Sengkalan

(Kaelih saka Candrasengkala)

Candrasangkala (aksara Jawa: ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦱꦁꦏꦭ) utawa Sengkalan (aksara Jawa: ꦱꦼꦁꦏꦭꦤ꧀) iku cara nulis taun kang disandhi nganggo ukara. Sengkalan punika kadadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan.[1] Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yèn diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané taun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn kang duwé teges angkaning taun. Ing jaman biyèn kang kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana kang migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan kang sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang dhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: gong lumakutinabuh

Werna-warna sengkalan

besut

Miturut wujudé

besut

Miturut wujudé, sengkalan iku ana rong warna yaiku:

Miturut jinisé

besut

Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, yaiku:

  • Sengkalan lamba, yaiku sengkalan kang migunakaké tembung-tembung kang prasaja. Tuladha: Buta (5) lima (5) naga (8) siji (1), dadi angkané 5581 lan tegesé taun 1855.
  • Sengkalan miring, yaiku sengkalan kang migunakaké tembung-tembung miring saka watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975).
    • Tembung "lungid" tegesé "landhep", kang dikarepaké landheping "gaman". Gaman duwé watek 5.
    • Tembung "wasita" tegesé "pitutur jati", pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku utawa pandhita kang nduwé watek 7.
    • Tembung "Ambuka", kang dikarepaké "lawang" utawa "gapura" kang nduwé watek 9.
    • Tembung "Bawana", kang dikarepaké "bumi" kang nduwé watek 1.
  • Sengkalan memet, yaiku sengkalan kang digawé ora nganggo ukra nanging awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalané. Tuladha: Dik (buta) gajah tinunggangan jalma, tegesé 1785 (buta=5, gajah=8, tinunggangan=7, jalma=1).

Tembung lan watek wantuné

besut

1. Tembung kang duwé watek 1 yaiku:

Tunggal Siji Gusti Nyawiji
Sujanma Jalma Wong Semèdi
Nabi Rupa Maha Iku (buntut)
Rat Jagad Bumi Bawana
Surya Candra Kartika Urip
Putra Wani Tyas Kalbu
Wardaya Raja Ratu Narpa
darani jana janma

2. Tembung kang duwé watek 2 yaiku:

Kalih Dwi Asta Nembah
Nyembah Nétra Caksu Soca
Pandulu Tingal Paningal Kembar
Myat Swiwi Peksi Paksi
paksa (swiwi) Sikara Dresthi Kanthi
Apasang Sungu Talingan Karna
karni kuping drasthi drêsthi
drêstha mata locana danta
untu gadhing buja lêngên
tangan carana sikil yama
paro kêmbar

3. Tembung kang duwé watek 3 yaiku;

Tiga Tri Bahni Geni
Agni Ujwala Murub Urub
Dahana Payudhan Yudha Perang
Kaya (awak) Kadya Kadi Bentèr
Kawruh Guna Wédha Naut
Teken Pawaka Rananggana Brama
huti kurban sajèn jata
jwalana

4. Tembung kang duwé watek 4 yaiku:

Papat Pat Catur Wahana
Warih Dadya Kéblat Suci
Wening Nadi Toya Jaladri
Samodra Tasik Sindu Marta
Karta Masuh Sagara Gambiralaya

5. Tembung kang duwé watek 5 yaiku;

Lima Gangsal Panca Pandawa
Wisik Gati Indriya Parastra
Gaman Panah Pusaka Lungid
Landhep Guling Diyu Dik
Buta Yaksa Raseksa Raseksi
Wil Galak Tata Maruta
Bayu Samirana Angin Marga
pawana danawa gata gati
harsaya bungah sênêng hru
panah indriya ati karêp
tata (tatagata)

6. Tembung kang duwé watek 6 yaiku:

Nem Sad Rasa Hartati
Sarkara Tikta Obah Oyag
Kayu Wreksa Prabatang Lindhu
Mangsa Naya Wayang Ilat
rêtu tikta pêru kasaya
gurih lawana uyah asin
lêgi lêngka pait masa
sasi

7. Tembung kang duwé watek 7 yaiku:

Pitu Sapta Prawata Giri
Arga Gunung Acala Pandhita
Resi Wiku Sogata Swara
Dwija Wulang Mulang Weling
Wasita Tunggang Titihan Titih
Turangga Aswa Kuda Jaran
Sabda arditi biksu biksuka
hangsa yati Muni

8. Tembung kang duwé watek 8 yaiku:

Wolu Astha Basu Basuki
Slira Murti Bujangga Pujangga
Manggala Taksaka Ula Naga
Sarpa Sawer Dwipa Bajul
Liman Dwipangga Èsthi Gajah
Dirada Kunjara Tanu Madya
hasti jihmaga bujaga murti
sarira awak

9. Tembung kang duwé watek 9 yaiku:

Sanga Sang Nawa Déwa
Dwara Lawang Kori Gapura
Wiwara Ambuka Gandha Puspa
Kembang Kusuma Bedhah Muka
Rudra Gatra Menga wila
guha guwa bolongan Mancep
goh sapi

0. Tembung kang duwé watek 0 yaiku:

Ilang Musna Sirna Nir
Murca Mlethik Langit Akasa
Wyat Tawang Kombul Muluk
Nenga Luhur Duwur Adoh
Swarga Tanpa Tan Swuh
Suda Windu titik cêcêk
rusak dwasta lêbur brastha
awang-awang jumantara widik (widik-widik)

Carané Gawe Sengkalan

besut

Yèn arep gawé ukara sengkalan:

  • Sepisanan kudu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama (persamaan arti tembung), tegesé tetembung kang darbe tegesé padha duwé watak wilangan kang padha. Umpamane: gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
  • Kaping loro, guru sastra (persamaan tembung), tetembungan kang duwé wujud tukisan kang padha, dianggep duwé wilangan kang padha. Thuladhane: esthi kang tegesé gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges kekareban kang duwé watak wolu (8).
  • Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan kang duwé golongan padha dianggep darbe watak wilangan kang pdha, contoné: rembulan, srengéngé, bumi, iku duwé watak wilanagan siji (1).
  • Sing Kaping papat, guru wanda (persamaan suku tembung), yaiku tetembungan kang duwé suku tembung utawa unine padha dianggep duwé watak wilangan kang padha yaiku papat (4)
  • Kaping lima, yaiku migatekake anané guru sarana (persamaan fungsi), yaiku sarana utawa piranti.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane). Tuladha: lidah (ilat).Sing nggunakaké rasa dianggep duwé watak wilangan padha yaiku enem.
  • Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sipat kerja) yaiku barang lan kerjane, watak wilangane dianggep padha, upama mata lan madeng, dianggep darbe watak wilangan padha yaiku loro (2)
  • Kaping pitu, guru darwa (persamaan sipat), yaiku sipat salah sawijining barang (benda) dianggep darbe watak lan wilangan kang padha karo panas, dianggep duwé watak wilangan kang padha yaiku telu (3)
  • Kaping wolu, yaiku nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa sinonim). Tetembungan kang duwé teges makna (arti) kang padha. Contoné, retu,obah lan horeg, dianggep duwé watak wilangan kang padha yaiku enem (6)

Carané Maca Sengkalan

besut

Maca sengkalan padha karo maca ukara racaké, nanging angka kang kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaca saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegesé, angka saka ukara kang keri saka sengkalan mau dadi angka taun kang ngarep dhéwé, kosok baline angka kang kinandhut ing tembung sapisan, umpamané saka sengkalan nalika yasane Buta Cakil kang unine: tangan taksa satataning tanma. Jarwane Tangan: 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma: 1, dadi diwaca taun 1552 Jawa utawa taun 1670 Masehi.

Panganggoné sengkalan

besut

Sengkalan lumrahé digunakaké kanggo awxh katrangan tahun panulisan ing wiwitan utawa pungkasan buku/babad. Kasisipaké ing larikan tembang macapat mula pilihan uniné sengkalan uga kalarasaké karo guru gatra-guru wilangané tembang.

Conto sengkalan saka babad ing museum Reksapustaka Pura Mangkunegaran Surakarta :

  • Babad Mataram : “Purwaning reh kang ing ngadu manis, anujwa ri sabtu jam sangenjang, ing wular rajib ri kang lek, tanggal kaping tri nuju, ing kuningan kalima akhir, taun wawu senggara, ing sengkalanipun, nabi nem amulang raja (=1671), anedhak srat babad awaling matawis, duk mangyasani kitha”
  • Serat Ambya : “Kasmaran tanggal ping kalih, gara wage wulan rajab, warsa dal ing sengkalane, wani trus sabdaning nata (=1791), ing Prawiranagaran, kaping pat panumpingipun, nedhak mangun srat Ambya.”
  • Babad Madura : “titi tamat panyuratnya srat babat ing madureki senen wage ping sekawan ing wulan rabingulakir taun dal amapangi windu kuntara lumaku sengkalane pinetanga jaran nenem kreta siji (=1767) kang raka kinen mring nagri ing madura.”
  • Babad Kartasura : “Jumuwah wage tinulis, megengan ing wulan siyam, taun Je hakaro mangsane, windunipun kunthara, hanenggih sinengkallan, sir sasaga swara Ratu (=1780), sewu Tungatus wolong dasa.”
  • Babad Tanah Jawa : “Anglir silem tembang madu gendhis, wiwitan kanen ingkang sangsa, Jumuwah wage dinane, trus warna giri ratu (=1749), sangkalane ingkang winarni, nenggih ing wulan sapar, tanggal wolu likur, taun Jimawal lumampah, sarta ingkang winarna sangkalaning warsa, ingkang leres kaetang.”
  • Babad Adiati Terung : “kadya madu purwaning tulis, duk manurat wancinya jam astha, ing somanis arine, anuju tanggalipun, kaping lima nenggih, marengi Sura wulanira, déné ingkang taun, Jimakir ing taunira, sinengkalan Rasa obah esthi tunggil (=1866), punika panyeratinya.”

Déné sengkalan memet bisa rupa gambar utawa barang kang ngemu sengkalan, umpané ing Bangsal Kamandhungan Kraton Surakarta ana tetenger rupa lulang sapi siji ngemu sengkalan taun 1708.

Pranala njaba

besut
  1. Kodhe basa ora trep.Suwardi. Caraka No.08 Taun 2006. (kaca 19)