Bioinformatika: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Bioinformatika ing Indonésia: éjaan, replaced: dileksanakaké → ditindakaké (2)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: ningkataké → ngundhakaké, sacara → kanthi
Larik 6:
Istilah ''bioinformatics'' wiwit diwedharaké ing tengah éra [[1980]]-an kanggo ngacu panrapan [[komputer]] ing biologi. Éwadéné mangkono, panrapan babagan-babagan ing bioinformatika (kaya panggawéan basis data lan pangembangan [[algoritma]] kanggo analisis [[sekuens biologis]]) wis dilakokaké wiwit taun [[1960]]-an.
 
Kamajuan tèhnik [[biologi molekular]] kanggo ndungkap sekuens biologis saka [[protein]] (wiwit awal [[1950]]-an) lan [[asam nukleat]] (wiwit 1960-an) miwiti mekaring basis data lan tèhnik analisis sekuens biologis. Basis data sekuens protein wiwit dikembangaké taun [[1960]]-an ing [[Amérika Sarékat]], sauntara basis data sekuens DNA dikembangaké akir [[1970]]-an ing Amérika Sarékat lan [[Jerman]] (ing ''European Molecular Biology Laboratory'', Laboratorium Biologi Molekular [[Éropah]]). Panemon tèhnik [[sekuensing]] DNA sing luwih rikat ing tengah taun [[1970]]-an dadi landhesan dumadiné ledakan cacahé sekuens DNA sing kasil didungkapaké ing taun [[1980]]-an lan [[1990]]-an, dadi salah sawijining pambuka dalan kanggo proyèk-proyèk pandungkapan [[genom]], ningkatakéngundhakaké kabutuhan marang panglolaan lan analisis sekuens, lan pungkasané njalari lairé bioinformatika.
 
Mekaré [[internet|internèt]] uga ndhukung mekaré bioinformatika. Basis data bioinformatika sing gumandhéng liwat internèt nggampangaké èlmuwan nglumpukaké asil sekuensing nuju basis data kasebut uga antuk sekuens biologis minangka bahan analisis. Saliyané iku, panyebaran [[program]]-program aplikasi bioinformatika liwat internèt nggampangaké èlmuwan ngakses program-program kasebut lan banjur nggampangaké pangembangané.
Larik 54:
Saiki mata ajaran bioinformatika uga mata ajaran kanthi momotan bioinformatika wis diwulangaké ing sapérangan [[pawiyatan luhur]] ing [[Indonésia]]. [http://www.sith.itb.ac.id Sekolah Èlmu lan Teknologi Hayati] [[ITB]] nawakaké mata kuliah "Pengantar Bioinformatika" kanggo program Sarjana lan mata kuliah "Bioinformatika" kanggo program Pascasarjana. Fakultas Teknobiologi [[Universitas Atma Jaya]], [[Jakarta]] nawakaké mata kuliah "Pengantar Bioinformatika". Mata kuliah "Bioinformatika" diwulangaké ing Program Pascasarjana Kimia Fakultas MIPA [[Universitas Indonésia]] (UI), Jakarta. Mata kuliah "Proteomik lan Bioinformatika" kalebu ing kurikulum program S3 bioteknologi [[Universitas Gadjah Mada]] (UGM), [[Yogyakarta]]. Materi bioinformatika kalebu ing njeron silabus sapérangan mata kuliah kanggo program [[sarjana]] uga [[pascasarjana]] biokimia,biologi, lan bioteknologi ing [[Institut Pertanian Bogor]] (IPB). Saliyané iku, riset-riset sing ngarah ing bioinformatika uga wis ditindakaké déning mahasiswa program S1 Èlmu Komputer uga program pascasarjana biologi sarta bioteknologi IPB.
 
Riset bioinformatika protein ditindakaké minangka péranganing aktivitas riset rékayasa protein ing Laboratorium Rekayasa Protein, Pusat Panlitèn Bioteknologi [[Lembaga Èlmu Pangetauan Indonésia]] (LIPI), [[Cibinong]], [[Bogor]]. [[Lembaga Biologi Molekul Eijkman]], Jakarta, sacarakanthi mirunggan nduwé laboratorium bioinformatika minangka fasilitas panunjang kagiyatan riseté. Saliyané iku, basis data sekuens DNA [[mikroorganisme]] asli Indonésia gèk dikembangaké ing UI.
 
== Pirsanana uga ==