Wit tal iku wujude kaya wit klapa, godhonge rada kandel tur dawa lan amba. Godhong iku isa dinggo piranti kanggo nulis prasasti-prasasti nalika jaman semana, uga bisa dinggo nyorek utawa nggambar. Godhong iki kalebu pawet. Yaiku gunane godhong tal ning jaman semana saurunge ana kertas.

Wayang Ron Tal iku, wayang sing digawé seka gadhong tal, dicorek nganggo tatah utawa kalam aren sing pucuke digawé lancip. Pola corekan utawa gambar njupuk seka relief candi Panataran, dipindah mbaka siji dipadhakna nganggo gambar-gambar sing dibutuhake. Nanging sawise dadi gambare ora ditatah kaya wayang kulit saiki. Uga ora dicet, amunf awujud gambar sing disimpen ana ing kandhaga utawa gendhaga (kothak ukir) dadi panggonan kanggo nyimpen. Yenta dijupuk lan ditokake mbaka siji banjur diceritakake manut lakone, tanpa kelir, gedebog, keprak lan blencong, mung lungguh ngadhep ing narep kothak karo ndelok gambare sing metu seka kothak, ceritane njupuk cerita dongengane babad nanging tanpa suluk. Yen wis kesel banjur bubar. Anane wayang Ron Tal nalika jaman Prabu Jayabaya ing negara Mamenang ing surya kaping 861.

Wayang Ron Tal amung tekan jamane Prabu Suryahamiluhur ing negara Jenggala. Sawise pindhah kraton ing Pajajaran banjur ana wayang beber, nalika tahun 1166 wujuding wayang padha kaya manungsa, amung tekan jaman Majapahit sing pungkasan. Sawise tekan jaman Demak wujud wayang iku diowahi dadi gambar miring, irung, awak lan tangane digawé dawa, Wayang Ron Tal saiki wis ora ana

Rujukan

besut

[1]

  1. R., Soetrisno (2010). Wayang sebagai Warisan Budaya Dunia. k. 63. ISBN 979. 9925.72. X. {{cite book}}: Check |isbn= value: invalid character (pitulung)