Atropin
Atropin ya iku zat saka golongan antikolinergik sing digunakaké minangka obat kanggo prosedhur preoperatif (bisa digunakaké bedhah umum lan operasi mata katarak). Atropin diprodhuksi ing wujud iketan karo sulfat.[2] Atropin kalebu golongan obat antikolinergik kang tegesé bisa ngurangi stimulasi saraf parasimpatik kanthi cara ngalangi kerja asetilkolin. Asetilkolin iku minangka neurotransmitter sing mbiyantu mindahaké impuls listrik antarané sèl saraf. Nalika asetilkolin iku dialangi, sékrèsi klanjer idu, getah lambung, luh lan lendhir liya bisa disuda. Racaké. atropin diwènèhaké ing wujud tablèt ombé, injèksi menyang otot, injèksi intravéna lan obat tètès mata. Atropin duwé jeneng dagang atropine, atropine sulfate, lan cendo tropine.
Jeneng sistematis (IUPAC) | |
---|---|
(RS)-(8-Metil-8-azabisiklo[3.2.1]oct-3-yl) 3-hidroksi-2-fenilpropanoat | |
Data klinis | |
Jeneng dagang | Atropine, Spasmal, Spasminal |
AHFS/Drugs.com | Monograph |
MedlinePlus | a682487 |
Kat. kehamilan | A(AU) C(US) |
Status hukum | ? |
Rute | Per oral, intravena, intramuskular, rektal |
Pharmacokinetic data | |
Bioavailabilitas | 25% |
Métabolisme | ≥50% dihidrolisa menjadi tropin dan asam tropik |
Wektu paro | 2 jam |
Èkskrèsi | 15–50% diekskresikan di urine |
Pangenal | |
Nomor CAS | 51-55-8 |
Kode ATC | A03BA01 Cithakan:ATC |
PubChem | CID 174174 |
Ligan IUPHAR | 320 |
DrugBank | DB00572 |
ChemSpider | 10194105Cithakan:Chemspidercite |
UNII | 7C0697DR9ICithakan:Fdacite |
KEGG | D00113 [kegg] |
ChEBI | CHEBI:16684 |
ChEMBL | CHEMBL9751 |
Sinonim | Daturin [1] |
Data kimia | |
Formula | C17H23NO3 |
Massa mol. | 289.369 g/mol |
SMILES | eMolecules & PubChem |
|
Piguna
besutAtropin minangka obat kanggo nambani kontraksi ing weteng lan usus kandhung kemih, lan saluran empedhu. Piguna atropin kaya déné:
- Njaga fungsi jantung supaya tetep lumaku ing prosedhur operasi sing gegayutan karo jantung.
- Ngendhalekaké kahanan kaya ta kolitis, divertikulitis, kolik bayi, kolik ginjal lan empedhu, ulkus peptis, uga sindrom iritasi usus.
- Ngobati rasa kaku, gemeter lan kakéhan kringet amarga lara parkinson.
- Ngurangi prodhuksi cuwèran ing awak kaya ta asam lambung lan lendhir ing saluran ambegan.[3]
- Minangka obat tètès mata kanggo ngambakaké pupil sadurungé pemeriksanan mata lan ngobati amblyopia (mata males)[4]
- Ngelawan bradikardi sing mbebayani
- Bebarengan karo neostigmin bisa mulihaké penghambatan neuromuskuler kompetitif[5]
Dhosis
besutDhosis miturut ganggunan médhis sing ditandhang ya iku:
- Bradikardia. Dhiwasa 500 mcg, panganggonan 3-5 menit pisan (maksimal nganggo 3 mg saben dina)
- Divertikulosis. Dhiwasa 0,16 – 1,2 mg saben dina
- Operasi refraksi mata. Dhiwasa 1 tétés, 1-2 panganggonan sadurungé operasi ditindakaké. Bocah 1-2 tètès. 1-3 panganggonan sadurungé operasi ditindakaké
- Keracunan organofosfat. Dhiwasa 2 mg disuntik ing intravena (IV) saben 10-30 menit sepisan. Bocah 20 mcg saben kg bobot awak, panganggonan saben 5-10 menit sepisan.[6]
Interaksi obat
besutMenawa atropin dipigunakaké bebarengan karo obat liya bisa nyebabaké pirang-pirang risiko ya kuwi:
- Bisa njedhulaké èfèk samping obat atropin menawa digunakaké bareng quinidine, antidepresan, lan antihistamin.
- Bisa njedhulaké èfèk samping obat digoxin menawa digunakaké bareng digoxin.
- Ngedhunaké èfèktivitas atropin menawa digunakaké bareng pilocarpine, trihexyphenidyl, tolterodine, scopolamine, hyoscyamine, amitriptyline, lan diphenhydramine
- Ngedhunaké èfèktivitas obat aripiprazole, trifluoperazine, sulpiride, risperidone, quetiapine, promethazine, perphenazine, paliperidone, haloperidol, lan clozapine menawa digunakaké bareng atropin.
- Ana risiko njedhulaké hipertènsi lan ganggunan detak jantung menawa digunakaké karo phenylephrine.[7]
Èfèk samping
besutNalika migunakaké atropin ana èfèk samping sung umum ditemoni ya kuwi:
- Lambé dadi garing
- Mumet
- Awak krasa lemes
- Kembung
- Dhegelen
- Sènsitif sorot cahya sing padhang
- Kulit krasa garing lan panas
- Angèl nguyuh
- Kringeten sethithik
- Ngantuk
- Midriasis
- Palpitasi
- Takikardia[8]
Èfèk samping sing mbebayani lan kudu madhegaké panganggonan atropin ya iku:
- Jantung dheg-dhegan cepet
- Ruam kulit lan gatel-gatel
- Angèl ambegan
- Cangkem lan ilat bangkak
- Gurung dadi sempit
- Angèl micara lan ngolu
- Halusinasi
Kapustakan
besut- ↑ Rafinesque, Constantine Samuel (1828). Medical Flora; Or, Manual of the Medical Botany of the United States of ... - Constantine Samuel Rafinesque - Google Books. Dibukak ing 2012-11-07.
- ↑ Riawati. "Atropin". Alomedika. Dibukak ing 2020-05-27.
- ↑ Hapsari, Annisa (2020-05-11). "Atropin (Atropine)". Hello Sehat. Dibukak ing 2020-05-27.
- ↑ Olivia (2018-11-12). "Atropine". SehatQ. Diarsip saka sing asli ing 2021-02-28. Dibukak ing 2020-05-30.
- ↑ "ATROPIN SULFAT". Pusat Informasi Obat Nasional Badan Pengawas Obat dan Makanan. Diarsip saka sing asli ing 2020-05-29. Dibukak ing 2020-05-30.
- ↑ Verizarie, Rhandy (2020-01-18). "Atropin: Manfaat, Dosis, Efek Samping, dll". Dokter Sehat. Diarsip saka sing asli ing 2020-03-21. Dibukak ing 2020-05-30.
- ↑ "Atropin". Alodokter. 2019-02-18. Dibukak ing 2020-05-30.
- ↑ "Honestdocs". Honestdocs. 2019-02-22. Dibukak ing 2020-05-30.