Warigaluh

wong sing nyekel iwak lan kéwan liya saka pabanyon, utawa nglumpukaké kécé

Warigaluh utawi indrajala utawi tiyang belahan utawi pamisaya iwak utawi juru misaya utawi juru-amek-iwak (cara Indonésia: nelayan) inggih punika istilah kanggé tiyang ingkang padintenipun misaya ulam utawi sato bangsa kerang wonten ing angga tirta.[1] Ing saindenging donya, wonten udakawis 38 yuta warigaluh dagang lan warigaluh rakyat, sarta wong tani mina.[2] Istilah punika ugi angsal ateges warigaluh wisata. Misaya ulam sampun minangka caraning pados tedhan kawit mangsa Mésolitikum.[3] Wonten ing nagari-nagari tumuwuh, kathah warigaluh ingkang ngginakaken pirantos prasaja nedya misaya ulam. Warigaluh wonten ing nagari-nagari majeng limrahipun ngginakaken pirantos lan baita ageng atèknologi majeng.

The Fisherman (Sang Warigaluh) – déning Charles Napier Hemy, 1888
Pamisaya iwak, saking buku Babad Saka Kitab Sutji

Tegesing tembung-tembung

besut
Cara Jawa Cara Indonésia Cara Inggris
krama ngoko
warigaluh nelayan fisherman
misaya ulam amèk iwak memancing fishing
sato binatang animal
angga tirta badan air body of water
udakawis udakara kira-kira approximately
warigaluh dagang nelayan komersial commercial fisher
warigaluh rakyat nelayan rakyat artisanal fisher
tani mina tani ikan fish farming
warigaluh wisata nelayan rekreasi recreational fisher
tedhan panganan makanan food
nagari tumuwuh nagara tumuwuh nagara tumuwuh developing country
pirantos piranti peralatan equipment
prasaja prasaja simple
nagari majeng nagara maju nagara maju developed country
baita prau perahu boat

Rujukan

besut
  1. 45-3011 Fishers and Related Fishing Workers US Department of Labor
  2. FAO: Fishing people. Retrieved 7 July 2008.
  3. Early humans followed the coast BBC News articles