

  • Harjawiyana, Haryana (2001). Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 978-979-2100-51-8.
  • Harjawiyana, Haryana; Supriya, Theodorus (2001). Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 978-979-6729-91-3.
  • Padmosoekotjo, Sitam (1987). Gegaran Sinau Basa Jawa (Memetri Basa Jawi) (PDF). Surabaya: PT. Citra Jaya Murti.
  • Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut