Serat Kalatidha

serat kalatidha

Serat Kalatidha iku sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. Isiné prakara pasambatané yèn ing jaman samono wong kudu mèlu-mèlu prakara kang kalebu ala supaya bisa 'maju'. Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860 Masehi. Kalatidha iku salah siji karya sastra Jawa kang kawentar. Malah nganti saiki isih akèh wong Jawa, mligi kalangan tuwa kang isih apal paling ora siji pada syair iki, ya iku pada kapitu.

Latar wuriBesut

Kalatidha iku dudu karya Rangga Warsita kang paling dawa. Syair iki mung ana 12 sajeroning metrum Sinom. Kala tidha kanthi barès tegesé "jaman édan", kaya kang ditulis déning Rangga Warsita dhéwé. Kocap kacarita, Rangga Warsita nulis syair iki nalika pangkaté ora diundhakaké kaya kang dikarepaké. Banjur panjenengané gawé generalisasi saka kaanan iki, lan nganggep kanthi umum yèn jaman nalika semana minangka jaman édan lan krisis. Wektu iku Rangga Warsita minangka pujangga karajan ing Kraton Kasunanan Surakarta. Panjenengané iku pujangga panutup utawa "pujangga pungkasan", awit sawisé iku ora ana "pujangga kraton" manèh.

MaknaBesut

Syair Kalatidha bisa dipérang dadi telung pérangan, ya iku: pérangan kapisan wujud pada 1 nganti 6, pérangan kaloro wujud pada 7, lan pérangan katelu wujud pada 8 nganti 12. Pérangan pisanan ya iku mangsa kang miturut Rangga Warsita wujud kaanan tanpa adeg-adeging bebener. Pérangan kaloro isiné katekadan lan mawas dhiri. Pérangan katelu isiné sikap kang tangat marang agama sajeroning masarakat.

TèksBesut

Pupuh Sinom

Serat Kalatidha ing LeidenBesut

Serat Kalatidha misuwur banget nganti tekan kutha Leiden, Walanda. Ing kéné pethikan saka Serat Kalatidha sinurat ing sawijining témbok omah.

Uga pirsananaBesut

  • Zaman Édan buku anggitan Kamadjaja kang isiné sawijining analisis tèks iki.

Pranala njabaBesut