Tuduhaké menu pokok

Pujangga iku wong kang pinter ing babagan basa utawa kasusastran.[1] Utawa uga pujangga iku wong kang pinter nganggit-anggit, ya iku ngarang utawa ngracik, kasusastran utawa basa amarga olèh wahyu.[1] Para pujangga iku wis ana saka wiwitaning jaman, ing mèh kabèh budaya, lan ngripta karya-karya sastra awujud puisi (geguritan utawa tembang) mawa kwalitas kang séjé-séjé.[2]

EtimologiBesut

Tembung pujangga iku varian saka tembung bujangga.[3] Ing basa Jawa Kuna, tembung bujangga iki katulis bhujangga lan kajupuk saka basa Sangskreta.[4] Ing jaman Jawa Kuna, bhujangga iki tegesé para brahmana anom utawa siswané para brahmana.[4]

Ciriné PujanggaBesut

Pujangga iku kasinungan kalimpadan kang cacahé ana wolu[5] yaiku:

  • Paramèngsastra yaiku ahli ing babagan sastra, ahli basa
  • Paramèngkawi yaiku ahli ing babagan reriptan, ahli ngarang.
  • Awicarita yaiku limpad ing dongèng utawa carita kang nyenengaké
  • Mardawa-lagu yaiku pinter bab tembang lan gendhing. Mardawa tegesé alus.
  • Mardawa-basa yaiku ahli bab migunakaké basa kang ngresepaké, kang jalari trenyuhing ati, kang mahanani gumbira, kang nenangi sih wilasa, lan sapanunggalané.
  • Mandraguna yaiku wasis banget ing kagunan.
  • Nawungkridha yaiku alus pangrasané nganti bisa nanggapi krenteging atiné wong liya.
  • Sambégana yaiku utama banget uripé.

RéferènsiBesut

  1. a b Kamus Basa Jawa (Kanisius 2001), léma pujangga
  2. Orban, Clara Elizabeth (1997). The Culture of Fragments: Word and Images in Futurism and Surrealism. Rodopi. k. 3. ISBN 90-420-0111-9. 
  3. Kamus Basa Jawa (Kanisius 2001), ing léma 'bujangga'.
  4. a b Kamus Jawa Kuna - Indonésia, (Gramedia 1995), ing léma bhujangga.
  5. S, Padmosoekatja (1958). Ngéngréngan Kasusastran Jawa. Ngayogyakarta: Hien Hoo Sing. k. 13.