Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

Gedhéné ora owah ,  2 taun kepungkur
éjaan, replaced: ningkat → mundhak (7)
Téyori punika nelakaken bilih satunggiling nagari lan nagari sanès silih gumantung lan saged silih nguntungaken setunggaul kaliyan satunggalipun, lan salah satunggal wujudipun inggih punika silih gumantung ing babagan [[ékonomi]]. Kekalih nagari saged ''melakukan transaksi pertukaran'' selaras kaliyan kaunggulan komparatif ingkang dipungadhahi. Umpaminipun, [[Jepang]] gadhah kaunggulan komparatif ing produk kaméra dhigital (saged nyithak langkung èfesien lan mutunipun saé) sauntawis [[Indonésia]] gadhah kaunggulan komparatif ing prodhuk kain. Kanthi téyori punika, Jepang kaanjuraken kanggé ngendhegaken prodhuksi kainipun lan nggantos faktor-faktor prodhuksinipun kanggé maksimalaken prodhuksi kaméra dhigital, lajeng nutupi kekirangan panawaran kain kanthi mundhut saking Indonésia, makaten ugi kosok wangsulipun.
 
Salah satunggiling panyandhet utami dumadosipun ''kerjasama'' wau inggih punika wontenipun larangan-larangan lan [[kawicaksanan protèksi]] saking pamaréntah satunggaling nagari. Ing satunggil sisih, kawicaksanan punika saged ngreksa prodhuksi lebet nagari, nanging ing sanès sisih, perkawis badhé ningkatipun ragad prodhuksi barang [[impor]] saéngga awrat nembus [[pasar]] nagari ingkang dipuntuju. Para pro-globalisme boten sarujuk wontenipun protèksi lan larangan kasebat. Para pro-globalisme péngin dipunleksanaaken kawicaksanan perdagangan bébas saéngga regi barang-barang saged dipuntekan, akibatipun panyuwunan bakal ningkatmundhak. Amargi panyuwunan ningkatmundhak, kamakmuran badhé ningkatmundhak lan makaten saterusipun.
 
Sapérangan golongan pro-globalisme ugi ngritik [[Bank Donya]] lan [[IMF]], kanthi pendhapat bilih kalih badan kasebat namung ngontrol lan ngaliraken dana dhumateng satunggaling nagari, sanès dhumateng satunggaling koprasi utawi perusahaan. Minangka asilipun, kathah silihan ingkang dipunparingaken dhawah ing tangan para [[diktator]] ingkang salajengipun nylèwèngaken lan boten migunakaken dana kasebat kados mesthinipun, nilar rakyatipun wonten ing lilitan utang nagari, lan ndadosaken tingkat kamakmuran tansaya mandhap. Amargi tingkat kamakmuran tansaya mandhap, mila masarakat nagari punika kapeksa ngirangi tingkat [[konsumsi]]nipun; kalebet konsumsi barang impor, saéngga laju globalisasi bakal kacandhet lan—miturut golongan pro-globalisme—ngirangi tingkat kasejahtraan padunung donya.
=== Kasaéan globalisasi ékonomi ===
* '''Produksi global saged dipuntingkataken'''
Pandangan punika selaras kaliyan téyori 'Kauntungan Komparatif' saking [[David Ricardo]]. Langkung spésialisasi lan perdagangan [[faktor prodhuksi|faktor-faktor prodhuksi]] donya saged dipun-ginakaken kanthi langkung èfesién, output donya nambah lan masarakat badhé pikantuk kauntungan saking spésialisasi lan perdagangan ing wangun ''pendapatan'' ingkang saya ningkatmundhak, ingkang salajengipun saged ugi ningkataken pamblanjan lan [[tabungan]].
 
* '''Ningkataken kamakmuran masarakat ing satunggaling nagari'''
=== Awonipun globalisasi ékonomi ===
* '''Ngrendheti tuwuhing séktor indhustri'''
Salah satunggaling èfèk saking globalisasi inggih punika tuwuhing sistem perdagangan njawi rangkah ingkang langkung bébas. Tetuwuhan punika njalari nagari-nagari berkembang boten saged malih ngginakaken tarif ingkang inggil kanggé maringi protèksi dhumateng indhustri ingkang nembé tuwuh (infant industry). Kanthi punika, perdagangan njawi rangkah ingkang langkung bébas nimbulaken rendhetan dhumateng nagari berkembang kanggé majengaken séktor indhustri dhomestik ingkang langkung rikat. Sasanèsipun punika, katergantungan dhumateng indhustri-indhustri ingkang dipungadhahi perusahaan multinasional sangsaya ningkatmundhak.
 
* '''Ngawoni neraca pambayaran'''
Globalisasi kapara minggahaken barang-barang [[impor]]. Sawalikipun, manawi satunggaling nagari boten kuwagang ''bersaing'' utawi tetandhingan, pramila èkspor boten saged tuwuh. Kawontenan punika saged ngawonaken kondhisi [[neraca pambayaran]]. Èfèk awon sanès saking globaliassi dhumateng neraca pambayaran inggih punika pambayaran néto pendhapatan faktor prodhuksi saking njawi nagari kapara ngraosaken dhéfisit. Invèstasi asing ingkang saya kathah ndadosaken ilèn pambayaran kauntungan (pendhapatan) invèstasi dhateng njawi nagari sangsaya ningkatmundhak. Mboten tuwuhipun èkspor saged ndadosaken awonipun neraca pambayaran.
 
* '''Séktor kauangan sangsaya boten stabil'''
Salah satunggalipun èfèk wigatos saking globalisasi inggih punika pangaliran invèstasi (''modhal'') portofolio ingkang saya ageng. Invèstasi punika mliginipun ngliputi partisipasi dana njawi nagari dhateng pasar [[saham]]. Nalika pasar saham saweg ningkatmundhak, dana punika badhé mili mlebet, neraca pambayaran tambah kathah lan [[dhuwit|regi artos]] badhé tambah saé. Kosokwangsulipun, nalika regi-regi saham ing pasar saham sangsaya mandhap, dana lebet nagari badhé mili dhateng njawi nagari, neraca pambayaran kapara dados tambah awon lan regi artos dhomestik mrosot. Kawontenan boten stabil ing séktor kauwangan punika saged nimbulaken èfèk awon dhumateng kastabilan kagiyatan [[ékonomi]] sacara kaselruhan.
 
* '''Ngawoni prospèk tuwuhing ékonomi jangka panjang'''
348.872

besutan