Arifin Jamian Maun inggih punika juru tani sarem ingkang manggihaken metodhe vèrtikultura. Salah satunggalipun warga saking Dhusun Sedayulawas, Kecamatan Brondong, Kabupaten Lamongan, Jawi Wétan. Arifin Jamian ngginakaken metodhe pangolahan sarem salebetipun griya prisma sarem tingkat ingkang dipunrembakaken piyambak awit warsa 2014. Metodhe kang dipunginakaken Arifin punika klebet éwah-éwahan sistem green house ingkang ngrikataken prosès penguapan toya sagara dados kristal sarem. Griya prisma sarem dipuntutupi mawi plastik géomémbran kang mligi ingkang dipunrantam saged nangkep panas saking srengéngé kanthi maksimal. Griya prisma saged minangka tèdhèng toya sagara saking jejawahan lan saged nyandhet reregedan sarta bledug kang lumrahipun tumèmplèk ing kristal sarem. Amargi toya sagara katèdhèngan, sarem saged dipunprodhuksi ndungkap ing sadhengah mangsa, klebet wanci mangsa rendheng, satemah kasilipun prodhuksi sarem sansaya kathah.[1]

Prosès Saha Panalitèn

besut

Tèknologi prisma kagem prodhuksi sarem sayektosipun sanès barang énggal. Ngantos wekdal punika, sampun kathah dipunrembakaken ilmu ingkang migunakaken métodhe kasebut.  Mawerni-warni métodhe kasebut awit saking bèntening plastik géomémbran ingkang dipunginakaken, jinisipun rangka prisma, ngantos warni saking lapisan tèdhèng prisma.

Arifin cariyos bilih awit saking piyambakipun dados tani sarem, piyambakipun taberi anggenipun pados cara kagem ngolah toya seganten dados sarem kanthi prodhuktivitas ingkang maksimal. Mungguhipun Arifin, para tani sarem punika lumrahipun taksih migunakaken cara tradhisional (manual) satemah asilipun sarem punika sekedhik lan boten maksimal. Salajengipun Arifin punika manggih cara ingkang saè saha ngawedharaken pamrayoginipun lumantar ngginakaken prisma, panas ingkang dèn serep kagem mepe sarem badhé langkung maksimal lan papan kagem mepe ugi langkung tahan angin.

Investasi kawitan agengipun kinten-kinten Rp5 yuta damel prisma ukuran 7x7 meter punika langkung mirah tinimbang kasilipun ingkang langkung kathah bilih dipuntandhingaken kaliyan prodhuksi sarem manual. Miturut Arifin, senadyan invèstasi punika langkung kathah wonten ngajeng kagem damel lantai sarem ingkang dipuntutupi mawi wangunan prisma, para tani sarem badhe pikantuk BEP (break even point) ing wekdal sekedhap boten ngantos setunggal taun, kanthi asumsi (kinten-kinten) regi sarem Rp500—Rp600 per kg. Investasi kasebut dipunginakaken utaminipun kagem nggantos lantai pepen, tumbas plastik géomémbran, lan adamel rangka. Wekdal punika, kathahipun tani sarem anggenipun mepe toya taksih ngangem terpal.

Dr Guntur, Paneliti Pusat Studi Pesisir dan Ilmu Kelautan, ugi dados Wakil Dekan Fakultas Perikanan dan Ilmu Kelautan Universitas Brawijaya, paring pangandikan bilih migunakaken terpal minangka tèdhèng prisma punika nelasaken arta ingkang langkung kathah, amargi namung tahan kalih taun kemawon, langkung-langkung migunakaken terpal saged nuwuhaken penyakit amargi zat ingkang mbebayani ing terpal saged tumut dados uap lan nyampur ing sarem. Ananging bilih migunakaken plastik géomémbran punika saged tahan ngantos 10 taun lan boten wonten zat kados mekaten. Kanthi sistem prisma tani sarem ugi tansah saged adamel sarem senadyan jawah, proses évaporasi toya seganten tansah wonten ananging langkung rindhik tinimbang nalika mangsa ketiga utawa panas.[2]

Asilipun

besut

Rangka wangunan Prisma kadamel saking pring. Perangan rèng ingkang inggil dipuntutup mawi plastik. Wonten dalemipun, dipundamel kolah ingkang dipunlambari plastik. Ing selanipun wangunan, wonten galengan arupi kolah, memper kaliyan kolah ing dalem ananging panjang saha tinarbuka lan jèjèr tharik-tharik. Agengipun gumantung kaliyan betahipun Tani. Ing galengan kalawau, wonten andhapipun ugii dipunlambari mawi plastik. Lebetipun kolah antawis 20 sentimèter ngantos 2 mèter.

Miturut Arifin, tambak sarem kagunganipun anggadhahi bungker (papan panyimpenan) ingkang anyekapi, kathahipun 11 bungker mawerni-werrni agengipun. Tambak sarem kagunganipun Arifin punika lahan Solo Valley wiyaripun 1,5 ha. Wonten papan tampungan toya enèm (toya seganten ingkang dèrèng dipunolah) wiyaripun 1.000 mèter persagi, fasilitas ulir (méja péméyan) wiyaripun 5000 mèter persagi, lan méja kristal (papan adamel sarem) wiyaripun 700 mèter persagi. Lajeng, kagem laladan ingkang wiyaripun 1000 mèter persagi dipundamel galengan tambak lan papan instalasi pipa kagem ilinipun toya. Laladan punika dipunolah sesarengan kaliyan kaluwarganipun, kamangka ing mangsa panen ageng, Arifin dipunréwangi kaliyan klih réwang.

Saking pangulahan sarem kagunganipun Arifin punika, dipunasilaken sarem ngantos kirang langkung 400 ton saben héktare (ha), kamamangka saking tambak sarem tradhisional lumrahipun naming saged ngasilaken 70 ton sarem saben héktare (ha). Wontena tambak sarem kanthi Tèknologi Ulir Filter (TUF) damelipun pamerintah, naming saged ngasilaken antawisipun 120 ton-125 ton saben héktar.

Awit Januari 2017, tèknologi vèrtikultura dipunrembakaken. Afirin saha rewangipun nyawisaken laladan prodhuksi sarem kagem Invèstor saking Semarang lan Malang. Kinten-kinten 25% laladan utawi 6.000 meter persagi dipunginakaken kagempapan prodhuksi mawi sistem vèrtikultura. Salangkungipun, dipunginakaken kagem damel pinten-pinten fasilitas kagem nyengkuyung prodhuksi, antawisipun, bungker toya enèm, ulir kagem ngatur ilinipun toya. Kagem ulir punika, Arifin mbetahaken laladan ingkang wiyaripun 10.000 mèter persagi, amargi saben-saben ulir mbetahaken laladan ingkang wiyaripun 5.000 mèter persagi. Saking itung-itungan wiyaripun laladan kalawau, Arifin pitados, bilih saben dinten saged ngasilaken sarem kathahipun 5 ton utawi ing dalam setunggal taun saged ngasilaken sarem ngantos 1.500 ton. Bilih dipunitung kanthi èstimasi regi sarem Rp2.000 saben kg, mangka ing dalem 1 taun kawitan, Arifin saged mangsulaken modhal. Lajeng, invèstor saged pikantuk bathi Rp1 miliar. Kamangka, wekdal punika regi sarem konsumsi inggih punika Rp2.400 saben kg. Arifin paring pangandikan, menawi piyambakipun boten mikiri bathi, ananging ingkang dipunkarepaken Indonesia punika boten dados nagari ingkang impor sarem amargi kirang.[3]

Rujukan

besut
  1. Kisswara, Adi (2018-07-03). "Arifin Jamian Memproduksi Garam Tanpa Kenal Musim". Kompas.
  2. Aziliya, Dara (2017-08-12). "Cerita Arifin, Petambak Garam yang Bisa Produksi Meski Musim Hujan". kabar24.bisnis.com. Dibukak ing 2019-05-12.
  3. Yakub, M. Ahmad (2018-08-26). "Panen Garam Sepanjang Masa". mediaindonesia.com. Dibukak ing 2019-04-10.