Wikipédia:Aturan sing diringkes

Wikipédia iku bauwarna (ènsiklopèdhi) bébas sing diyasa déning polentèr utawa sukarilawan. Isiné ya iku artikel sing ditulis miturut gagrag tulisan mirunggan. Wikipédia iku prosès sing tansah lumaku tanpa ana pentogé. Manawa panjenengan nulis bab sing becik, tulisané panjenengan bisa awèt mataun-taun lawasé ing kéné lan diwaca saka manéka papan sadonya. Bisa uga tulisané panjenengan didandani utawa dimekaraké wong liya. Sing nyenengaké lan njalari péngin nulis terus ing kéné ya iku olèhé awak dhéwé bisa ngawasi apa-apa sing wis tau awak dhéwé sumbangaké lan nyeksèni owah-gingsiré tulisan-tulisan riptané dhéwé salakuné wektu.

Paguyuban Wikipédia uga tansah ngalami owah-gingsir. Salakuné wektu, pranatan lan adat-sabené kéné tansah ngrembaka. Owah-gingsiré iku minangka kaca-benggalané pangalamané éwonan para pambesut (édhitor) ing kéné sing tansah nyinau lan ndandani supaya artikel sing ana ing kéné isiné miterangi, sumberé mitayani, lan panemuné ora abot-sisih. Samono uga, awak dhéwé tansah nyinau lan ndandani carané tembayatan karo liyan sarta carané ngleremaké prakara sing thukul. Sanadyan ana manéka werna aturan lan arahan sing nerangaké mèh samubarang kahanan, ana sawenèh sing kapétung wigati banget. Manawa panjenengan nyinaoni pranatan lan adat-sabené awak dhéwé ing kéné, panjenengan pesthi bakal diajèni.

Sinauné panjenengan beciké diwiwiti saka mangertèni carané Wikipédia milih sumber. Wikipédia iku ora duwé panemu ngenani endi sing "bener", aliyas nétral. Mulané, para pambesut kudu nemtokaké sumber-sumber sing becik ngenani sawijining rembug (topik) lan pratélan (informasi). Manawa ana béda panemu, prabédan iku lumrah lan kudu ditandhangi kalawan obyèktif tur ora kena emban cindhé emban siladan. Carané, tulisan sing dimot ing artikel kudu manut karo sing kaprèjèng ana ing sumber asliné sing kudu miyatani (reliable). Sumber sing miyatani iku sumber sing kondhang amarga patitis (akurat). Sumber sing becik iku sing ndhasari kuwaté adegé bauwarna iki, mula saben uwong kudu bisa mriksa temenan sumber iku saperlu mesthèkaké yèn sumberé iku pancèn nyengkuyung sawijining tulisan sing disumbangaké. Carané supaya sumberé dingertèni wong liya ya iku kanthi nyitir (ngutip) asalé pratélan. Awit ndadèkaké sumber sing miyatani minangka punjeré pakaryané awak dhéwé iki, panemu asliné para pambesut ora mungguh ing kéné.

Aja kekuwatiren manawa panjenengan ora dhong apa-apa nalika miwiti. Aja isin-isin takon manawa ana pitakon. Salakuné wektu, panjenengan bakal sinau dadi sukarilawan Wikipédia sing hébat!

Paugeran inti besut

Sanadyan miturut ancangan (téyori) samubarang bisa owah, paguyuban iki tekan sapréné madeg lumantar paugeran sing ajeg. Wis akèh panyipta lan gagasan sing kacurahaké kanggo manggalih paugeran ngisor iki, saéngga bokmanawa ora bakal owah ing tembé mburi. Paugeran iki ora ana masalah tekan sapréné. Mangga, beciké padha tepangan karo paugerané awak dhéwé, sadurungé sésuk mbèn sapa ngerti penjenengan péngin ngréformasi iki.

  1. Pancapilar: Adegé paguyuban Wikipédia iku adhedhasar 5 gagasan prasaja: (1) Wikipédia iku bauwarna jeron-jaringan (online); (2) panemuné nétral ora botsih (abot-sisih); (3) isiné bisa didandani lan dinggo sapa waé kalawan gratis; (4) kabèh Wikipédiawan olèhé sesrawungan kudu ngajèni liyané; lan (5) aturan ing Wikipédia ora nggekeng.
  2. Paugeran yasa: Yeyasan Wikimédia minangka organisasi sajagat sing ngawasi Wikipédia lan proyèk-proyèk sabarakané iku diyasa saka gagasan-gagasan mangkéné: nétralitas iku kudu; sapa waé kena ndandani (sapérangan gedhé) artikel tanpa perlu ndhaftar; awak dhéwé ngrampungaké perkara sarana rembugan sing ingaran "prosès ngewiki"; awak dhéwé kapéngin makarya kanthi swasana sing ramah tur nyengkuyung tembayatan; kontèné awak dhéwé duwé lisènsi bébas; lan manawa ana prakara sing njlimet supaya diurus sing wenang waé. Ana ing Wikipédia Inggris, Arbitration Committee (ArbCom) duwé wewenang nggawé putusan. Ing Wikipédia Jawa, paheman mangkono durung ana, nanging perkara sing njlimet bisa dirembug bareng karo administrator.
  3. Hak cipta: Wikipédia nganggo palilah sumber-binuka lumantar lisènsi Atribusi-DumSaèmper duwèké Creative Commons lan Lisènsi Dhokumèntasi Bébas GNU. Kontèn ana ing Wikipédia bisa dianggo lan dianggo manèh kalawan bébas, anggeré mènèhi atribusi; cara iku kepara bisa dimekaraké lan dianggo golèk bathi, anggeré wong sing nganggo sabanjuré uga bisa tumindak padha. Samubarang sing disumbangaké ing kéné kudu minangkani lisènsi-lisènsi Wikipédia lan ora kena nerak hak ciptané péhak liyané, kajaba ana kahanan sing mirunggan banget.
  4. Ora kudu manut aturan: Aturan ing Wikipédia iku ora gumathok kaya cagak. Manut-aturan luwih wigati tinimbang aturan iku dhéwé. Nanging sing pokok, mbangun bauwarna iki luwih wigati tinimbang rong perkara mau. Iki tegesé aturan apa waé kena diterak mungguhing maksud sing becik, sing tundhoné bisa ngrembakakaké bauwarna iki. Mangkonoa, ora ateges kabèh banjur sapénaké dhéwé diterak kanthi nggawa-gawa alasan yèn ora kudu manut aturan. Élinga yèn kanggo mungkasi perkara bisa kanthi rembugan, beciké mangga padha rembugan.

Nggawé lan mbesut artikel besut

  1. Panemu nétral: Tulisa artikel kanthi nétral ing panemu. Wènèha informasi kaya déné sing diterangaké ana ing sumber-sumber sing miyatani. Kabèh artikel kudu satimbang ngandhakaké manéka werna panemu ngenani sawijining subyèk. Sawenèh panemu bokmanawa bakal luwih digatèkaké tinimbang liyané. Iki gumantung kawigatèné sumber-sumberé sing miyatani. Wikipédia dhéwé ora duwé "panemu", nanging mung ngringkes kalawan patitis samubarang sing kapacak ana ing sumber-sumber sing miyatani.
  2. Bisa dipesthèkaké: Artikel kudu ngemu matèri sing kapacak ing sumber-sumber sing miyatani. Sumber-sumber sing miyatani ya iku sumber-sumber duwé réputasi becik ngenani pamriksa-kasunyatan (fact-checking) lan kapatitisané (akurasiné), kaya ta ariwarta (koran), jurnal akadhemis, lan buku. Manawa ana sawijining katerangan sing satemené bener, awak dhéwé panggah kudu mesthèkaké dhisik yèn katerangan iku wis kapacak ing sumber-sumber sing miyatani sadurungé nglebokaké sajeroning artikel. Pambesut wajib nyitir sumber-sumber sing miyatani mungguhing matèri-matèri sing dadi padudon utawa kontrovèrsial. Yèn ora, sing mangkono bakal dibusak déning pambesut liyané. Nyartakaké sumber-sumber sing miyatani iku kawajibané sesapaa sing arep nglebokaké matèri.
  3. Ora kena risèt asli: Artikel ora kena macak panemu, gagasan, data, utawa ancangan, kepara analisis lan sintèsis sing durung dibabar. Gampangané, panjenengan ora kena nulis panemu sing durung ana ing sumber-sumber sing miyatani. Panjenengan bisa nulis samubarang sing wis kapacak ana ing sumber-sumber mau.
  4. Panjenengan kudu kendhel ndandani kaca! Bacutaké, iki wiki! Wikipédia ora ambyar jalaran ana salah-tulis. Sing mangkono bisa dipulihaké. Ajaka wong liya, kalebu sing sabrangan panemu karo panjenengan, supaya kendhel! Manawa panjenengan mrangguli wong sing béda panemu, ajaka rembugan ing kaca parembugan. Beciké mangkono.

Sesrawungan karo pambesut liyané besut

  1. Panggah sopana marang pambesut liyané. Manawa panjenengan ana béda panemu utawa tanggapan ngenani kontèn lan besutan tinamtu, aja nganti panjenengan ngèlèk-èlèki pawongané pambesut liyané.
  2. Panggah mikira becik: Sabisané panjenengan kudu nganggep wong liya sing diajaki rembugan uga menggalih tur nganggo nalaré, mbokmenawa lagi njajal urun ing Wikipédia kalawan becik. Sanadyan ta panjenengan yakin wongé iku [isènana tembung panacad sakersané panjenengan], panjenengan panggah kudu mikir becik tumrap wongé masiya kanthi éthok-éthok. Sangang puluh persèn kalané panjenengan bakal mrangguli yèn sajaké wong-wong pancèn tumindak adhedhasar pikiran becik (lan sepuluh persèn liyané tumindak adhedhasar pikiran ala nanging ora njalari rampungé perkara). Tuduhana welas asih. Binukaa tumrap samurabang sing panjenengan tampa, nanging teguha marang samubarang sing panjenengan lakoni. Panjenengan njajala nampa dhisik kabisané liyan sakenané, sambi ngupaya tumindak sopan lan blaka sabisané.
  3. Rembuga owahan sing bisa njalari padu ing kaca parembugan: Ajèn-ingajèni iku paugeran ngenani tumindak sing kudu diiloni ing Wikipédia. Weruha pendhak wong manawa sumbangané bakal diowahi wong liya, owahan bakal luwih gampang ditampa manawa panjenengan ngerti alesané diowah. Ngrembug owahan ana ing kaca parembugané artikel sadurungé temenan ngowahi bisa mbiyantu antuké mufakat luwih gelis, mliginé tumrap subyèk-subyèk sing kontrovèrsi. Kabèh wong ing donya duwé parigawé (kesibukan) dhéwé-dhéwé, mula selakaké saperlu nerangaké owahané panjenengan marang pambesut liyané, lan ajaka dhèwèké uga supaya tumindak padha.
  4. Wurungana besutané wong liya kawalan nastiti: Murungaké karyané wong liya iku bisa gedhé prabawané, mula ana aturan wurungaké ping telu sing ngatur yèn pambesut ora kena murungaké konten sing padha nganti ping telu sajeroné pat likur jam (bisa kurang). Panjenengan beciké aja murungaké owahan yèn cetha wela-wela dudu vandhalisme. Bilih panjenengan ora tahan tumrap sawijiné owahan, wurungana pisan, wuwuhana ringkesan kaya déné "Aku ora sarujuk, alesanku ana ing kaca Parembugan", lan gagé wuwuhana pranala nyang kaca parembugané kanggo rembugan. Manawa ana wong sing murungaké besutané panjenengan, aja mèlu-mèlu murungaké yèn tanpa rembugan dhisik.
  5. Yèn artikelé panjenengan dibusak, jajal pangertèna dhisik: Akèh topik sing ora mathuk pathokané awak dhéwé. Sawenèh artikel kanthi panyipta sing ala bola-bali muncul lan uga bola-bali dibusak lumantar kaca artikel supaya dibusak, usulan pambusak, lan busak rikat. Pambesut anyar bokmanawa digampangaké amarga anané pambiyantu ngripta artikel. Panyumbang kerep ora nétral utawa kurang apik sumberé. Racaké, nggolèki sumber sing apik tur miyatani banjur ngringkes iku kanthi nétral dadi cara sing trep dhéwé supaya ora artikelé dibusak.
  6. Ngrampungaké béda panemu: Béda panému iku lumrah, lan ora kena digawé padudon. Pangertèna marang pamenggalihé wong liya ngenani sawijing rembug lan jajala ngrembug iku. Manawa panjenengan isih tetep ora sarujuk, jaluka pamrayoga saka pambesut liyané, utawa lumantar panemu katelu, panengah, utawa panjaluk binuka nyuwun tanggapan.

Tembayatan kanthi èfisièn besut

  1. Wènèhana ringkesan besutan sing cetha supaya liyané weruh panemuné panjenengan—lan bokmanawa panjenengan butuh pangéling-éling kanggo mawulan-wulan ing tembé mburi. Tulisana apa sing panjenengan owahi lan généya diowahi. Manawa wedharané kedawan, tulisana ing kaca Parembugan.
  2. Tapak asmani kirimané panjenengan ing kaca parembugané (nganggo ~~~~, sing bakal salin dadi jeneng naragunané panjenengan sinartan cap-wektu nalika panjenengan mencèt "simpen kaca"). Nanging aja napakasmani ing njero artikelé.
  3. Pratuduhana owahané panjenengan sarana tombol pratuduh sadurungé nyimpen. Nalika mbesut disambi ndandani sing salah ing besutan sadurungé bisa njalari kaconé sujarah kaca, sing tundhoné ngangèli liyané ngertèni apa waé sing panjenengan owahi.
  4. Anggonana blabag wara-wara kanggo nyuwun pamrayoga: Sawenèh perkara ana blabag wara-warané supaya bisa kanggo rembugan para pambesut. Manawa panjenengan ora yakin arep ngapa, utawa ana padu karo pambesut liyané, anggonana blabag iku. WP:NPOVN kanggo ngrembug nétral-orané perkara, WP:RSN kanggo ngrembug sumber sing miyatani, WP:ANI kanggo ngrembug bab mirunggan sing butuh pamrayogané administrator; liyan;e ana ing kaca blabag wara-wara uga ing ngisor kaca iki.
  5. Mèlua paguyuban: Panggah ngertèni apa-apa sing dadi rembug ing paguyuban. Gapura Paguyuban iku becik kanggo miwiti. Ing kono panjenengan bisa weruh rembugané paguyuban sing lagi lumaku, kalawarta minggon Wikipédia, lan manéka ayahan sing butuh ditandhangi. Uga ana milis sing ngrembug samubarang ngenani proyèk lan pakumpulan, sarta obrolan gilir internèt ngenani manéka bab. WikiProyèk iku papan kumpulé para pambesut sing nggarap babagan mirunggan bauwarna iki; papan-papan iku uga becik kanggo nyuwun pamrayoga. Gagasan anyar asring dikabaraké ing Angkringan, lan bab-bab sing lagi dadi rembug gedhé ana ing kaca parembugané Jimbo.
  6. Nyuwuna pitulung: Panjenengan pesthiné dudu wong pisanan sing duwé pitakon, gagasan, lan masalah tinamtu. Panjenengan bisa nyuwun pitulung sawayah-wayah kanthi masang {{nyuwun tulung}} ing sembarang kaca parembugan sinartan alesané panjenengan. Papan sing becik kanggo nyuwun tulung ya iku kaca pitulung naraguna anyar, Méja Pitulung, lan pitulung langsung. Uga, Pitakon lan pitakon kerep ngenani babagan lan pitakonan umum dhéwé.