Wanita rai babi

Dongèng legéndharis bab wanita rai babi asal mulané iku bebarengan muncul ana ing Walanda, Inggris, lan Prancis ing pungkasaning taun 1630-an. Dongèng mau nyaritakaké bab artawan wadon kang praèné kaya salumrahé manungsa nanging rainé wujud rai babi.

Sawijining cithakan ing taun 1882 nggambaraké Wanita rai babi déning The Illustrated Police News

Ing carita-carita kang kawitan, wanita rai babi iku minangka ladhatan saka ngèlmu sikir. Sawisé dina ningkahané, bojoné wanita rai babi diwenèhi pilihan lan kudu milih, antaraning bojoné wédok katon ayu ning ngarepé dhèwèké nanging katon kaya babi ning ngarepé wong liya, utawa katon wujud babi ing ngarepé dhèwèké lan katon ayu banget ing sangarepé wong liya. Nalika bojo lanang kuwi ngandani si wanita rai babi yèn dhèwèké dhéwé kang kudu nemtokaké, sengsemé rantas lan praupan babiné musna. Carita-carita iki dadi kondhang banget mligi ana ing Inggris, lan sabanjuré ing Irlandia.

Èlemèn magis suwi-suwi musna saka carita mau, lan anané wewujudan wanita rai babi wiwit dipitaya minangka kasunyatan. Dongèng iki wiwit sumebar ing Dublin ing kawitané abad angka 19, kang njalari padha pracaya yèn darmawati abad angka 18, Griselda Steevens, kang urip ijèn iku ora seneng ngétok amarga dhèwèké duwé rai babi. Ing pungkasaning taun 1814 lan kawitané taun 1815, ana slenthingan kang sumebar ing London yèn wanita rai babi iku manggon ing Marylebone. Anané wewujudan wanita rai babi iki dipitaya minangka kasunyatan lan poto-poto kang dinuga potoné wanita rai babi kuwi dibabar. Kanthi kapitayané wong-wong ngenani anané wanita rai babi iki, sawenèh mantri gelaran kang amoral ngadani pamèran "wanita rai babi". Nanging kang ana ing kéné dudu wanita tenanan, nanging bruwang kang dicukur lan didandani nganggo sandhangané wong wadon.

Suwi-suwi kapitayan ngenani anané wanita rai babi tansaya suda, lan karya pungkasan kang tenanan kanggo mbuktèkaké anané wanita rai babi dibabar ing taun 1924. Ing dina iki, legéndha iki wis amèh dilalèkaké karo wong-wong.

Èlemèn setandar

besut

Sanajan dongèng ngenani wanita rai babi iki nduwé carita kang manéka warna, nangis ana wujud carita kang umum dirungu. Sawijining wiryawati kang lagi ngandhut bakal ditekani karo wong ngemis karo anaké, lan wong ngemis iki ditulak, sinambi mbandhingaké anaké wong ngemis iki karo babi. Tukang ngemis iku bakal misuhi wiryawati kang lagi meteng iku yèn bésuk nalika babaran anaké bakal wadon, bagas, lan sampurna apa-apané kajaba rainé kang rai babi.[1]

Anaké bakal dadi gedhé kanthi bagas waras, nanging bakal nduwé sawenèh tebiyat kang mèmpèr babi. Dhèwèké bakal mangan saka tlawah pérak, lan caturané bakal senggrak-senggrok. Minangka anak ontang-anting, bocah kuwi bakal marisi kasugihan wongtuwané, nanging wongtuwané bakal mikiraké apa kang bakal kadadéan marang dhèwèké yèn wongtuwané uwis tinggal donya. Wongtuwané nuli sarujuk yèn bakal nggolèkaké sawijining wong lanang kanggo ningkah karo anaké wédok, utawa bakal migunakaké bandhané kanggo martani omah sakit kanthi sarat yèn omah sakit kuwi bakal ngrumat anaké wédok salawasé uripé. [1]

Sanajan asalé carita kuwi ngrembaka bebarengan ana ing Walanda, Inggris, lan Prancis, legéndha kuwi amung dipitaya ana ing Inggris, lan sabanjuré ing Irlandia.[2] Ing taun 1861 Charles Dickens wènèh katrangan ngenani suwéné carita ngenani wanita rai babi kuwi dipitaya déning wong-wong ing Inggris, dhèwèké ngomong yèn, "Ing saben taun, aku ngira yèn, mesthi uwis tau ana wanita rai babi".[3]

Sudané Legéndha

besut

Histèria ngenani carita bab Wanita rai babi ing taun 1814-15 ing London lan anané hoaks ing Paris minangka kaanan pungkasan kang dilapuraké karo pèrs yèn wewujudan wanita rai babi iku nyata anané.[4] Nalika nganti taun 1860-an, modhé mamèraké "wanita rai babi" ana ing karaméan wis tansaya suda lan ora disenengi manèh,[3] sanajan, wong-wong mau panggah mamèraké bab wanita rai babi iku nganti watara taun 1880-an.[2] Dina iki, legéndha kuwi uwis amèh dilalèkaké.[4]

Cathetan sikil

besut
  1. a b Chambers 1864, kc. 255.
  2. a b Bondeson 2006, kc. 86.
  3. a b Dickens 1861, kc. 333.
  4. a b Bondeson 2006, kc. 89.