Bab I Piagam PBB
Wikisumber gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |
Bab I Piagam PBB nggambaraké tujuan lan prinsip-prinsip organisasi Perserikatan Bangsa-Bangsa. Prinsip-prinsip iki kalebu bab pepadha (equality) lan mandhirèng pribadi (self-determination) bangsa-bangsa lan kawajiban nagara anggota matuhi Piagam PBB, kerjasama karo Dewan Keamanan PBB lan nggunakaké cara-cara damai kanggo ngrampungaké persengkétaan.
Pasal 2, ayat 3-4 intiné nglarang perang (kajaba béla dhiri) kanthi ukara, "Kabèh anggota kudu ngrampungké persengkétaan internasional kanthi cara damai saéngga perdamaian, keamanan lan kaadilan internasional ora kajlungup ing bebaya. Kabèh anggota PBB kudu mandheg (sajeroning gayutan internasionalé) saka nggunakaké ancaman utawa migunakaké kakuwatan tumrap integritas teritorial utawa kamardikan pulitik nagara liya, utawa tindhakan liyané kang ora sarujuk karo tujuan PBB." (Hak kanggo béla dhiri ditegasaké manèh ing pasal 51, kang mratélakaké, "Ing Piagam iki, ora ana kang bisa ngilangaké hak individual utawa kolèktif kanggo béla dhiri yèn kadadéan serangan nganggo gaman tumrap sawijining nagara anggota PBB...."
Pasa 2, ayat 7 Piagam iki nandhesaké manèh yèn mung Dewan Keamanan PBB kang duwé kakuwasan kanggo meksa sawenèh nagara kanggo ngayahi apa waé, kanthi pratélan: "Ora ana ing kandhutan Piagam iki kang mènèhi kakuwasan marang PBB kanggo campur tangan tumrap urusan wigati sajeroning yurisdiksi dhomèstik sawenèh nagara utawa njaluk supaya nagara anggota ngajokaké urusan mau kanggo dirampungaké déning Piagam iki; nanging prinsip iki ora kena nyélaki (prejudice) panerapan kakuwatan kang kapacak ing Bab VII." (Mung Dewan Keamanan bisa migunakaké cara peksa kaya mau ing Bab VII).
Uga delengen
besutPranala njaba
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |