Tembung panyeru

Tembung panyeru utawi asring kasebat Tembung panguwuh utawi Tembung sebawa, punika tembung ing Basa Jawi ingkang nggambaraken wedharing raos suka, kagèt, kuciwa, gela, gumun, lan sapiturutipun.

Tuladhanipun: adhuh, ah, hé, lho, lha, o, oh, nah, wah, hah, heh, hus, hi, sokur, horé, walah, tobat, yahud, ta, mbok, jé, kok, dhing, tak.

Sanèsipun ingkang kasebat ing nginggil, wonten ugi tembung panyeru ingkang kasar ingkang kaucap nalika nembé duka, kanthi nambahaken panambang -mu dhumateng pérangan inggih jalmi. Tuladha: ndhasmu, matamu lan sapanungggalipun.

Tembung sabawa

besut

Tembung sabawa (kata seru) utawa Interjeksi yaiku tembung kang ora duwé teges dhéwé, nanging mratelakake sarasaning atine wong kang ngucapake; dadi wis prasasat ukara.

Tembung iki kena kapérang dadi 6 warna, yaiku:

  • Sabawaning samubarang kang kaprungu. Kaya ta: thik, thek, thok, ther, dhor, krosak, blug, lsp.
  • Sabawaning samubarang kang katon. Kaya ta: santiyeng, grudug, blas, lap, nyat, lsp.
  • Sabawaning pangungun (getun). Kaya ta: wah, tobil, biyang/biyah, toblas, lsp.
  • Sabawaning suka (bungah). Kaya ta: hore, huse, heee.
  • Sabawaning kaget (ora kanyana). Kaya ta: lho, lah, dalah, lah dalah, wadhuh.
  • Sabawaning kacuwan (prihatin). Kaya ta: hus, dhuh, lho, e, o, blahi, lsp.