Tuduhaké menu pokok

Wiyosan Gusti Yesus Miturut Lukas:

Nalika semana Kaisar Agustus paring dhawuh, supaya para kawulaning Krajan Rum kabèh padha nyathetaké jenengé, lan diétung cacahé. Cacah jiwa sing kapisan iku ditindakaké nalika Kirénius dadi gubernur ing tanah Siria. Wong kabèh banjur padha mangkat ndhaftaraké jenengé ing kutha asalé dhéwé-dhéwé. Yusuf iya nuli mangkat saka kutha Nasarèt ing tanah Galiléa, menyang kutha Bètléhèm, ing tanah Yudéa. Bètléhèm iku kutha kelairané Sang Prabu Dawud.

Mangka Yusuf iku tedhak-turuné Sang Prabu Dawud. Lungané Yusuf mau bebarengan karo Dèwi Maria, pacangané, sing lagi ngandheg. Nalika wong loro mau tekan ing kutha Bètléhèm, Dèwi Maria enggoné ngandheg wis tekan wektuné babaran. Dèwi Maria nuli mbabar putra kakung, putra pembarep. Putra mau nuli digedhong, banjur disèlèhaké ana ing wadhah pakan kéwan, jalaran Yusuf lan Dèwi Maria padha ora olèh panggonan ana ing omah penginepan. Ing laladan kono wengi iku ana pangon-pangon sing lagi padha nginep ana ing ara-ara, njaga wedhusé. Dumadakan ana Malaékating Pangéran jumeneng ana ing sacedhaké, lan cahya kamulyaning Pangéran madhangi wong-wong mau, nganti padha wedi banget. Nanging malaékat mau ngandika: "Aja wedi, sebab tekaku iki nggawa kabar becik kanggo kowé, lan sing bakal mbungahaké wong kabèh. Ing dina iki wis miyos Juru Slametmu ana ing kuthané Sang Prabu Dawud, ya iku Sang Kristus kang jumeneng Gusti. Déné tengerané mengkéné: Kowé bakal weruh bayi sing digedhong, sumèlèh ana ing wadhah pakaning kéwan."

Dumadakan mbarengi malaékat mau ana malaékat akèh banget, padha memuji marang Allah, tembungé: "Pinujia Allah kang ana ing ngaluhur! Lan tentrem rahayu ana ing bumi tumrap wong sing dikasihi déning Allah!" Sakonduré para malaékat mau menyang swarga, para pangon nuli padha rerasanan: "Ayo padha mangkat menyang kutha Bètléhèm lan ndeleng apa sing wis kelakon ana ing kana, kaya sing dingandikakaké déning Allah marang kita." Para pangon mau nuli énggal-énggal padha mangkat, lan ketemu Dèwi Maria lan Yusuf, sarta Sang Bayi, sing sumèlèh ana ing wadhah pakan kéwan. Bareng weruh bayi iku, para pangon nuli padha nyritakaké apa sing dingandikakaké déning malaékat bab Sang Bayi mau. Kabèh wong sing padha krungu critané para pangon mau padha gumun banget. Nanging Dèwi Maria nyathet iku mau kabèh ana ing atiné, sarta dirasak-rasakaké, apa tegesé iku mau kabèh. Para pangon mau nuli padha bali, sarta ngluhuraké Allah srana puji-pujian, sebab apa sing dirungu lan dideleng mau kabèh cocog banget karo sing dingandikakaké déning malaékat.

Sawisé umur wolung dina, Sang Bayi nuli ditetaki, lan dikukuhaké asmané: Yésus, ya iku jeneng sing dingandikakaké malaékat marang Dèwi Maria, sadurungé ngandheg Sang Bayi mau.