Èkspédhisi Utsmaniyah dhateng Acèh

Èkspédhisi Utsmaniyah dhateng Acèh dipunwiwiti watawis taun 1565 nalika Kasultanan Utsmaniyah mbudidaya mbiyantu Kasultanan Acèh mengsah Portugis ing Malaka.[1][2] Èkspédhisi dipunwontenaken sasampunipun Sultan Alauddin al-Qahhar (1539-1571) ngirimaken utusan dhateng Suleiman Agung nalika taun 1564 (lan kadosipun ing taun 1562[3] panjenenganipun ugi nyuwun pambiyantunipun Turki kanggé mengsah Portugis).[4]

Armada Turki Usmani ing Samodra Hindia nalika abad kaping 16.

Parsekutuan Acèh-Turki Utsmani kanthi boten resmi sampun dipunwiwiti wiwit taun 1530-an.[3] Sultan Alauddin al-Qahhar gadhah pikajengan badhé ngrembakaken pasadhérékan kasebat kanggé nggudhag Portugis saking Malaka, lan njembaraken tlatah kakuaosanipun ing Sumatra.[3] Miturut pamanggihipun Fernão Mendes Pinto, Sultan Acèh ngrékrut 300 tamtama Utsmaniyah, sawatawis tiyang Abesinia lan Gujarat, sarta 200 saudhagar Malabar kanggé nelukaken Tano Batak ing taun 1539.[3]

Sasampunipun taun 1562, Acèh kadosipun sampun wiwit nampi pambiyantu saking Turki ingkang kadosipun sampun nelukaken Karajan Aru lan Johor ing taun 1564.[3]

Pangiriman utusan dhateng Istanbul ing taun 1564 dipunwontenaken déning Sultan Husain Ali Riayat Syah.[1] Wonten ing serataanipun dhateng Porte Utsmaniyah, Sultan Acèh nyebat panguwaos Utsmaniyah minangka pangarsanipun (khalifah) Islam.[1]

Utsmaniyah ngajari Acèh damel meriam, ingkang ing salajengipun kathah anggénipun dipunwedalaken.[1] Saking abad kaping 17, Acèh sampun saged mrodhuksi 800 senjata kados senapan puter lan arquebus.[1]

Cathetan suku besut

  1. a b c d e The Cambridge History of Southeast Asia by Nicholas Tarling p.39
  2. Cambridge illustrated atlas, warfare: Renaissance to revolution, 1492-1792 olèh Jeremy Black kaca. 16 [1]
  3. a b c d e Islam in the Indonesian world: an account of institutional formation Azyumardi Azra hal. 169 ff [2]
  4. Cambridge illustrated atlas, warfare: Renaissance to revolution, 1492–1792 olèh Jeremy Black kaca. 17 [3]

Pranala njawi besut