Wikipedia:Warung Kopi/Arsip 2008-I

< Wikipedia:Warung Kopi

Opsis utawa kuncèn anyarBesut

Mangga para sutresna, nyoblos para calon opsis anyar: TracySurya lan Pras. Meursault2004ngobrol 06:03, 12 Januari 2008 (UTC)

wis melu nyoblos! ang 05:43, 14 Januari 2008 (UTC)

Suwun-suwun! Meursault2004ngobrol 17:30, 14 Januari 2008 (UTC)

Panrapan foném /dh/Besut

Aku naté ngobrol-ngobrol karo déwan rédaksi kalawarti Damar Jati lan jaré yèn nulis tembung-tembung silihan, "d" iku ora usah tinulis "dh". Wah iki béda karo sing tak-sinaoni nalika isih SD mbiyèn. Nèk ora luput kalawarti Mekar Sari uga nganggo pasang aksara "dh" ya, contoné ing tembung silihan kaya ta "dhokter" (saka basa Eropah), "pendhidhikan" (basa Indonesia), "judhul" (basa Arab) lan sabanjuré. Meursault2004ngobrol 17:56, 4 Februari 2008 (UTC)

Kula nggih naté maos ing kaca ngajeng kamus terbitan Ngayojakarta (nanging kamusipun punika mboten patiya jangkep), tembung-tembung serapan dipunserat punapa wontenipun kémawon. Sakjané ingkang baken punika ingkang pundi nggih? Punapa wonten angger-anggeripun ingkang cetha? Punapa wonten bentenipun cara anggenipun nyerat kaliyan cara anggenipun maos? Kadosta nyerat "boten" dipunwaos "mboten", "punika" dipunwaos "menika". Kala wingi kula mbikak buku Kidung Adi (Madah Bakti versi Jawa), "mboten" punika seratanipun "boten". Dados kados pundi? Tracygunemanku08:43, 12 Februari 2008 (UTC)

Sayektinipun ingkang baken punika boten. Cara panyeratan "mboten" punika kénging pengaruh basa sadinten-dinten. Nanging kula langkung remen nyerat "mboten" déning pengaruhipun basa Jawi Kina. Conto sanèsipun nami-nami papan ing pulo Jawi kerep dipun-nasalisasi menawi foném awal punika mawi swara kados ta "Blora" dipun-mungel "mBlora", "Bangil" dados "mBangil", "Demak" dados "nDemak", lsl.

Menawi kula tetep nyerat "punika" senadyan dipun-mungelaken menika, awit puniki basa seratan :-)

Sayektinipun wonten buku paugeran saking Pusat Bahasa Yogya. Sayangipun bausastra Pusat Bahasa mboten pepak. Ingkang langkung pepak punika bausastra Pigeaud – Poerwadarminta tahun 1939. Bausastra puniki ugi saged dipun-dadosaken paugeran amergi nalika iku Indonesia dèrèng mardika lan dados pengaruhipun dèrèng kathah. Kula sayektinipun péngin ngamot bausastra punika ing Wiktionary utawi Wikisource nanging bausastra punika taksih kareksa hak cipta senadyan terbit mèh 70 taun kapengker. Poerwadarminta séda ing taun 1964 lan Pigeaud ing taun 1988. Dados paling cepet bébas hak cipta ing taun 2014. Dados taksih 5 taunan malih. Meursault2004ngobrol 17:02, 12 Februari 2008 (UTC)

Belum ada Babel??Besut

Halo para pengguna Wiki-jv pertama tama saya ingin menyampaikan Maaf saya belum bisa berbahasa Jawa jadi Bahasa Indonesia saja. Apakah di Wikipedia-jv ini ada Wikipedia:babel?? 125.160.123.69 10:53, 13 Februari 2008 (UTC) (Fjr ab gak bisa login)

Coba cek di sini Pras 11:22, 13 Februari 2008 (UTC)

Airport ing basa JawaBesut

Airport ing basa Jawa iku beciké diarani apa? Aku kerep maca ing kalawarti contoné Damar Jati tembung "Bandara" saka basa Indonesia, nanging kok rumangsaku kurang sreg, amerga tembung iki ing basa Jawa uga nduwé teges liya yaiku tuwan. Dadi kepriyé ya énaké? Meursault2004ngobrol 13:09, 22 Februari 2008 (UTC)

Mèlu urun rembug mas,
  • alternatip siji: manawa bisa nganggo tembung "plabuhan udhara", dicekak dadi "pelud" (nanging durung pati umum).
  • Alternatip liyané, "Bandara" (basa Indonesia), kuwi rak cekakan saka bandar udara, yèn di jawakaké dadi "bandar udhara", banjur dicekak "bandhara" (ngaggo aksara h), dadi rada béda karo bandara utawa bendara kang tegesé "tuwan". Kaluwihané, istilah iki cekak aos tur wis rada dimangertèni pangertèn ing basa Indonesiané. Prasdhiskusi
Matur nuwun. Aku saiki nganggo ukara "palabuhan udara" (tanpa dh), nanging kok tak-kira kedawan. Mbokmenawa "Bandhara" (mawan "dh") iku apik, lan pancèn wis dimangertèni wong akèh. Meursault2004ngobrol 14:21, 22 Februari 2008 (UTC)

Kulo nderek usul menawi kanthi othak-athik utawi kanthi Jarwo Dosok meniko : "Alun-alun Montor Mabur" (AMBUR), Lapangan Mabur (LABUR) Katulis déning 125.162.132.48 ing 25 Februari 2008, 19:12

Matur nuwun mas/mbak, nanging puniki ngarang piyambak napa wonten rujukan? Meursault2004ngobrol 11:34, 26 Februari 2008 (UTC)

Nuwun sewu, rembagan punika dados pripun? Bandhara? Bandhar Udhara? Palabuhan Udara? utawi sanesipun.. Amargi dalem bade miwiti nyerat artikel punika. Sabudis wicara 03:58, 2 Desember 2009 (UTC)

SAKUKUBAN NGAYOGYAKARTABesut

Durung suwe iki pangripta duwe gagasan mungguh tlatah sakukuban Ngayogyakarta bakal ngalami owah-owahan. Ora tembung ngayawara utawa golek perkara sing ora nyata. Lire mangkene, kawiwitan seka tahun 1974 tekan 1976 pangripta duwe kesenengan kang rada aneh yaiku seneng dolan. Tujuan dolan mligi ana tlatah pesisiran kidul antarane sowangan kali Opak tekane kali Praga. Naliko semana pangripta nganggo ancer-ancer ana sowangan kali Opak, elingku rikala semana sowangan kali Opak iku persise cedhak karo papan pasujarahan Glinggang persise kidule. Saiki papan kanggo wisata mina utawa dadi papan nelayan iwak laut, lan uga dadi papan bujana ing pinggir laut kang kuwentar jenenge Depok, Parangtritis, Kretek, Bantul. Kenangapa papan iki pangripta nyebutake ancer-ancer. Merga menawa padha digatekake saikine sowangan kali Opak papane pindhah rada mangulon malah nganti meh mlebu laladan Samas, Sanden, Bantul kang tegese mundhake saya mangulon kanti wektu kang cepet banget udakara 32 tahun. Kamangka sowangan kali Praga dhewe uga rada owah lakune arah mengetan ancer-ancere saka tlatah papan wisata Trisik, Kulonpraga. Nanging sowangan kali Praga mono ora pati nyolok banget anggone pindhah arah mengetan. Ing kalodhangan becik iki pangripta kepengin ngajak para maos mligine WIKIwan lan WIKIwati, kepriye mungguh panemu panjenengan kabeh sesambungan karo seratan ing dhuwur. Cethane pangripta ngejak para maos kabeh duwe rasa kawigaten babagan owah-owahan kang disebabake dening alam. Apa kedadeyan kaya mangkono iku kalebu merga pegawaian manungsa dhewe utawa pancen tandha-tandha alam. Luwih terwaca maneh pangripta aturake aja-aja sasuwene sowangan kali Opak lan kali Praga padha dene owah sabanjure bakal ketemu dadi siji utawa GATHUK dadi siji terus apa kang bakal kedadeyan ana ing tlatah Ngayogyakarta sakukuban. Gambarane mangkene punjerane kali loro mau sumber tuk padha seka gunung Merapi banjur ketemu gathuk dadi siji sowangan ana segara kidul. Lha gambarane kaya ngene iki kang pangripta dadi osiking pikir. Menawa kedadeyan lumpur Sidoarjo cetha seka pegaweyane manungsa kang kurang ati-ati. Nanging kedadeyan ing tlatah Ngayogyakarta mengkone muga-muga ora bakal kedadeyan apa-apa, aja nganti merga salah sithik merga tangane manungsa alame dadi rusak. Pangripta nyuwun wiwit saiki ayo diugi amrih padha tansah amemayu hayuning bawana khususe ing tlatah Ngayogyakarta. NUWUN. Pindhahan saka Dhiskusi:16 déning Pukas hermanto ing 08:10, 18 Maret 2008 --203.190.112.10 08:15, 27 Maret 2008 (UTC)