Wayang Bali
Wayang Bali,ora béda adoh karo wayang Kulit Purwa ing Jawa, nanging wujud tatahan lan sunggingan wayang Bali béda karo wayang liyané. Wayang Kulit Bali isih nganggo mripat cacahé loro, lan tangane luwih cendhek. pagelaran Wayang Kulit Bali ing wayah wengi rinasa sakral. Ing Bali, pertunjukan Wayang Kulit merlokake antara 3 nganti 15 tenaga ing antarané dibutuhake kanggo: dhalang, pangiring lan yèn dibutuhake sepasang pembantu dhalang (tututan)[1]. Kanggo pagelaran wayang para dhalang Bali mbutuhake udakara 125 - 130 lembar wayang kang disimpen ing kothak wayang (kropak)[1]. .
Istilah Kang Ana Ing Wayang Bali
besutfungsi pewayangan Bali
besutSajarah
besutIng Prasasti kang tinemu déning R. Goris,kang ditulis déning Raja Ugrasena, taun 818 Saka-896 Masehi (nalika taun 1998 kasimpen ing Désa Babatin, Kabupatèn Singaraja), unine prasasti iku ya iku: "...pande tembaga, pamukul, pagending, pabujing, papadaha, parbhangsi, partapukan, parbawayang", minangka manéka warna pagawean ing babagan seni, kalebu wong sing klakokake pagelaran wayang utawa dhalang. Saliyané prasasti iku, Prasasti liyané ya iku Prasasti Dawan lan Prasasti Ara-ara Pai.