Babad iku salah siji gènré sastra, mligi ing sastra Jawa. Karya-karya sastra mawa gènré babad racaké ngemu camboraning sajarah, mitos, lan kapitayan.[1] Miturut M. C. Ricklefs, patitising kandhutan babad ana manéka rupa, nanging ana sawatara babad kang kandhutané bisa ingaran rada titis tur bisa dadi sumbering sajarah kang migunani.[2]

Pérangan gedhé babad tinulis ing wujud macapat, nanging uga ana kang tinulis ing wujud gancaran. Ana pérangan cilik babad kang tinulis ing basa Bali. Ing Bali, karya-karya mawa gènré babad racaké tinulis ing jamaning Karaton Gelgel (1340-1705).[1]

Ètimologi besut

Tembung "babad" iku tembung Jawa kang tegesé "negori wit-witan kanggo yasa padésan".[3] Gegayutané karo gènré sastra babad iku amarga carita utawa sajarah kang kinandhut ing karya babad padatan kawiwitan saka pambabading alas kanggo yasa padésan ing carita.

Pamérang besut

Dhedhasar jinising tulisané, babad kapérang dadi macapat lan gancaran. Sanajan pérangan gedhé babad tinulis ing wujud macapat, nanging ana uga kang tinulis ing wujud gancaran kaya ta Babad Pagedhongan lan Babad Sruni.[1]

Dhedhasar kandhutané, babad sok kapérang dadi telung jinis.[1]

  1. Babad kang ngemu sajarahing panggonan kaya ta: Babad Tanah Jawi, Babad Kartasura, Babad Banten, Babad Bandawasa, Babad Pathi, Babad Wirasaba, Babad Brebes, lan Babad Kebumèn
  2. Babad kang ngemu sajarahing pawongan kaya ta: Babad Ajisaka, Babad Arungbinang, Babad Dipanegara, Babad Mangkubumi, Babad Pakualaman, Babad Sultan Agung, Babad Trunajaya, Babad Untung Surapati, lan Babad Brawijaya
  3. Babad kang ngemu sajarahing lelakon kaya ta: Babad Bedhah Ngayogyakarta, Babad Giyanti, Babad Pacina, lan Babad Prayut

Dhedhasar basané, pérangan gedhé babad tinulis ing basa Jawa. Mung pérangan cilik babad kang tinulis ing basa liyané kaya ta Babad Pasek, Babad Arya, lan Babad Bulèlèng kang tinulis ing basa Bali[1] lan Bhābhād Soengenep kang tinulis ing basa Madura.

Kandhutan besut

Babad sok ngemu unsur-unsur irasional lan magis kang memuji ratu dalah wangsané (dhinasti). Pamuji iku ingaran minangka pambudidaya nggegedhé begja lan sektining ratu minangka punjering pamuja tur wewakiling Gusti ing donya.[1]

Ing sor iki contoning pamuji ing Babad Pagedhongan.

Babad Pagedhongan
Kanjeng Sultan Agung paring pangandika manèh, "Kakang Pengulu, muga aja ndadekaké kaliruning pamikirmu, ing sarèhning ingsun iki Kalifatullah, apa ora béda karo kawulaningsun?" Kyai Pangulu matur, "Nuwun saèstu sanès sanget katimbang kaliyan kawula dalem. Sabab sarira dalem Nata, punika wewakiling Allah mustikaning jagad raya jumeneng ngasta pangwasa kukum adil leres, langgeng rineksèng bawana."

Réferènsi besut

  1. a b c d e f Widati, Rahayu & Prabowo 2015, kc. 49–50.
  2. M. C. Ricklefs, A History of Modern Indonesia since c. 1200, Palgrave MacMillan, New York, 2008 (terbitan ke-4), ISBN 978-0-230-54686-8
  3. Poerwadarminta 1939.

Pratélan pustaka besut

  • Poerwadarminta, W. J. S. (1939). Baoesastra Djawa. J. B. Wolters' Uitgevers-Maatschappij N. V. Groningen.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Widati, Sri; Rahayu, Prapti; Prabowo, Dhanu Priyo (2015). Ensiklopedi Sastra Jawa. Balai Bahasa Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 978-979-18523-5-7. OCLC 804977586.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)