Umbul Pengging
Umbul Pengging inggih menika salah satunggal péranganipun saking Pasangrahan Ngèksi Purna. Kajawi umbul, Masjid Ciptamulya saha Kompleks Pasaréan Astana Luhur ugi kagolong wonten Pasanggarahan Ngèksi Purna. Pasanggrahan Ngèksi Purna dedunung wonten ing Dhusun Dukuh, Kecamatan Banyudana, Kabupatèn Boyalali, Jawa Tengah. Panggènan kasebut wonten ing tengahing padununganing warga ingkang gampil dipundhatengi[1]. Umbul Pengging tansah ramé nalika kalih dinten tumuju sasi Pasa amargi dipundadosaken kangge salah satunggaling papan padusan[2]. Kathah tiyang ingkang dumugi dhateng Umbul Pengging kangge laku tirakat. Sampun ndungkap saben dalu wonten warga ingkang laku tirakat kungkum wonten ing ngrika. Langkung-langkung nalika ing dalu Jumuwah, utaminipun dalu Jumuwah Paing. Kathah warga saking Sala saubengipun dumugi dhateng umbul kangge kungkum kanthi kapreluan saha kapitayanipun piyambak-piyambak[3].
Nama Pengging sampun wonten nalikaning jaman Keprabon Majapahit, lajeng wonten malih nalika jaman Keprabon Mataram Islam pamaréntahaning Pakubuwana III. Kawontenan malih wonten ing sejarah inggih menika nalika salah satunggaling trah Sultan Hadiwijaya sampun angsal palenggahan minangka pujangga Keprabon Mataram Islam ingkang namanipun sampun lumanglang inggih menika Radèn Ngabèhi Yasadipura I. Lajeng nalika sampun séda, Radèn Ngabèhi Yasadipura I saha para tedhakipun inggih menika Radèn Ngabèhi Yasadipura II kaliyan Radèn Ngabèhi Yasadipura III dipunsaréaken wonten ing kompleks pasaréan wingking masjid. Kompleks pasaréan ingkang dipunwastani Astana Luhur kasebut asring karawuhan Pakubuwana IX saha Pakubuwana X. Saéngga kanggé kapreluan ziarah saha palereman, Pakubuwana X lajeng awangun pasanggrahan ingkang dipunwastani Ngèksi Purna inggih lajeng kawontenan umbul cacahipun tiga[1].
Wisata sujarah
besutPasiraman Umbul Pengging kala semanten inggih menika salah satunggal kompleks pasiraman saking Kasunanan Surakarta saha diwangun déning Sri Susuhunan Pakubuwana X. Wiwitanipun padunungan menika namung dipun-ginakaken déning raja saha kaluwarganipun inggih boten dipun-bikak kanggé umum. Céngkok keraton saged dipuntingali nalika wonten ing Umbul Ngabéan[4].
Para sejarawan yakin menawi Pengging inggih menika cikal bakal Keprabon Pajang, keprabon ingkang sampun mundhut kakuwasan wonten ing tanah Jawa sasampunipun Kasultanan Demak bibrah. Sasampunipun wonten Kesultanan Mataram saha wonten pamaréntah salajengipun, wewengkon Pengging sampun ical wigatinipun saha pusat pamaréntahanipun lajeng dipundadosaken kangge papan ritual kaluwarga trah Mataram[4].
Tilasing sejarah inggih taksih wonten ngantos samenika. Wonten ing salah satunggal lingiraning Pasiraman Umbul Pengging wonten pasaréaning Dyah Ayu Retna Kedhaton, putrinipun Prabu Brawijaya. Lajeng wonten pasaréaning Kebo Kenanga utawi Ki Ageng Pengging. Kajawi menika inggih wonten pasaréaning tiyang kang wigatos inggih menika Handayaningrat, tetiyang ingkang naté wonten ing Keprabon Mataram. Pujangga Radèn Ngabèhi Yasadipura I inggih dipunsaréaken wonten Pengging saha dados papan wisata ziarah wonten ing Umbul Pengging. Sedaya pasaréan menika mawa antaranipun boten tebih, saged dipuntempuh kaliyan mlampah kemawon[4].
Warisan sejarah sanèsipun ingkang wonten ing kawasan Umbul Pengging inggih menika Masjid Ciptamulya, ingkang mapan wonten ing Dhusun Bendan. Masjid Ciptamulya dipunadegaken dening Sri Susuhunan Pakubuwana X wonten ing taun 1909 M. Kinten-kinten dipunadegaken sesarengan kaliyan Pasanggrahan Ngèksi Purna, salah satunggal papan pasaréaning para priyayi Keraton Surakarta. Kawontenanipun Masjid Ciptamulya ingkang wewatesan kaliyan pasaréaning pujangga Radèn Ngabèhi Yasadipura, dados geganepaning kebhinekaan ingkang wonten ing wewengkon Pengging. Masjid menika dados pusering agama Islam ingkang wonten ing tlatah menika ngantos semanten[4].
Cacahing umbul
besutUmbul Pengging ingkang sampun kagolong wonten ing Pasanggrahan Ngèksi Purna inggih menika angliput Umbul Temantèn, Umbul Ngabéan, saha Umbul Baki Dhudha[1].
Umbul Temantèn
besutUmbul Temantèn wiwitanipun wonten saking blumbang ingkang lajeng dipundadosaken setunggal dening Sri Susuhunan Pakubuwana X. Blumbang kasebut wiyaripun 33 x 23 mèter, wonten ing lingiranipun blumbang wonten panataran kanggé mlebet wonten ing blumbang. Konten mlebet sisih ajeng majeng lor, wonten ing témbok ajeng saha wuri wonten larikan jeblusan angin arupa palengkungan panjang dhateng andhap. Konten saha cendhela arupa palengkungan dipuntutup ngangge ruji wesi[1].
Umbul Ngabéan
besutUmbul Ngabéan wiwitanipun dipunwangun kangge kaluwarga raja kémawon. Ananging salampahing wekdal, umbul menika dipunbikak kangge umum. Umbul Ngabéan anjrambah ngangge séla lèpèn. Wiyaripun 26 mèter, wonten tiga panataran nganggé semèn dipun-ginakaken menawi badhe mlebet wonten ing blumbang[1].
Umbul Baki Dhudha
besutUmbul Baki Dhudha arupa pasagi mbanon wiyaripun 12 x 8 mèter. Anjrambah siti ingkang katutup dening séla lèpèn. Wonten setunggal panataran kangge mlebet dhateng blumbang ingkang dipunkepang pager ruji wesi ingkang inggilipun 1 mèter menika. Ujaripun, kala semanten wonten kura jaler tanpa pasangan[1].
Jujugan
besutUmbul Pengging wonten ing pusat kutha menawi saking Alun-alun Kidul Boyalali, betah wekdal kirang langkung 18 menit. Menawi saking Sala betah wekdal kirang langkung 20 menit. Jujugan menawi badhe dugi Umbul Penggung inggih menika kanthi mundhut margi dhateng sisih lor wonten ing Margi Merdéka Timur tumuju Margi Sénapati, lajeng nikung dhateng sisih kiwa supados saged dugi wonten Margi Perintis Kemerdékaan. Lajeng nikung sisih kiwa malih tumuju Margi Jatianom, Umbul Pengging sisihan kaliyan Peken Pengging[5].
Tikèt saha Fasilitas
besutUmbul Pengging dipunbikak saben dinten saking jam 6 énjing ngantos jam 4 sonten. Reginipun tikèt menawi badhe mlebet umbul inggih menika 6.000 rupiyah (sampun kaliyan parkir). Menawi badhe mlebet dhateng blumbang kedah bayar 1.500 ngantos 2.500 rupiyah. Fasilitas ingkang sampun cumawis wonten ing Umbul Pengging inggih menika[5]:
- Papan parking ingkang wiyar
- Pakiwan
- Papan séwa ban
- Gazébo utawi saung
- Wandé dhaharan saha unjukan
- Papan pamancingan
- Papan kangge gantos rasukan
- Langgar
Rujukan
besut- ↑ a b c d e f Jateng, BPCB (2017-11-01). "Umbul Pengging : Peninggalan Masa Lalu Yang Mempesona". Balai Pelestarian Cagar Budaya Jawa Tengah (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-10-16. Dibukak ing 2023-09-20.
- ↑ digsa.id. "Pariwisata Provinsi Jawa Tengah | Destinasi Wisata | UMBUL PENGGING". visitjawatengah.jatengprov.go.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2023-09-20.
- ↑ Ajiyanto, Ragil. "Umbul Pengging Boyolali, Ramai Dipakai Kungkum Ngalap Berkah Pangkat-Sehat". detikjateng (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-20.
- ↑ a b c d Jatengdaily.com (2019-05-05). "Sarat Sejarah, Pengging Bukan Sekadar Venue Padusan". jatengdaily.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-20.
- ↑ a b "Umbul Pengging, Kolam Renang Kerajaan Di Boyolali - NativeIndonesia.com". www.nativeindonesia.com (ing basa Indonesia). 2022-10-05. Dibukak ing 2023-09-20.