Jakartah

provinsi ing Indonésia
(Kaelih saka Jakarta)

Jakartah utawa Panagara Mirunggan Kuthagara Jakartah (Indonésia: Daerah Khusus Ibukota Jakarta), dipuncekak DKI Jakarta, punika kuthagara Républik Indonésia lan kitha ing pulo Jawi ingkang paling ageng. Jakarta gadhah kang ndunungi cacahipun 10 yuta jiwa. Nanging wonten ing tlatah Jakarta Raya utawi Jabotabek cacahipun kang ndunungi langkung saking 17 yuta. Lagu kabangsané punika Mars DKI Jakarta

Panagara Mirunggan Kuthagara Jakartah
(DKI Jakarta)
Jayakarta, Batavia
Lambang
Lambang
(Saka ndhuwur, kiwa manengen): Kota Tua Jakarta, Bunderan Hotèl Indonesia, Cakrawala Jakarta, Stadion Gelora Bung Karno, Taman Mini Indonesia Indah, Monumèn Nasional, Pura Merdèka, Masjid Istiqlal lan Katédral Jakarta.
Sesanti: "Jaya Raya"
("Jaya dan Besar (Agung)")
Dina dadi22 Juni 1527 (umur 498)
Kutha krajanJakarta Pusat
Tlatah
 - Gunggung ambané7.659,02[1] km2
 - Ambané pawarihan661,52 km2
 - Ambané wewengkon banyu6.997,50 km2
 - Latitude5° 19' 12"-6° 23' 54" LS
 - Longitude106° 22' 42"-106° 58' 18" BT
Cacah jiwa
 - Gunggung10.305.408 [2]
 - Pepadhet1.973,34 jiwa/km2
Pamaréntahan
 - GubernurAnies Baswedan
 - WagubLowong(tidak ada)
 - Ketua DPRDPrasetyo Edi Marsudi
 - SèkdaSaefullah
APBDRp60.442.738.783.978,-[3] (total)
 - PADRp40.355.853.087.978,-[3]
Démografi
 - ÉtnisJawa (35.94%)
Betawi (28.10%)
Sunda (14.52%)
Tionghoa (6.58%)
Batak (3.40%)
Minang (2.83%)
Melayu (0.99%)
Madura 0.83%
Bugis 0.71%
Suku Lainnya (6.10%)[4]
 - AgamaIslam (83.43%)
Kristen Protèstan (8.63%)
Katolik (4.00%)
Buddha (3.74%)
Hindu (0.19%)
Konghucu (0.01%)
Aliran Kepercayaan (231 jiwa)[5]
 - BasaIndonésia, Betawi, Jawa, Tionghoa, Sunda, Inggris
Zona wèktuWIB (UTC+7)
Lagu dhaèrahKicir-Kicir
Omah tradhisionalRumah Bapang/Kebaya
Gaman tradhisionalGolok
Situs wèbwww.jakarta.go.id


Jakarta ugi naté dipunwastani Sundha Kelapa, Jayakarta, Jacatra, Batavia lan Batawi. Sanèsipun kitha, Jakarta punika ugi satunggaling provinsi Indonésia.

Dasar ukum tumrap DKI Jakarta inggih punika Undhang-Undhang Républik Indonésia Nomer 29 taun 2007, prakawis papréntahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta minangka ibu kitha Nagara Kesatuan Républik IndonésiaNKRI. UU punika nggantosaken UU Nomer 34 taun 1999 prakawis papréntahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Nagara Républik Indonésia Jakarta sarta UU Nomer 11 taun 1990 prakawis Susunan papréntahan Daerah Khusus Ibukota Nagara Républik Indonésia Jakarta ingkang kalih-kalihipun sampun boten angka anggé malih.

Jakarta gadhah status satingkat provinsi lan dipunpimpin déning satunggaling gubernur. Bènten kaliyan provinsi sanès, Jakarta namung gadhah pamérangan ing sangandhapipun wujud kitha administratif lan kabupatèn administratif, ingkang tegesipun boten gadhah perwakilan rakyat piyambak. Kanthi makaten, DKI Jakarta namung gadhah DPRD Provinsi lan boten gadhah DPRD Kabupatèn/Kitha.

Asaling nami

besut

Laladan menika sampun kaping sapinten-pinten gumantos ing nami ing sawetara mangsa kados kang kapacak ing andhap menika:[6]

  • Sunda Kelapa (397—1527)
  • Jayakarta (1527—1619)
  • Batavia (1619—1942)
  • Djakarta Tokubetu Si (1942—1945)
  • Djakarta (1945—1972)
  • Jakarta (1972—samenika)

Nami "Jakarta" sampun kaagem wiwit mangsa palungguhan Jepang nalika warsa 1942 kagem nyebat laladan tilas Gemeente Batavia ingkang dikukuhaken pamaréntah Hindia Belanda ing warsa 1905. Nami "Jakarta" inggih menika kacekakan saking tembung Jayakarta ingkang asalipun saking basa Sanskerta जय jaya (kamimpangan), lan कृत krta (karaharjan), mula Jayakarta ateges "kitha kamimpangan lan karaharjan". Nami punika kacaosaken tiyang-tiyang Demak lan Cirebon ing andhaping pangwasanipun Fatahillah salajengipun nyerang lan saged lumungguhi palabuhan Sunda Kelapa rikala surya kaping 22 Juni 1527 saking cekelan Portugis.

Nami menika kapertalaken minangka "kitha kamimpangan" utawi "kitha kajayan". Senadyan mekaten, sajatosipun ateges "kamimpangan ingkang kagayuh dening tindak utawi upaya" amargi asalipun saking tembung Sanskerta kalih inggih menika Jaya (जय) ingkang ateges "kamimpangan" lan Karta ingkang ateges "kagayuh".

Rupa sanes panyeratan nami kitha menika sampun dangu kaagem. Sajarawan Portugis, João de Barros ing Décadas da Ásia (1553) nyebataken kawonten "Xacatara kaliyan nami sanes Caravam (Karawang)"

Satunggaling babon saking Banten ingkang dipunwaos juru epigrafi Van der Tuuk sampun nyebat ugi ukara wong Jaketra, inggih menika nami Jaketra kawastanan ugi salebeting lelayangan Sultan Banten lan Sajarah Banten kados déné ditlitèni Hoessein Djajadiningrat. Lapuran Cornelis de Houtman ing warsa 1596 nyebat Pangeran Wijayakrama minangka koning van Jacatra (raja Jakarta).

Sajarah

besut

Sunda Kalapa (397 - 1527)

besut

Wiwitané Jakartah kondhang katepang minangka salah sawijining palabuhaning Karajan Sundha ingkang gadhah nami Sunda Kalapa, mapan wonten ing muwara kali Ciliwung. Kutha krajan karajan Sundha ingkang katepang minangka Dayeuh Pakuan Padjadjaran utawi Pajajaran (sakmenika Bogor) saged kalampahan saking palabuhan Sunda Kalapa sajroning kalih dinten palampahan.

Miturut sumbering Portugis, Sunda Kalapa inggih menika salah sawijining palabuhan gadhahan Karajan Sundha sasanèsipun Palabuhan Banten, Pontang, Cigede, Tamgara, kaliyan Cimanuk. Sunda Kalapa ingkang sajeroning babon menika kawastanan ugi minangka Kalapa kaanggep minangka palabuhan ingkang wigatos piyambak amargi saged katekan saking kutha krajaning karajan ingkang kasebat kanthi nami Dayo (sajeroning basa Sundha modhèren, dayeuh ateges kutha krajan) sajeroning palampahan kalih dinten.

Karajan Sundha piyambak menika kalajengan Karajan Tarumanagara rikala abad kaping-5 ngantos dumugi palabuhan menika dipunraos sampun jumeneng wiwit abad kaping-5, saha dipunraos dumadi kutha krajaning Karajan Tarumanagara ingkang kasebat Sundapura (mawi basa Sanskerta ingkang ateges "Kitha Sundha").

Rikala abad kaping-12, palabuhan menika kesuwur minangka palabuhan lada ingkang epyek. Prau-prau manca saking Tiongkok, Jepang, India Kidul, kaliyan Wetan-Tengah sampun alabuh ing palabuhan menika, mbekta gramèn kados porselèn, kopi, sutra, kain, wewangèn, jaran, anggur, lan zat werni ingkang dipunijoli kaliyan rerempahan ingkang dumadi gramèn.

Jayakarta (1527-1619)

besut

Bangsa Éropah kaping pisan ingkang dugi ing Jakarta menika Bangsa Portugis. Rikala abad kaping-16, Surawisesa, ratuning Karajan Sundha, nyuwun pambiyantoning Portugis ingkang manggèn wonten Malaka tumrap ambangun bètèng ing Sunda Kalapa minangka panjangkungan mbok menawi katindakaken panyerangan saking pasukan Cirebon ingkang badhe pegat saking Karajan Sundha.

Upaya panyuwunan pambiyantoning Surawisesa marang Portugis ing malaka kaprasetyakaken déning tiyang Sundha sajeroning criyos pantun séloka Mundinglaya Dikusumah, ingkang pundi Surawisesa kasebataken kanthi asma agungipun Mundinglaya.

Ananging, sakderengipun kalampahan jumenengipun bètèng kasebat wau, Cirebon ingkang dipunréwangi Dhemak anyerbu palabuhan punika. Patemton dinten jumenengipun Jakartah ingkang surya kaping 22 Juni déning walikutha Sudiro ing warsa 1956 adhedhasar mring palenggahan Sunda Kalapa déning Fatahillah rikala warsa 1527.

Nami kitha dipungantos Fatahillah dumadi Jayakarta ingkang ateges "kitha kamimpangan". Jayakarta piyambak asalipun saking tembung Sanskerta cacahé kalih inggih menika Jaya ingkang ateges "kamimpangan" saha Karta ingkang ateges "kagayuh". Salajengipun, Sunan Gunung Jati saking Kasultanan Cirebon, asung pamrentahan ing Jayakarta marang putranipun Maulana Hasanuddin saking Banten ingkang jumeneng sultan ing Kasultanan Banten.

Pratélan Daerah Tingkat II

besut

Mars Jakartah iku Mars DKI Jakarta

Pranala njawi

besut
 
Péta Jakarta
 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


Rujukan

besut
  1. "GEOGRAFIS JAKARTA". jakarta.go.id. 1 Januari 2008. Diarsip saka sing asli ing 19 April 2016. Dibukak ing 12 April 2016.
  2. "Provinsi DKI Jakarta Dalam Angka 2017" Archived 2017-10-26 at the Wayback Machine., diakses tanggal 23 Agustus 2017
  3. a b "jakarta.go.id: APBD". Diarsip saka sing asli ing 2017-10-10. Dibukak ing 2017-10-13.
  4. [1] Archived 2017-07-12 at the Wayback Machine., diakses tanggal 23 Agustus 2017
  5. "Penduduk DKI Jakarta Berdasarkan Agama 2016" Archived 2017-10-22 at the Wayback Machine., diakses tanggal 17 September 2017
  6. "Beragam Nama Jakarta Sejak Tahun 397 hingga Sekarang". Sindonews (ing basa Indonesia). 8 april 2022. Diarsip saka sing asli ing 2023-06-21. Dibukak ing 8 Juni 2023. {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung); Unknown parameter |dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)