Tembung Qada tegese pirang-pirang, bisa ukum, pepesthen, dhawuh, karsa, pakabaran, lan pangriptan. Dene miturut istilah, Qada yaiku pepesthening Allah Swt wiwit jaman azali babagan kabeh samubarang kang gegayutan marang para titah miturut iradat (karsaning Allah Swt), kang kalebu becik lupute, urip patine, lan sakpanunggale.

Tembung Qadar miturut basa tegese pepesthen, pranatan, lan petungan/ukuran. Dene miturut istilah, Qadar yaiku wewujudane pepesthen (qada) marang kabeh samubarang kang gegayutan marang para titah wiwit jaman azali miturut iradat. Qadar uga sinebut takdire Gusti Allah Swt kang lumaku kanggo kabeh para makhluk (titah), ya iku kang wis dumadi, lagi dumadi, lan bakal dumadi.

Saka telung pangerten kasebut, bisa dikawruhi yen iman marang qada lan qadar yaiku mitayani kanthi temen anane pepesthening Allah Swt kang lumaku marang kabeh makhluk (titah). Kabeh iku mau minangka bukti gedhene panguwasane Gusti Allah Swt. Dadi kabeh samubarang kang dumadi ing jagad iki wis dipesthekake dening Allah Swt. Kaya pangandikane Gusti Allah ing Surat Al Furqaan:

الَّذِيْ السَّمٰوٰتِ وَا لْاَرْضِ وَلَمْ يَتَّخِذْوَلَدًاوَّلَمْ يَكُنْ لَّشَرِيْكٌفى .الْمُلْكِ وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ فَقَدَّرَهُ تَقْدِيْرًا

Lan kagungane kabeh kraton kang dumunung ing langit lan bumi, lan Dheweke ora nduwèni putra, lan ora ana sekutu kanggo dheweke ing sajroning panguasane, lan Dheweke kang ngriptakake samubarang kabèh, lan Dheweke ndadekake petungan kanthi rapi. (Surat Al Furqaan:2).


Lelandhesan Ukum Qada lan Qadar

besut

Iman marang Qada lan Qadar ukume fardhu 'ain. Sawijining wong kang ngaku wong Islam ananging ora iman marang Qada lan Qadar bisa dianggep murtad. Ayat-ayat Kuran kang njlentrehake bab iman marang takdir lumayan akeh.

اِنَّاكُلَّ شَيْءٍخَلَقْنٰهُ بِقَدَرٍ.

Satemene Ingsun wus ngripta kabeh samubarang miturut pétungan (Surat Al Qamar:49).

مَآاَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ فِى الْاَرْضِ وَلاَ فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اِلاَّ فِيْ كِتٰبٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ نَّبْرَاَهَا، اِنَّ ذٰ لِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ.

Ora sawijining bilai kang tumeka ing bumi lan ora uga ing awakmu dhewe ananging wus tinulis ing sajroning serat Lauhul Mahfudz sadurunge Kita ngriptakake. Satemene kang mangkono iku gampang kanggone Gusti Allah (Surat Al Hadiid:22).

Takdir Muallaq lan Mubram

besut

Apa uripe manungsa iku dipeksa dening pepesthening Gusti Allah utawa diwènèhi kamardhikan kanggo nemtokaké pilihane dhewe? Ora bener yen uripe manungsa iku mutlak saka pepesthening Gusti Allah, ananging uga kleru yen duwèni panemu uripe manungsa iku mutlak pepenginane manungsa.

Ana sawetara perkara sajroning uripe manungsa kang bisa diowahi lan ana uga kang ora bisa diowahi. Loro perkara kasebut asring sinebut takdir muallaq lan mubram.

1) Takdir Muallaq

Takdir Muallaq yaiku qada lan qadare Gusti Allah kang isih gumantung marang upaya utawa ikhtiyare manungsa. Sawijining tuladha wong kang kepengin sugih, pinter, sehat, lan liya-liyane kudu mbudidaya piye carane supaya bisa ginayuh. Ora mungkin kabeh mau ginayuh tanpa mbudidaya. Allah paring pangandika ing Surat Ar Ra’d babagan iku.

...اِنَّ اللّٰهَ لاَ يُغَيِّرُوْامَابِاَنْفُسِهِمْ

Satemene Gusti Allah ora ngowahi kahanan sawijining kaum saéngga dhèwèké padha ngowahi kahanan kang ana ing dheweke dhewe-dhewe (Surat Ar Ra’d:11)

2) Takdir Mubram

Takdir mubram yaiku qada lan qadare Gusti Allah Swt kang wis ora bisa maneh diowahi déning manungsa, senadyan wis mbudidaya (ikhtiyar) lan tawakal. Perkara iki dijlentrehake dening Allah ing sajroning Surat Al A’Raaf ayat 34 kaya ing ngisor.

وَلِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌ، فَاِذَاجَآءَاَجَلُهُمْ لَايَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةًوَّلَايَسْتَقْدِمُوْنَ.

Saben-saben umat nduweni watesing wektu. Mula nalika wis ngancik titi wancine padha ora bisa ngundurake senadyan sedhiluk bae lan uga ora bisa diajokaké (Surat Al A’Raaf:34).

Iman Marang Qada lan Qadar kanthi Ikhtiyar, Pandonga, lan Tawakal

besut

Kita kudu yakin yen apa wae kang dumadi lan nemahi minangka pepesthening Gusti Allah. Pepesthen iku kudu ditampa kanthi ati kang sabar, ikhlas, lan kebak pangarep-arep, yen kedadeyan mau kabeh ngêmot hikmah kang lumayan gedhe kanggone wong-wong kang padha iman. Sawijining muslim kang iman marang qada lan qadar bakal nduweni tata lan tumindak kaya mangkene:

1) Ikhtiyar

Sakabehing samubarang kang dumadi ing donya iki nduwèni ukum sebab lan jalarane. Ya ukum iki kang bakal dadi panentu takdire manungsa. Sawijining muslim kang yakin anane qada lan qadar Gusti Allah bakal ngupaya sabecik-becike kanthi pangarep-arep supaya ing tembe mburine bakal entuk kasil kang becik uga. Upaya iki kang sinebut ikhtiyar.

2) Donga

Donga minangka kegiatan nyenyuwun mring Gusti Allah kang nduweni pengaruh gedhe kanggone manungsa. Kaputusan marang kabeh samubarang kang wis dibudidaya ikhtiyar, yaiku amung karana Allah. Liwat donga, kita nyenyuwun marang Gusti Allah supaya bisa antuk takdir becik kang kebak rahmat, barokah, lan diridhoi Gusti Allah. Donga uga bisa dadi panyurunging pribadhi, sebab Gusti Allah wis janji ing sajroning Surat Al Baqarah ayat 186 kanggo ngijabahi kabeh panyuwunan para abdiné. Donga marang Gusti Allah kanthi khusyuk lan ikhlas yaiku wujud kapercayan kang jero sajroning mangerteni hakekate qada lan qadaring Gusti Allah.

3) Tawakal

Tawakal tegese masrahi kabeh kaputusan marang Allah sawise mbudidaya utawa ikhtiyar. Allah iku dzat kang Maha Ngerti. Mula pepenginan kang wis diupaya kanthi ikhtiyar lan dibarengi pandonga durung bisa kasil, bisa uga minangka perkara kang ora becik kanggone kita. Ananging husnudzan mring Gusti Allah lan pamikiran kang becik (optimistis) yaiku wujud tawakal kang nggambarake iman marang qada lan qadar.