Serat Centhini: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c +Uga delengen
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: Sejarah → Sajarah, sajeroning mangsa → ing sajeroning mangsa, Majapahit → Majapait, ibadah → ngibadah
Larik 19:
# Radèn Ngabehi Sastradipura
 
Sadurungé diayahi panggubahan, katelu pujangga pura éntuk tugas-tugas kang mirunggan kanggo ngumpulaké bahan-bahan kanggo gawé kitab mau.<ref name="tin"/> Ranggasutrasna duwé tugas njelajah pulo Jawa bagean wétan, [[Yasadipura II]] duwé tugas njelajah Jawa pérangan kulon, sarta Sastradipura duwé tugas nunèkaké ibadahngibadah kaji lan nyempurnakaké kawruh agama [[Islam]].<ref name="tin"/>
 
== Prosès panulisan ==
Larik 32:
Serat Centhini disusun adhedhasar carita lelakuné putra-putri [[Sunan Giri]] sawisé dikalahaké déning [[Pangeran Pekik]] saka [[Surabaya]], ipé [[Sultan Agung]] saka [[Mataram|Karajan Mataram]]. Carita diwiwiti sawisé telu putra Sunan Giri mencar ninggal tanah asal kanggo ngulandara, awit kakuwasan [[Giri]] wis diajuraké déning Mataram. Putra putri Sunan Giri mau ya iku Jayengresmi, Jayengraga/Jayengsari, lan sawijining putri, Ken Rancangkapti.
 
'''Jayengresmi''', dikanthi déning loro santri kang jenengé Gathak lan Gathuk, nglakoni "lelampahan spiritual" menyang saubengé kraton [[MajapahitMajapait]], [[Blitar]], Gamprang, alas Lodaya, [[Tuban]], [[Bojonegoro]], alas Bagor, Gambirlaya, Gunung Padham, désa Dhandher, Kasanga, Sela, Gubug [[Merapi]], Gunung Prawata, [[Demak]], [[Gunung Muria]], [[Pekalongan]], Gunung Panagaran, Gunung Mandhalawangi, Tanah [[Pasundan]], [[Bogor]], tilas kraton [[Pajajaran]], [[Gunung Salak]], lan sabanjuré tekan ing Karang.
[[Gambar:Centhini.jpg|thumb|left|Buku bab Serat Centhini]]
Sajeroning lelaku iki, Jayengresmi ngalami "pendewasaan spiritual", amarga ketemu karo sawetara guru, tokoh-tokoh gaib sajeroning mitos Jawa kuna, lan sawetara juru kunci makam-makam kramat ing tanah Jawa. Sajeroning patemon karo tokoh-tokoh iku, panjenengané sinau bab warna-warna kawruh sajeroning khazanah kabudayan Jawa, wiwit saka ''candhi, makna swra manuk gagak lan prenjak, khasiat manuk pelatuk, pituduh panggawéné kain lurik, pilihan waetu gayutan sèksual, itungan tanggal, nganti tekan kisah Syekh Siti Jenar''. Pangalaman lan paningkatan kawicaksanan iki nggawé panjenengané ing tembé mburi misuwur kanthi sebutan '''Seh '''(Syekh)''' Amongraga'''. Sajeroning lelaku mau, Syekh Amongraga ketemu karo '''Ni Ken Tambangraras''' kang dadi garwané, sarta pembantuné '''Ni Centhini''', kang uga mèlu ngrungokaké wejangan-wejangané.