Arsitéktur utawa undaki[1] (seni bino) yaiku gabungan ing antarané ngèlmu lan seni kanggo ngrancang yasan. Makna sing luwih amba yaiku kabèh gabungan ngèlmu lan seni kanggo ngrancang prakara-prakara sing sipaté pembangunan skala cilik nganti gedhé, contoné rancangan tata kutha, lansekap, perabotan lan uba rampene.

Arsitéktur

Rancangan arsitèktur kudune nggatèaké fungsi, kakuwatan, Estetika, lan kalebu uga sisih psikologis sing arep diyasa.

Nanging wonten ing perkembangan gagrag énggal pengertian arsitèktur tumuwuh kanggé nyipta wontenipun "ruang". Ruang ingkang fungsional kanggé madhai sawatawis aktivitas utawi kagiyatan mliginipun kagiyatan manungsa. Pranoto utawi kaidah arsitèktur wonten ing terapanipun boten sami satunggal laladan kaliyan laladan lintu, upaminipun arsitèktur Jawi jegregipun (penampilan) munjer dateng arsitèktur karaton, anangin arsitèktur Bali munjer (beroreintasi) dateng Agami Hindhu nganggé pranoto ingkang kasebat Asta Kosala Kosali. Arsitektur Jawi (dalem) kapara dados tigang pérangan inggih punika: Pendopo (ruang publik), pringgitan (ruang semi publik) lan sentong (ruang privat). Arsitektur Bali bagi ruang dados sangang pérangan, saking nisthaning nistha ngantos utamaning utama. Tigang pérangan ageng inggih punika nistha, madya, utama.

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


  1. Stevens, Alan M. (2004). A comprehensive Indonesian-English Dictionary (ing basa Inggris). PT Mizan Publika. ISBN 978-979-433-387-7.