Wong Zaza

Wong-wong Zaza (uga karan Kird, Kirmanc utawa Dimili)[8][9] ya iku wong-wong ing Anatolia Wétan sing basa asliné basa Zaza. Punjering tanah wutah getihé wong Zaza, wewengkon Dersim, dumadi provinsi Tunceli, Bingöl lan péranganing provinsi Elazığ, Erzincan lan Diyarbakır. Klompok etnis sing ngomong ing Zaza.[10][11][12]

Zazas
Zaza dili farkındalık etkinliği.jpg
Gunggung cacah jiwa
1 nganti 3 yuta[1][2]
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
 Turki
Diaspora: Kira-kira. 300,000[2]
Ostrali,[3] Ostenrik,[4] Bèlgia,[4] Prancis,[4] Jerman,[3] Walanda,[4] Swèdhen,[4] Switserlan,[4] Karajan Manunggal,[5] Amérikah Sarékat.[3]
Basa
Basa Zaza, Basa Turki, Basa Kurdhi[6]
Agama
Sunni Islam,[7] Alevisme

ÉtnogénésisBesut

Sanajan akèh ahli basa sarujuk yèn basa Zaza iku dudu sawijining dhialèk Kurdhi nanging basa swatantra kaya Gilaki, para ahli basa uga sarujuk marang kasunyatan yèn wong Zaza lan wong Kurdhi iku étnisé lan budayané gegandhèngan. Ludwig Paul uga mratèlaké yèn prakara étnokulural dadi faktor sing nemtokaké jatidhiri étnis para nutur basa Zaza.[13][14] Dudutané lapuran ngélmiah ngenani wong Zaza ya iku yèn wong Zaza iku génétiké mèmper karo wong Kurdhi.[15]

Wod sujarahing wong ZazaBesut

Kajian basa nuduhaké yèn wong Zaza ayaké migrasi menyang tanah wutah getihé sing saiki saka pasisir Kidul saka Laut Kaspia. Sawenèh wong Zaza nganggo tembung (Daylami) kanggo nyandra jati dhiri bangsané. Tembung Dimli (Daylami) uga nyandra wewengkon Provinsi Gilan Iran saiki. Sawenèh ahli basa nggayutaké tembung Dimli karo Daylamites ing Pagunungan Alborz sacedhaké pasisir Laut Kaspia ing Iran lan pitaya yèn para Zaza iku uwis migrasi saka Daylam tumuju pérangan Kulon. Ing wektu iki, basa Irania isih dituturaké ana ing wewengkon Kiduling Laut Kaspia (uga karan basa Kaspia), sing kalebu Sangsari, Mazanderani, Tati, Semnani, lan Talysh, sing paramasastrané lan tetembungané caket karo Zaza; bab iki nyengkuyung panemu yèn para Zazas migrasi menyang Anatolia Kidul saka wewengkon Kiduling Laut Kaspia.[16]

BasaBesut

Zazaki ayaké asal mulané saka Iran Lor, saka wewengkon historis "Deylamān" ana ing Laut Kaspia, ing provinsi saiki ya iku Gīlān. Ing wektu iki basa Irania isih dituturaké ana kana (uga karan dhialèk Kaspia) kaya déné Sangsarī, Māzandarānī, Tātī (Herzendī), Semnānī, Tāleshī sing miturut paramasastrané luwih caket karo Zazaki tinimbang basa Kurdhi. Saliyané basa Balochi sing dicaturaké ing Balochistan, basa Gōrānī sing dicaturaké ing papan-papan kapecil ing Iran lan Mésopotamia duwé gegandhèngan linguistik sing caket karo basa Zazaki.[17]

Tetélan kawitan sing katulis abasa Zaza diimpun déning ahli basa Peter Lerch ing taun 1850.[18] Suwalapatra liyané cacah loro ya iku seratan ngenani bab agama (Mewlıd) saka Ehmedê Xasi ing 1899,[19] lan saka Usman Efendiyo Babıc (dibabar ing Damaskus ing taun 1933); karya cacah loro iki ditulis migunakaké aksara Arab.[20] Negara pérangan sing nduwé TRT Kurdî nyiaraké acara tivi abasa Zaza.[21]

RujukanBesut

  1. Duus (EDT) Extra, D. (Durk) Gorter, Guus Extra, The Other Languages of Europe: Demographic, Sociolinguistic and Educational Perspectives, Multilingual Matters (2001). ISBN 1-85359-509-8. p. 415. Cites two estimates of Zaza-speakers in Turkey, 1,000,000 and 2,000,000, respectively. Accessed online at Google book search.
  2. a b "Dimlï". IranicaOnline. Encyclopaedia Iranica. Dibukak ing 27 April 2015.
  3. a b c Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Arakelova
  4. a b c d e f Selim, Zülfü. "Zaza Dilinin Gelişimi" (PDF) (ing basa Turkish). Dibukak ing 27 April 2015. Cite journal requires |journal= (pitulung)CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  5. "Turkey's Zaza gearing up efforts for recognition of rights". Hürriyet Daily News. 23 May 2011. Dibukak ing 28 April 2015.
  6. "Turkey: The Country's Zaza are Speaking Out About their Language". Eurasianet.org. 24 May 2011. Dibukak ing 27 April 2015.
  7. Paul Joseph White, Joost Jongerden. Turkey's Alevi Enigma: A Comprehensive Overview. pp. 17–18. ISBN 9789004125384.
  8. AMONG SOCIAL KURDISH GROUPS – GENERAL GLANCE AT ZAZAS
  9. Kird, Kirmanc Dimili or Zaza Kurds, Deng Publishing, Istanbul, 1996 by Malmisanij
  10. "DIMLĪ – Encyclopaedia Iranica". iranicaonline.org.
  11. Duus (EDT) Extra, D. (Durk) Gorter, Guus Extra, The Other Languages of Europe: Demographic, Sociolinguistic and Educational Perspectives, Multilingual Matters (2001). ISBN 1-85359-509-8. p. 415. Cites two estimates of Zaza-speakers in Turkey, 1,000,000 and 2,000,000, respectively.
  12. J. Gippert, Die historische Entwicklung der Zaza-Sprache, in: Ware, Nr. 10, Nov. 1996, Frankfurt a.
  13. van Bruinessen, Martin. "The Ethnic Identity of the Kurds in Turkey" (PDF): 1. Dibukak ing 23 June 2015. Cite journal requires |journal= (pitulung)
  14. Köhler, herausgegeben von Bärbel (1998). Religion und Wahrheit : religionsgeschichtliche Studien : Festschrift für Gernot Wiessner zum 65. Geburtstag. Wiesbaden: Harrassowitz. pp. 385–399. ISBN 3447039752.
  15. Nasidze, Ivan; Quinque, Dominique; Ozturk, Murat; Bendukidze, Nina; Stoneking, Mark (July 2005). "MtDNA and Y-chromosome Variation in Kurdish Groups". Annals of Human Genetics. 69 (4): 401–412. doi:10.1046/j.1529-8817.2005.00174.x. PMID 15996169.
  16. Sims-Williams, ed. by Nicholas (1998). Old and middle Iranian studies (PDF). Wiesbaden: Reichert. pp. 163–177. ISBN 9783895000706. Dibukak ing 23 June 2015.CS1 maint: extra text: authors list (link)
  17. [1]
  18. J.A. Lerch, Peter. "Forschungen über die Kurden und die Iranischen Nordchaldaer" (PDF) (ing basa German). Dibukak ing 27 April 2015. Cite journal requires |journal= (pitulung)CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  19. Mela Ehmedê Xasî.; Mihanî. (1994). "Mewlûdê nebî". OCLC 68619349. Dibukak ing 23 June 2015. Cite journal requires |journal= (pitulung)
  20. Shoup, John A. (2011). Ethnic groups of Africa and the Middle East an encyclopedia. Santa Barbara, Calif.: ABC-CLIO. ISBN 9781598843637.
  21. "Playing Kurdish card". Hurriyet. Dibukak ing 28 April 2015.