Wikipédia:Sumber pinercaya

Artikel-artikel Wikipedia kudu migunakaké sumber pinercaya sing dipublikasi. Kaca iki mènèhi paugeran cara ngidhèntifikasi sumber-sumber kasebut. Kaca kawicaksanan sing ngrembug perluné migunakaké sumber yakuwi Wikipedia:Dudu riset asli lan Wikipedia:Pamesthèn.

Yèn Panjenengan bisa mènèhi informasi sing migunani kanggo Wikipedia, mangga dilaksanakaké, nanging muga digatèkaké yèn tanggung jawab kanggo nemokaké sumber rujukan ana ing wong sing nambahaké bahan jroning sawiji artikel. Sumber kudu diwènèhi sabisa-bisané; suntingan tanpa rujukan utawa rujukané agawé tidha-tidha bisa dadi pitakonan lan dibuwang sawayah-wayah. Kadhangkala luwih apik ora nduwèni informasi babar pisan tikimbang nduwèni informasi tanpa rujukan. [1]

Sawetara dhéfinisi

  • Sumber primèr yakuwi dhokumèn utawa wong sing mènèhi kasaksèn langsung marang sawijiking kahanan utawa prastawa; utawa, sawijiking sumber sing cedhak banget karo kedadéyan sing Panjenengan tulis. Istilah iki paling kerep ngarujuk marang sawijining dhokumèn sing diasilaké déning partisipan ing sawijining prastawa utawa pengamat saka prastawa kasebut. Sumber iki bisa arupa laporan resmi, layang, cathetan saksi, otobiografi, utawa statistik sing dikompilasi déning pihak sing kawogan. Bahan sumber primèr manawa mbutuhaké sawijining pelatihan supaya bisa dianggo kanthi permana, utamané ing topik-topik sajarah. Artikel Wikipedia bisa migunakaké sumber primèr mung yèn sumber-sumber iki wis dipublikasi déning penerbit pinercaya, umpamané traskrip pengadilan sing dipublikasi déning stenografer pengadilan, lan mung bisa dipigunakaké sauger kanggo pratélan deskriptif. Pirsani Wikipedia:Dudu riset asli lan Wikipedia:Pamesthèn.
  • Sumber sekundhèr nyimpulaké siji utawa luwih sumber pisanan utawa kaloro. Sacara umum, artikel-artikel Wikipedia kudu adhedhasar sumber sekundhèr pinercaya.
  • Sumber tèrsièr biasané nyimpulaké sumber sekundhèr. Ensiklopedia, kalebu Wikipedia, yakuwi sumber tèrsièr. Artikel-artikel Wikipedia ora olèh ngutip artikel Wikipedia liya minangka sumber, amarga Wikipedia iku sawijining wiki sing bisa disunting déning sapa waé lan amarga saka kuwi durung bisa dipercaya. Senadyan mangkono, Wikipedia bisa dipigunakaké minangka sumber primèr ngenani Wikipedia, sarujuk karo watesan ing dhuwur. Publikasi kayadéné Encyclopædia Britannica, World Book, lan Encarta dianggep minangka sumber pinercaya.

Tingkat kapinercayan sumber

Adhedhasar sifat publikasi sing diduwèni déning sumber sing dibabar, kapinercayan sawijining sumber kanggo didadèkaké rujukan artikel bisa diklasifikasi kayta mangkéné:

  1. Dhaptar referensi sing bisa dipercaya
    1. Jurnal ilmiah sing wis dipublikasi
    2. Karya Tugas Akhir; Skripsi, Disertasi, Thesis sing wis diuji déning ahli
    3. Karangan ilmiah sing wis diuji déning ahli
    4. Buku sing dibabar déning penerbit pinercaya lan disunting déning editor
    5. Buku sing dibabar déning penerbit sing kurang pinercaya tetapi wis disunting editor
    6. Tulisan biasa kanthi referensi jelas
    7. Majalah Ilmu pengetahuan/Sains
    8. Tabloid Ilmu pengetahuan/Sains
    9. Artikel sing ditulis di internet dengan referensi jelas saka sumber non internet
  2. Dhaptar referensi sing ora disarankan kanggo dipigunakaké
    1. Buku sing dibabar déning penerbit sing kurang pinercaya lan ora disunting editor
    2. Artikel sing ditulis ing internet kanthi referensi jelas saka sumber internet
    3. Artikel sing ditulis lan dicetak dengan referensi saka internet
  3. Dhaptar referensi sing apiké ora dipigunakaké
    1. Koran (Bagéan bahasan ngenani biografi lan cathetan prastawa)
    2. Majalah
    3. Sampul kasèt
  4. Dhaptar referensi sing perlu diéndhani
    1. Majalah sing membahas isu populèr
    2. Koran (Bagéan saliyané bahasan biografi lan cathetan prastawa)
    3. Koran Kriminal
    4. Tabloid Gossip
    5. Artikel liya di wikipedia
    6. Artikel liya saka ensiklopedia bebas dengan sistem mirip wikipedia (bebas disunting siapa saja)

Teliti kanthi ati-ati klebu kategori endi sumber sing bakal panjenengan anggo. Yèn bener orané lan motif sumber kasebut diragukan kanetralané, luwih apik ditinggal. Artikel sing kurang informasi luwih apik tinimbang artikel sing bot-sih.

Njaluk sumber

Isih kagolong pantes kanggo nyuwun marang penyunting liya supaya mènèhi sumber-sumberé. Beban kanggo mènèhi bukti ana ing pundhaké penyunting sing nglebokaké suntingan sing dadi pitakonan, lan kabèh bahan tanpa sumber bisa dibuwang déning penyunting liya. Senadyan mangkono, sawetara naraguna bisa takon yèn Panjenengan mbuwang sawijining bahan tanpa mènèhi kasempetan wong liya kanggo golèk sumberé, utamané yèn sawijining bahan ora terang-terangan salah, mustahil, utawa mbebayani. Tinimbang mbusak langsung bahan-bahan kaya mangkono mau, penyunting diprayogakaké supaya mindhahaké menyang kaca dhiskusi, utawa ndèlèh cithakan {{fact}} sawisé tembung utawa ukara sing dipermasalahaké, utawa mènèhi {{butuh verifikasi}} lan {{tanpa referensi}} ing bagéan dhuwur kaca. Pirsani Wikipedia:Pamesthèn lan Wikipedia:Dudu riset asli, sing dadi kawicaksanan, sarta en:Wikipedia:Avoid weasel words.

Aja mbusak pratélan sing panjenengan pikir bener lan arupa kawruh umum, mung amarga ora disertani sumber. Umpamané, mbusak ukara "orbit èlips bumi" mung amarga penulis ora mènèhi sumber sing ndhukung pratélan yèn orbit planet kuwi awangun èlips.

Biografi tokoh sing isih urip

Deleng uga: Wikipedia:Biografi tokoh sing isih urip lan Wikipedia:Fitnah

Bahan-bahan sing dadi pitakonan lan tanpa utawa kurang disertani rujukan, senadyan negatif utawa positif, jroning artikel ngenani tokoh sing isih urip kudu cepet dibusak lan ora perlu dipindhahaké menyang kaca dhiskusi. Semono uga tumrap bagéan-bagéan jroning artikel jenis liya sing magepokan karo tokoh sing isih urip. Bakal ana wong sing bisa tatu atiné amarga tembung-tembung Panjenengan. Kita dudu jurnalis tabloid, kita iki ensiklopedia. [2]

Deleng uga

Rujukan

  1. Jimmy Wales, "Insist on sources", WikiEN-l, 19 Juli 2006.
  2. Jimmy Wales mratélakaké "Zero information is preferred to misleading or false information" [1] [2] [3] [4]

Pranala jaba