Macapat

tembang kang kalumrah ing layang-layang anyar.

Macapat [ꦩꦕꦥꦠ꧀] iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Saben padha macapat ndarbèni ukara salarik kang diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawatara guru wilangan (suku tembung) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan kang diarani guru lagu.[1] Macapat kanthi jeneng kang béda uga bisa tinemu sajeroning kabudayan Bali[2], Sasak[3], Madura[4], lan Sunda. Kajaba iku macapat uga naté tinemu ing Palembang[5] lan Banjarmasin.[6] Adate macapat ngemu teges minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku tembung).[7] Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana.[7] Ana praduga, macapat tuwuh ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané prabawa Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kaanan ing Jawa Tengah.[8] Amarga ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis kawentar sadurungé teka Islam.[8]

Artikel iki wis diusulaké dadi artikel pilihan. Sawijining artikel pilihan kudu arupa asil karya Wikipedia sing apik, lan ngebaki kriteria tinamtu. Mangga maringi komentar lan mèlu nyengkuyung ndandani kanggo ningkataké kualitas artikel iki.

Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, lumrahé ditulis nganggo metrum macapat.[9]. Sawijining tulisan sajeroning wangun prosa utawa gancaran lumrahé ora dianggep asil karya sastra nanging mung kaya déné 'pratélan isi' waé.[9] Sawetara conto karya sastra Jawa kang ditulis sajeroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama[10], Serat Wulangreh[11], lan Serat Kalatidha.[12]

Puisi tradhisional Jawa utawa tembang adaté dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé.[13] Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé wujud kakawin utawa gurit tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dicakaké prabédan antara suku tembung dawa lan cendhak.[13] Saliyané iku tembang tengahan uga bisa tegesé kidung, gurit tradhisional sajeroning basa Jawa Tengahan.[14]

Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan sajeroning macapat iku béda lan luwih gampang dicakaké sajeroning basa Jawa amarga béda karo kakawin kang didhasaraké marang basa Sangskerta, sajeroning macapat prabédan antara suku tembung dawa lan cendhak dilirwakaké.[13]

Aturan-aturan sajeroning macapat mau antarané:

Déné, tembang utawa sekar sajatiné ana warna-warna. Lumrahé dipérang dadi telung jinis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.

Étimologi

besut

Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda.[7] Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana.[7]. Sawijining nimpuna Sastra Jawa, Arps ngandaraké sawatara makna liya ing bukuné Tembang in two traditions.[7]

Sajabané kang wis kapacak ing dhuwur, makna liya yaiku tembung -pat tegesé cacahing tandha diakritis (sandhangan) sajeroning aksara Jawa kang relevan sajeroning panembangan macapat.[7]

Banjur miturut Serat Mardawalagu, kang dianggit d’ening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu kang tegesé "nglgokaké nada kapapat".[7] Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.[7] Miturut ujaring kandha maca-sa kalebu kategori tuwa dhéwé lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga pura Yogiswara saka Kadhiri.[7] Nyatané iki kalebu kategori kang saiki ingaran kanthi jeneng tembang gedhé.[7] Maca-ro kalebu jinis tembang gedhé yaiku cacahing ‘’bait’’ (pada?) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara iku cacahing sukukata (wanda?) sajeroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.[7] Maca-tri utawa kategori kang katelu yaiku tembang tengahan kang miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita pura Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré.[7] Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.[7]

Sajarah

besut

Macapat minangka sebutan metrum gurit jawa tengahan lan jawa anyar, kang nganti saiki isih ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé.[15] Poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo geguritan basa Jawa tengahan, nalika macapat wiwit kaloka, durung diweruhi kanthi premana. Pigeaud duwé panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan kalamangsa Islam. Pratélan Pigeaud kang asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné kang mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira dhedhasar analisis marang sawatara panemu lan pratélan. Yèn nyata pola metrum kang dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola metrum tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan masarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki dhedhasar angka taun kang ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. (Saputra, 1992: 14) Bab iki dhedhasar pola metrum macapat kang paling wiwitan kang ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuna, jawa tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira iku cocog uga karo panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, yaiku jawa kuna, jawa tengahan lan jawa anyar. Sajeroning Mbombong manah I (Tejdohadi Sumarto, 1958: 5) disebutaké yèn tembang macapat (kang nyakup 11 metrum) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Nanging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji wong, nanging déning sawatara wali lan bangsawan. (Laginem, 1996: 27). Para pancipta iku yaiku Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu kang duwé prabédan ngenani lairé macapat. Panemu sapisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.

A). Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing jaman Majapahit pungkasan nalika prabawa kabudayan Islam wiwit surut (Danusuprapta, 1981: 153-154). Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn tembang tengahan ora ana. (Poerbatjaraka, 1952: 72)

B). Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing wektu prabawa kabudayan Hindhu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing jaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing jaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar kang akèh disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa pertengahan kang biyasa ingaran kitab-kitab kidung, banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar wujud kitab-kitab suluk lan kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan kang gedhé marang perkembangan macapat.

C). Tembang macapat dhedhasar perkembangan basa Sajeroning hipotèsis Zoetmulder (1983: 35) disebutaké yèn kanthi linguistik basa jawa pertengahan dudu wujud pangkal basa jawa anyar, nanging wujud rong cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajeroning kalamangsa Hindhu – Jawa nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané prabawa Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah kang béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé tumuwuh ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing Bali.

Sekar macapat utawa sekar alit

besut

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang lumrahé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka wiwit bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:

  • Maskumambang: Nggambaraké jabang bayi kang isih ana kandhutané ibuné, kang durung kawruhan lanang utawa wadon. Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang menyang kandhutané ibuné.
  • Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
  • Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan kang paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
  • Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa lumaku ngambah panguripan ing alam donya.
  • Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
  • Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarané priya lan wanita kang padha duwé rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
  • Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula iku wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagi ndandanggula.
  • Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yèn wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha-padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
  • Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah péngin wèwèh marang sapadha-padha.
  • Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
  • Pocung: Yèn wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sadurungé dikubur.

Pasemoné macapat

besut

Pasemone Macapat yaiku watak kang ana ing utawa gambaraké jinising tembang macapat, kajaba[16]:

  • Pocung wataké kendho tanpa greget. Apike utawa cocogé kanggo medharake piwulang becik.
  • Gambuh wataké rumaket, kulina, wanuh wani. Apike utawa cocoge kanggo medharaké pitutur kang rada sereng marag wis kulina/kenal.
  • Durma wataké galak, jèngkèl, utawa muntap. Apiké utawa cocoge medharaké ati sing lagi nesu lan sereng kanggo ing crita perang.
  • Mijil wataké wedharing rasa utawa ati. Apiké kanggo carita kang isi pitutur, utawa gandrung.
  • Sinom wataké grapyak, semanak, nanging sok-sok wekasané sereng marga ora dituruti karepé.
  • Pangkur wataké sereng, kang nggambaraké karèp kang ora gampang nglokro (putus asa). Kanggo ing pitutur kang rada sereng.
  • Kinanthi wataké seneng, asih utawa tresna. Kanggo mituturi kanthi rasa katresnan.
  • Asmaradana wataké sengsem, seneng, sedhih, prihatin. Kanggo crita kasmaran.
  • Dhandhanggula wataké luwesan, resèp (menarik hati). Kanggo piwulang, lèk-lèkan bayi, kidungan.
  • Maskumambang wataké sedhih, nalangsa, utawa keronta-ronta.
  • Megatruh wataké sedhih utawa susah, kaworan nglokro (putus asa). Kanggo crita susah.

Sekar Madya utawa Sekar Tengahan

besut

Macapat jinis iki kaya déné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.

Sekar Ageng

besut

Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yèn dideleng saka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuna.

Guru Gatra Guru Wilangan

besut

Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa ditata sajeroning tabel kaya ing ngisor iki:


Tuladha

besut

Perkembangan macapat

besut

Sajarah perkembangan sastra jawa panjang dawa banget. Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka wis kasil gawé ikhtisar isi kang nyuguhaké pambabakan dhedhasar jaman pusaka-pusaka iku tinulis déning para apngriptané.

Sastra Jawa Kuna

besut

Karya sastrané yaiku kakawin Ramayana, kakawin Bharata Yudha.

Sastra Jawa Pertengahan

besut

Miturut panemu para ahli sastra lan sastra jawa, bates wektu kang dicakaké tumrap sastra jawa kuna diwiwiti jawa purba nganti waara taun 1400. Kanggo sastra jawa pertengahan, wiwit taun 1400-1700, déné sawisé taun mau nganti saiki diarani sastra jawa anyar. Karya sastrané yaiku, Tantu pangelaran lan Kidung Sundayana.

Sastra Jawa Jaman Islam

besut

Sajeroning lembaran sastra jawa jaman Islam, ana telu pusaka kang judhulé migunakaké tembung Niti, kang tegesé tuntunan. Yaiku Nitisewaka, Nitisruti lan Nitipraja. Katelu pusaka iku nadané padha, yaiku isi tuntutan. Nitisewaka dianggit ing jaman papréntahan Sinuwun Mangkurat II ing Kartasura,déné Nitipraja digawé ing jaman papréntahan Sultan Agung ing Mataram. Nitisruti ditulis déning Pangeran Karang Gayam, yaiku sawijining pujangga krajan Pajang kang manggon ing Karang Gayam. Asma sakbeneré yaiku Pangeran Tumenggung Sujanapuro, kang miturut silsilah isih gantung siwuré R. Ng. Ranggawarsita.

Sairing karo sumebaré ajaran Islam, kanthi ora langsung, prabawa kabudayan Islam agawé owah-owahan ing wangun gurit jawa. Saka kakawin kang mawa metrum India dadi kidung kang mawa metrum Jawa. Kalungguhan kakawin kang sadurungé minangka gurit resmi digantèkaké déning kidung. Nalika iku kidung dimanfaataké déning para intelektual Islam kanggo nyebaraké ajaran Islam ing pasisir lor (Giri, Surabaya, Demak). Nanging, suwéning suwé kauripan kidung gèsèr uga saka Jawa menyang Bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran lan muncul istilah macapat pesisiran.

Sawisé punjer panyebaran agama Islam pindhah saka tlatah pasisir menyang pedalaman, yaiku Mataram, kabudayan jawa ngalami pangyasa. Ing jaman Sultan Agung ana restrukturisasi kabudayan jawa. Kabudayan Jawa dikristalisasi lan dimantebaké, umpamané macapat dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga dimodernaké, umpamané, kanthi owahan Kalèndher Jawa minangka asil rekayasa perpaduan taun Saka lan taun Hijriyah.

Sastra Jawa Jaman Surakarta Wiwitan

besut

Jaman krajan Surakarta wiwitan, sastra Jawa ngalami jaman keagungan. Akèh banget asil sastra kang diciptakaké lan isiné uga manéka warna. Bab iki tuwuh saka pengayoman para ratu kang pinuju mengku praja lan wektu semana Basa Jawa minangka basa dinas papréntahan. Saliyané iku, para ratu lan para satriya punggawané mèlu nggubah pustaka. Bab iki minangka stimulan tumrap para peminat lan sutresna budaya padha nyonto. Sri Susuhunan Pakubuwana III, Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Sri Susuhunan Pakubuwana V, KGPAA. Mangkunagara IV, R. Ng. Sindu Sastra, KPA. Kusumadilaga lan liyané,minangka tokoh-tokoh papréntahan pinunjul lan mèlu njurung ngembangaké kasusatran Jawa saliyané para pujangga kang diwisuda. Sauntara kang bener-bener anggawa sastra jawa lumebu ing abad keemasan ing jaman mau yaiku R. Ng. Yasadipura I, pujangga pisanan kraton Kasunanan Surakarta Adiningrat. R. Ng. Yasadipura II utawa R. T. Sastranagara minangka pujangga Kasunanan kang kaloro.

Pesen sajeroning Macapat

besut

Ing sajeroning tembang macapat kakandhut angkah awujud pesen. I Made Purna mratélakaké yèn: “ manéka makna lan swasana kang dikandhut ing sajeroning tembang macapat kanggo ngandaraké pesen utawa amanat. Kandhutan peswn kang kasusun sajeroning wangun tetalèn tembung mawa kaidah utawa pathokan kang baku “ Miturut Teeuw kang dikutip déning Laginem, miturut konsèp semiotik, karya sastra dianggep otanam lan komunikatif. Komunikatif duwé makna yèn karya sastra diwadhahi sajeroning modhèl komunikasi. Sajeroning modhèl komunikasi ana unsur komunikator (penyampai), ‘’message’’ (pesan), komunikan (penerima). Komponèn-komponèn iku kanthi fungsiné dhéwé-dhéwé bisa dianggo njlèntrèhaké manéka konsèp sajeroning macapat. Minangka sawijining pesen, macapat duwé ciri lan makna miturut angkah kang dikarepaké. Conto:

1. Serat Wulangrèh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para nom-noman. Ing sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha, kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.

2.Serat Tripama Isi pesen serat iki diandaraké liwat pralambang utawa penampilan lakon pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh kang dadi tuladha yaiku Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna Sastrabahu, Kumbakarna saka epos Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna saka epos Mahabarata. Miturut katelu tuladha mau, isi pesené wujud tuladha sipat satriya kang pantes dianut.

3.Wirawiyata Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran keprajuritan. Bab kang kakandhut wujud janji prajurit, disiplin, kataatan, katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.

4.Serat Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen kang ana sajeroning karyaiku wujud adat istiadat, sopan santun, aji karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan anak minangka pendhukung aji sosial wong tuwa lan sanak sadulur, kawruh kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi.

5.Wulang Estri Isi pesen sajeroning serat iki ditujokaké marag para wanita kang bakal nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair batin, isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat bojo, teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké kanthi paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate, Dewi Citrawati lan lima driji tangan. Simbul-simbul iku mènèhi gambaran ngenani kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah.

6.Candra Rini Isi pesen sajeroning serat iki wujud ajaran moral tumrap kaum wanita sajeroning urip omah-omah. Konsep ajaran kang awangun deskripsi sipat, watak, prilaku istri Arjuna supaya dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna kang djadi perlambang yaiku Sumbadra, Manuhara, Ulupi, Gandawati, Srikandi, Manikarja, Maeswara, Rarasati lan Sulastri.

7.Serat Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen kang dikarepaké dadi tuladha déning warga kraton Surakarta wektu semana. Isi pesen iku mligi ing babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika (tingkah laku), religiusitas (ketuhanan) lan sosial.

Rujukan

besut
  1. Kamus Besar Bahasa Indonesia dalam jaringan
  2. Hinzler (1994:v-vi)
  3. Van der Meij 2002, kc. 170
  4. Sudjarwadi et al (1980)
  5. Drewes (1977:198-217)
  6. Koroh et al. (1977:27-29) dikutip saka Arps (1992:7)
  7. a b c d e f g h i j k l m Arps 1992, kc. 62-63
  8. a b Pigeaud 1967, kc. 20
  9. a b Ras 1982, kc. 309
  10. Ras 1982:313
  11. Ras 1982:314
  12. "Ranggawarsita, serat Kalatidha-Een duistere tijd". Diarsip saka sing asli ing 2010-04-26. Dibukak ing 2010-05-02.
  13. a b c Arps 1992, kc. 14-15
  14. Arps (1996:51)
  15. Macapat web Indonesia[pranala mati permanèn]
  16. Sesuluh Basa Jawi. Solo: Tiga Serangkai. 1981. kc. 82–83.

Deleng uga

besut

Pranala njaba

besut
Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa