Akibat pamanasan global ing Indonésia
Akibat pamanasan global ing Indonésia ya iku akibat kang disebabké déning amarga owahé lingkungan Indonésia amarga owahé panas ing Indonésia. Akibat iki bisa ngrusak sawenèh bab kaya ta lingkungan, ékonomi, lan kamasarakatan.
Panyebab
besutÈfèk gas omah kaca
besutGas omah kaca ya iku gas kang dadi komponèn ing atmosfer bumi kang duwéni èfèk kaya ing omah kaca. Gas omah kaca kaya ta uwab banyu (H2O), karbondioksida (CO2), mètana (CH4), nitrogèn oksida (N2O), ozon (O3), sulfurheksaflorida, perfluorocarbon, dan klorofluorokarbon (CFC). Sawenèh gas omah kaca iku nyumbang èfèk omah kaca ing bumi kaya ta:[1]
- Uwab banyu kang nyebabkaké 36 – 70 persèn efek omah kaca ing bumi
- Karbondioksida kang nyebabkaké 9 - 26 persèn efek omah kaca ing bumi
- Mètana kang nyebabkaké 4 – 9 ppersèn efek omah kaca ing bumi
- Ozon kang nyebabkaké 3 – 7 persèn efek omah kaca ing bumi
Piranti-piranti kang nganggo klorofurokarbon
besutKlorofurokarbon utawa freon utawa CFC ya iku sawijing zat kang dicipatké saka anasir klorin, florin, lan karbon. Zat iki digunakaké kanggo nggawé adhem sawijining ruwang. Zat iku digunakaké ing piranti-piranti kaya ta kulkas, air conditioner (AC), lan sawenèh déodoran. Kaya ta gas dinitrogèn oksida, CFC bisa grusak ozon. Saliyané iku, CFC nguwataké èfèk gas omah kaca kang nambahi panas bumi. Untungé ing taun 1987, disarujuki prajanjèn Montreal Protocol supaya ora nggunakaké gas-gas kang ngrusak ozon. NASA nglapuraké, bolongan ing lapisan ozon wiwit suda amarga pamenging CFC.[2]
Polusi kendaraan motor.
besutSaya akèhé gunggung padunung ing Indonésia ngakibatké akèhé gunggung kendaraan motor. Ing jaman saiki, kendaraan motor dadi salah siji kabutuhan kang baku. Kendaraan motor umumé nganggo bahan bakar saka fosil, kang nduwéni akibat gas kabondioksida lan karbonmonoksida kang diasilaké saya tambah. Gas karbondioksida duwéni pasumbang kanggo nyebabaké èfèk omah kaca ing bumi lan karbonmonoksida duwéni bebaya marang kaséhatan. Salah siji cara kanggo ngurangi kahanan iki ya iku menawa lelungan nganggo pit, lumaku, utawa nganggo kendaraan masarakat.[3]
Uwuh plastik kang linuwih
besutIndonésia salah siji negaraa kang sampah plastiké kèli menyang sagara gedhé dhéwé kaloro sawisé Cina. Miturut World Arlas, Indonésia ngasilaké udakara 3,22 mètrik ton sampah plastik, lan udakara 0,48-1,29 yuta ton uwuh plastik ngregeti sagara, ewadéné Cina 8,82 mètrik ton. Saliyané sampah plastik, ing sagara uga ditemoni sampah kaya ta lenga, logam, nutrien, organik, lan pèstisida. Sampah plastik kang linuwih disebabaké déning masarakat kang ora tertib kanggo buwang sampah ing papan kang pener. Upaya kanggo merangi kahanan iki ya iku, anané Dheklarasi Bangkok ing KTT ka-34 ASEAN kang mbahas sampah sagara ding laladan ASEAN. Sakliyané iku, digawé aturan kang duwé gegayutan marang SDGs 24 ya iku Perpres No 59 tahun 2017 babagan Pencapaian Tujuan Pembangunan Berkelanjutan.[4][5]
Rusaké alas
besutIng Indonésia, rikat rusaké alas luwih akèh diasilaké amarga alihan palemahan alas dadi laladan HPH-HTI kang gedhé. Saiki laladan alas nyusut saka 143 yuta hèktar dadi 72 yuta hèktar amarga anané alih palemahan alas. The UN Intergovernmental Panel on Forests nemokaké menawa panyebab saka negori lan dhégradhasi alas dadi lahan monokultur. Karusakan alas iki nyebabaké wit-witan saya suda lan gas karbondioksida kang disedhot saya sithik, mula akèh gas karbondioksida ing angkasa nyebabaké èfèk gas omah kaca.[6]
Akibaté ing Indonésia
besutMunggahé suhu
besutAnané pamanasan global ditengeri déning munggahé suhu banyu sagara lan ing bumi. Kadadéan iki nyebabaké kèwan lan tetuwuhan bisa owah.[7] Munggahé suhu `derajat celcius nyebabaké mudhuné panèn pari ing negara tropis mudhun 10%. Sakliyané iku para warigaluh lan budidaya iwak mudhun asilé amarga owahé suhu banyu, banyu sagara saya munggah, lan anané banjir.
Owahé iklim lan mangsa
besutPamanasan global nyebabaké curah udan dadi owah. Akibat saka owahé curah udan ya iku anané pancemaran hawa, anané lelara kaya ta demam berdarah, diaré, lan malaria. Sakliyané iku, pamansan global nyebabaké mangsa dadi ekstrim ya iku menawa usum ketiga hawané panas banget lan ing mangsa udan, udané bisa deres banget. Badan kaséhatan PBB ngira menawa munggahé suhu nyebabaké suhuné munggah lan bisa nyebabaké cacah 150.000 jiwa ninggal saben tauné.[8]
Ilangé pulo-pulo cilik
besutMunggahé dhuwuré banyu sagara disebabaké ès-ès kang ajur ing kutub-kutub bumi. Kahanan iki nyebabaké banjir ing laladan pasisir. Menawa dijarké saya suwé pulo-pulo cilik bisa ilang amarga banjir banyu sagara.[7]
Owahé ékosistem
besutPamanasan global iki nyebabaké suhu lan kandhutan asem banyu owah. Rong faktor iku nyebabaké terumbu karang ana pamutihan lan suwé-suwé terumbu karang rusak lan mati. Rusaké terumbu karang iki nyebabaké ékosistem banyu ora imbang lan kèwan sarta tetuwuhan mati.[7] Curesé kèwan lan tetuwuhan nyebabaké papan tuwuh lan uripé dadi pindhah ing laladan liyané, amarga papan sadurungé suhuné owah lan ora cocog kanggo urip. Ing sagara terumbu karang akèh kang cures amarga suhu sagara kepanasèn lan wernaé ilang. Para panaliti ngètung menawa 15 ganti 37 persèn spèsiès ing bumi cures ing taun 2050. Sakliyané iku babagan tetanèn lan budidaya iwak uga nandang akibat iki, amarga owahé gunggung iwak ing sagara. Ing bebrayan banyu resik bisa suda 10% nganti 30% utamané ing laladan tropis garing. Langkané banyu iki nandang ing yutanan manungsa ing laladan Asia Pasifik amarga usum ketiga kang dawa lan anané banyu sagara kang nyesep menyang lemah. Masarakat ing pinggir pasisir kang nandang kedadéan iki.[8]
Upaya ngurangi akibat
besutNgirit bahan bakar
besutKanggo ngurangi akibat pamanasan global ya iku nggunakaké kendaraan motor utawa mobil sakperluné miturut butuhé, supaya gas polusi saya suda. Sakliyané iku dipilih kendaraan kang mesiné nganggo bahan bakar kang èfisièn lan irit. Mriksa lan ngrawat kendaraan uga diperlokaké supaya bahan bakar kang dibutuhké ora boros.[8]
Ngirit banyu
besutMenawa nggunakaké shower utawa wastafel, banyu diirit nalika cukuran, nggosok untu, kramas. Cara iki bisa ngirit banyu 6.000 liter saben minggu. Sisa banyu ngumbah janganan bisa digunakaké kanggo nyirami tetuwuhan lan ngekum lap-lap reget. Menawa ngumbah mobil bisa gunakaké èmbèr lan lap, aja nggunakaké kran banyu. Priksa kanthi teratur kran utawa pipa. Kran utawa pipa bocor bisa ngirit banyu kanthi 9.500 liter banyu saben sasi.[8]
Ngirit kertas
besutNgirit kertas lan tisu bisa ngurangi akibat pamanasan global. Ngurangi nggunakaké kertas, tisu, lan diaper namung pisan nganggoné bisa ngurangi akibat pamanasan global. Kanggo kaperluan corat-corèt utawa konsèp bisa nggunakaké kertas bekas, contoné kertas bekas wis dicètak kang mburiné isih kosong. Sakliyané iku kertas-kertas kang ora kanggo bisa dikumpulké lan diwènèhaké wong mayeng.[8]
Ngemunah uwuh kanthi apik
besutCara liyané ya iku ngemunah uwuh kanthi apik. Wiwitané uwuh organik lan non-organis dipisahké. Uwuh organik bisa digawé pupuk kompos kanggo tetuwuhan. Sakliyané iku uwuh organik bisa didadèkaké isian biopori. Uwuh kang bisa diolah manèh kaya ta tas plastik lan sakpadhané. Uwuh ora èntuk dibakar amarga ngasilaké gas omah kaca. Kanggo ngurangi uwuh plastik, menawa blanja nggawa tas blanja dhéwé.[8]
Ngurangi negori wit ing alas
besutNgurangi negori wit ing alas bisa ngurangi èfèk pamanasan global. Sakwisé negor wit, mbalèkaké fungsi alas ing lahan kanthi nandur wit-witan.
Rujukan
besut- ↑ "Ada di Atmosfer Bumi, Gas Rumah Kaca Terdiri dari Apa Saja, ya? - Bobo". bobo.grid.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-03-31.
- ↑ Media, Kompas Cyber. "6 Gas Rumah Kaca Halaman 3". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-03-31.
- ↑ brilio.net (2019-12-05). "8 Penyebab pemanasan global dan cara tepat mengatasinya". brilio.net (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-03-31.
- ↑ "Akademisi: Pencemaran Laut tak Hanya Sampah Plastik". Republika Online. 2019-06-24. Dibukak ing 2020-04-01.
- ↑ Adharsyah, Taufan. "Sebegini Parah Ternyata Masalah Sampah Plastik di Indonesia". lifestyle (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-04-01.
- ↑ "Pemanasan Global, Skema Global dan Implikasinya Bagi Indonesia". ditjenpp.kemenkumham.go.id. Diarsip saka sing asli ing 2020-07-04. Dibukak ing 2020-04-01.
- ↑ a b c "8 Dampak Pemanasan Global Bagi Kehidupan". DLH Kota Semarang (ing basa Indonesia). 2019-12-20. Dibukak ing 2020-04-01.
- ↑ a b c d e f "PERUBAHAN IKLIM". Departemen Teknik Geofisika (ing basa Inggris). 2018-11-21. Dibukak ing 2020-04-01.