Wayang Panggungan

Wayang Panggungan yaiku wayang sing ditata lan ditancepake ana ing debog sisih kiwa lan tengene dalang nalika mainake wayang, ing sisih tengen biasane anggone nancepake ning debog sing manggon ana dhuwure tutup kotak wayang, uga tatane wayang iku urut seka sing gedhe nganti cilik semono uga sing sisih kiwa iku kabèh karben imbang antarane kiwa lan tengen. Sing dikosongi amung ana ing tengah biasane ditacepi kayon (gunungan) siji, gunane kanggo nancepake wayang sing metu ana ing lakon. Yenta wayange akeh sok kalamangsane nganti debog ngisor anggone nancepake

Cara natane, wayang iku diurutake miturut wayang sing wis ditentokake karo panggonane, urutane wayang kui mau diarani nyimping, amarga tatanane wayang yen didelok saka kadohan ketok kaya simping, dadi kabèh wayang sing metu ditancepake ing debog cedhak kelir mau sing diarani wayang panggungan. Akeh-akehe yakui wayang katongan, para ratu utawa para satriya karo para putra lan putri, ditancepake supaya bisa gawe endahing kelir, dipapanake ing kiwa lan tengen supaya katon edi peni lan endah yen disawang.[1]

Blencong

besut

Blencong yaiku lampu sing kanggo madhangi kelir wayang. Nalika jaman biyen blencong iki digawé seka tembaga utawa kuningan, diurupake nganggo sumbu sing digathoke karo minyak kelapa, nanging saiki wis ora nganggo minyak kelapa amarga blencong saiki nganggone lampo halogen. Kabeh prabot kasebut gunane kanggo mbentuk jagadan wayang utawa papan panggonan kedadeyan ing pakeliran wayang. Nalika wancine pagelaran wayang isih dipadhangi nganggo blencong, mula ora aneh yen wayang kuilit iku sok diarani tontonan ayang-ayang, lan ayang-ayange wayang kulit kena sorote blencong dadi katon urip, nyenengake lan uga bisa gawe gumun, amarga padhange blencong ora mesthi meneng nanging uga mesthi obah.

Tontonan wayang kulit biasane diadani ing wanci bengi, ning suwasana peteng gliyer, lang sing padhang mung nggon kelir. Bab iki nglambangake jagad padhang, lan mburi kelir peteng gliyer nglambangae jagad peteng (akhirat). Miturut Seno Sastroamidjojo yen blencong iku minangka lambanging cahya sing awet salawase, sing jerone nduweni karep Gusti Kang Maha Tunggal (Sastroamidjojo, 1964 : 72). Miturut Van Akkeren sajroning Seno Sastroamidjojo, yen blencong iku lambanging salah sawijining telung perkaraning urip yaiku, awake, cahyaning urip lan pancaindera (rasa pangrasa), lan miturut Gatholoco , yaiku lambanging manungsa sing sarwa sampurna (insan kamil), lan blencong sing nduweni teges penting amarga blencong iku soroting Ilahi, cahya iki geni.[2]

Kelir

besut

Kelir yaiku kain sing amba tur warnane putih dinggo nalika mentasake wayang kulit. Ning omah Joglo, kelir dipasang ana ing 'pringgitan'. Babagan iki minangka pindahe utawa gentine seka ranah umum, pendapa karo ranah wadi, ndalem utawa nggandok. Amarga saka iku para pamirsa wayang kulit sing kagolong kaluwarga, bisane delok seka jero ndalem, sing kerep dianggep delok mburi kelir. Delok seka mburi kelir iki pancen nyata wewayangane, utawa ayang-ayang. Delok nggon buku 'Aspek Kebudayaan Jawa Dalam Pola Arsitektur Bangunan Domestik dan Publik' (Subanindyo, 2010). Seka kene pengaruhe blencong sing kaya-kaya 'nguripake' wayang bakal ketok. Wong Deleng uga ora keganggu karo suaraning gamelan. Kanggo sing umum, anggone nonton seka ngarep kelir, saengga Deleng uga saliyane obahing wayang iku kaya ta sindhen, niyaga lan sapunanggalane, amarga seka tatah lan sunggingane, sawise simpingane, Emane sing delok seka sisih liya ora isa ngerti pangaruhe bleancong, yaiki nalika wayang kaya-kaya dadi urip, uga malah kadhangan karo gamelan utamane gayor kanggo kempul lan gong.[3]

Kelir dhewe ing jaman saiki wis maneka warna bentuke yen biyen iku bentuke kothak dawa yen saiki ana sing bentuke bunder, segitiga malah ana sing digawé tabung dadi kaine diubengke kaya tabug kae, gawangan kelire uga wis maneka warna corake kaya ta ukirane cakra, sirah wayang, kembang lsp. Uga dawane kelir saiki ya ana sing luwih dawa dadi simpingane isa dumadi seka rong kothak utawa luwih, yen wayang sandhosa kae kelire malah kepara luwih jembar maneh amarag sing utamake yaiku wewayangane lan lampune ora nganggo blencong nanging lampu sorot. Kelir iku sejatine ngemu karep yaiku nglambangake jagad kang gumelar dadi ing pagelaran wayang kulit sok kala mangasane gambarake keraton, alas, samodra, kahyangan lsp, lan garis sing abang utawa ireng iku diarani palemahan, deboge minangka pralabanging bantala utawa bumi.

Rujukan

besut
  1. R., Soetrisno (2010). Wayang sebagai Warisan Budaya Dunia. Surabaya. kc. 57. ISBN 979. 9925.72. X. {{cite book}}: Check |isbn= value: invalid character (pitulung)
  2. "Panggungan Wayang : Blencong, Lampu Penerangan". Informasi Wayang Nusantara (ing basa Indonesia). 2018-05-22. Dibukak ing 2019-05-20.[pranala mati permanèn]
  3. Ifanad (Jumat, 30 Maret 2012). "Kelengkapan dalam Pagelaran Wayang Kulit". Kelengkapan dalam Pagelaran Wayang Kulit. Dibukak ing 2019-05-20. {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung)