Ada-ada

Sajeroning gelaran wayang, ada-ada (uga diarani suluk garang) iku swaraning dhalang kanggo mbiyantu para miyarsa mbayangaké swasananing carita sing garang utawa greget

Sajeroning gelaran wayang, ada-ada (uga diarani suluk garang) iku swaraning dhalang kanggo mbiyantu para miyarsa mbayangaké swasananing carita sing garang utawa greget. Ana sing ngarani ada-ada iku jinis suluk, nanging uga ana sing ngarani mung gebyug suluk. Ing Bauwarna (1898) anggitané Padmasusastra, suluk dumadi ada-ada, kloloran, tlutur, pananggalan, lan greget saut. Ing Surakarta, suluk asring kapérang dadi pathetan, sendhon, lan ada-ada.

Miturut Serat Sastramiruda anggitané K.P.A. Kusumadilaga, ada-ada sajeroning wayang kulit purwa lekas ana taun 1443 Saka (candrasengkala dadi geni sucining jagat). Sing nyipta ada-ada mono Sunan Kudus, salah siji Wali Sanga.[1]

Gagrag Surakarta besut

Ing gelaran wayang kulit purwa gagrag surakarta, ada-ada sing dianggo dumadi[1]:

  1. ada-ada girisa, kanggo:
    1. adegan jejer kapisan sawisé pathetan nem ageng,
    2. adegan pisowanan jawi sawisé suwuk gendhing,
    3. adegan sabrang denawa,
    4. adegan bedholan tamu mawa watak sereng;
  2. ada-ada mataraman, srambahan utawa kena kanggo adegan apa waé;
  3. ada-ada hastakuswala, kanggo adegan patih nglumpukaké prajurit;
  4. ada-ada budhalan mataraman, kanggo adegan patih mangkataké prajurit;
  5. ada-ada tlutur, kanggo adegan garang tur sedhih;
  6. ada-ada palaran, kanggo adegan arep perang kembang;
  7. ada-ada wrekudara mlumpat, kanggo adegan Bima arep lumaku menyang sawiji panggon;
  8. ada-ada manggalan, kanggo adegan raja raksasa ing pathet sanga;
  9. ada-ada manyura, srambahan;
  10. ada-ada jugag, srambahan;
  11. ada-ada greget saut, kanggo adegan nggregetaké sing sarwa cukat;
  12. ada-ada greget saut sanga, kanggo adegan arep perang kembang;
  13. ada-ada greget saut jangkep, kanggo adegan satriya lumebu alas;
  14. ada-ada greget saut jugag, kanggo adegan nggregetaké banget;
  15. ada-ada greget saut cekak, kanggo adegan nggregetaké banget tur kesusu;
  16. ada-ada greget saut manyura, kanggo adegan Gathotkaca arep mabur.

Conto besut

Ana ngisor iki sawenèh conto ada-ada sing kerep dianggo Ki Dhalang Nartasabda saka Semarang.[1]

Bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap katon lir kincanging aris risang mawèh gandrung sabarang kadulu e... ng... (Ada-ada sléndro sanga)

Rep sidhem premanem tan ana sabawané walang myang awisik kang kapiyarsa mung swarané abdi kriya gendhing myang kemasan ingkang samya nambut kardi saya animbuhi aseri senen sajeroning... o... ng... penangkilan. Sang nata lon masabda ywa sang bupati. (Ada-ada girisa)

Ing wayang kulit purwa gagrag jawa wetanan[1], contoné:

Bumi gonjang-ganjing langit kumelap sabarang kadulu lir moyag-mayig saking tyas baliwur. (Ada-ada greget saut ngelik)

Tegesing tembung-tembung besut

Cara Jawa Cara Indonésia
gelaran pertunjukan
swara vokal
para miyarsa pemirsa
garang sengit
greget semangat
gebyug mirib
anggitan karangan
dumadi terdiri dari
nyipta menciptakan
gagrag gaya
srambahan bisa untuk apa saja
cukat cepat

Cathetan sikil besut

  1. a b c d Prabowo, Widati & Rahayu 2015, kc. 2–4.

Rujukan besut

  • Prabowo, Dhanu Priyo; Widati, Sri; Rahayu, Prapti (2015). "Ada-ada". Ensiklopedi Sastra Jawa. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 978-979-185-235-7.