Alkana
Alkana wujud hidrokarbon alifatik jenuh ya iku hidrokarbon kanthi ranté kabukak lan kabèh reroncèn antarané atom karboné wujud roncèn tunggal. Rumus alkana yaiiku: CnH2n+2 ing ngendi n = gunggung atom C.[1]
Dhèrèt homolog alkana
besutYa iku golongan utawa golongan senyawa karbon kanthi rumus umum kang padha, duwé sipat kang mèh padha lan antar suku-suku urutané duwé béda [[CH2]].
Sipat-sipat dhèrèt homolog:
- duwé sipat-sipat kimia kang mèh padha
- duwé rumus umum kang padha
- bédané Mr antara 2 suku urutané gedhéné 14
- selot dawa ranté karbon, selot dhuwur titik umobé.[1]
Isomèr alkana
besutAlkana duwé rumus molekul padha, nanging rumus struktur béda.[1]
Tata jeneng alkana
besutAdhedhasar aturan saka IUPAC:
- Jeneng alkana ngepang kasusun saka 2 pérangan:
- pérangan pisanan (ing pérangan ngarep) wujud jeneng pang
- pérangan kapindho (pérangan mburi) wujud jeneng ranté indhuk
- Ranté indhuk ya iku ranté paling dawa sajeroning molekul. Yèn ana 2 utawa luwih ranté paling dawa, mula kudu dipilih kang duwé pang paling akèh. Indhuk dijenengi alkana jumbuh karo dawané ranté.
- Pang dijenengi alkil ya iku jeneng alkana kang jumbuh, anaging kanthi ngganti akiré -ana dadi -il. Gugus alkil duwé rumus umum: CnH2n+1 lan dilambangaké kanthi R
- Posisi pang dinyatakaké kanti awalan angka. Mula saka iku ranté indhuk perlu dinomeri. panomeran diwiwiti saka salah 1 pucuk ranté indhuk saéngga posisi pang olèh nomer paling cilik.
- Yèn ana 2 utawa luwih pang sajenis , kudu dinyatakaké kanthi awalan di, tri, tetra, penta.
- Pang-pang kang béda disusun selaras karo urutan abjad saka jeneng mau. Awalan normal, sekundhèr lan tèrsièr diluwèhaké. Dadi n-butil, sek-butil lan ters-butil dianggep awalan b-.
Awalan bisa- ora dilalèkaké. dadi isopropil awalé kanthi hurup i-. Awalan normal, sekundhèr lan tèrsièr kudu ditulis kanthi hurup cithak miring
Sipat-sipat alkana
besut- Arupa senyawa nonpolar, saéngga ora larut ing banyu
- Tansaya akèh atom C (ranténé tansaya dawa), mula titik umobé uga tansaya dhuwur.
- Ing tekanan lan suhu biyasa, [[CH4 - C4H10]] awujud gas, [[C5H12 - C17H36]] awujud cuwèr, sak dhuwuré [[C18H38]] awujud padhet.
- Gampang ngalami reaksi subtitusi karo atom-atom halogen ([[F2]], [[Cl2]], [[Br2]] utawa [[I2]])
- Isa ngalami oksidasi (réaksi pangobongan).[1]
Alkana ana ing alam semesta
besutMetana lan etana wujud salah siji komponèn cilik saka atmosfèr Yupiter. Èkstraksi saka lenga bumi, kang ngandhung akèh komponèn hidrokarbon, kalebu alkana.
Alkana wujud senyawa kang ana ing pérangan cilik saka atsmofèr sapérangan planit kaya ta Yupiter (0.1% metana, 0.0002% etana), Saturnus (0.2% metana, 0.0005% etana), Uranus (1.99% metana, 0.00025% etana) lan Neptunus (1.5% metana, 1.5 ppm etana). Titan (1.6% metana), salah sijiné satelit saka saturnus, sawisé ditliti déning Huygens yèn atmosfèr Titan ngedhunaké udan metana kanthi périodhik marang lumahing rembulan.[2] Ing Titan uga dikawruhi ana salah sijiné gunung kang nyemburaké gas metana, lan saka semburan gunung iki njalari akèhé metana ing atsmosfèr Titan. Saliyané iku, katemokaké déning radhar cassini, kétok uga ana sapérangan tlaga metana utawa etana ing saubengé Kutub Lor saka Titan. Metana lan etana uga dikawruhi ana ing pérangan buntut saka komèt Hyakutake. Analisis kimia nuduhaké yèn akèhé etana lan metana mèh padha akèhé, lan kabèh iku nuduhaké yèn ès metana lan etana iki kadhapur ing antarané ruwang antar lintang.[3]
Mupangat alkana
besutAlkana wujud komponèn utama saka gas alam lan lenga bumi. Mupangat alkana ya iku:
Cathetan sikil
besut- ↑ a b c d e f g Alkana ing sahri.ohlog.com, (Kaunduh 2/11/12).
- ↑ Titan: Arizona in an Icebox? huygens_science-results, Alkana ing www.planetary.org, dhokumèn awujud pdf (kaundhuh 7/11/12)
- ↑ Mumma, M.J. (1996). "Detection of Abundant Ethane and Methane, Along with Carbon Monoxide and Water, in Comet C/1996 B2 Hyakutake: Evidence for Interstellar Origin". Science. 272 (5266): 1310. Bibcode:1996Sci...272.1310M. doi:10.1126/science.272.5266.1310. PMID 8650540.
{{cite journal}}
: Unknown parameter|coauthors=
ignored (|author=
suggested) (pitulung)