Srikandhi

(Kaelih saka Srikandi)
Srikandhi
Srikandi sajeroning pewayangan Jawa
Srikandi sajeroning pewayangan Jawa
Déwanagari: शिकण्ढी
Aksara Jawa: ꦢꦺꦮꦶꦱꦿꦶꦏꦤ꧀ꦝꦶ
Éjaan Sanskerta: Śikhaṇḍin; Śikhaṇḍinī
Jeneng liya: Sikandin; Sikandini;
Bismahanta
Asal: Kraton Panchala
Sisihan: Arjuna

Srikandhi utawa Dèwi Srikandhi, utawa Wara Srikandhi (Sangskreta Śikhaṇḍī) iku paraga ing wiracarita Mahabharata. Srikandhi iku putriné Prabu Drupada (jeneng enomé Sucitra), ratu saka nagara Cempalaraja.[1]

Srikandhi kondhang minangka prajurit èstri. Kedadéyan iku nalika Srikandhi lumaku metu saka kraton, banjur nemu kalung kembang teraté sing ana ing gapura kraton. Kembang iku wujud kembang sing ditinggal déning Dèwi Amba ana ing nagara Pancala minangka pratandha dendam, sapa waé kan migunakaké kalung iku, wong iku sing bakal merjaya Begawan Bisma.

Lairé Srikandhi

besut

Dewi Srikandhi iku dumadi saka geni kang dipuja déning Prabu Drupada.[2] Drupada tumindak mangkono kanggo golèk cara males wirang marang Bambang Kumbayana (Pandhita Durna).[2] Prabu Drupada tau diwirang-wirangaké déning para muride Durna ya iku Kurawa.[2] Prabu Drupada dilarak – larak kaya wong sudra.[2] Durna tumindak mangkono kanggo males lara atiné nalika dipulasara Gandamana (patihe Drupada) jalaran nalika semana Durna anggoné matur marang prabu Drupada amung njangkar (ora basa).[2] Gandamana nesu lan Bambang Kumbayana|Bambang Kumbayana dipala nganti rusak awaké.[2] Amarga lara atine, Prabu Drupada muja geni.[2] Saka tengahé geni katon bayi loro, lanang lan wadon.[2] Banjur bayi mau pinaringan asma Srikandhi lan Arya Dresthajumena.[2] Saliyané iku Srikandhi uga duwé sadulur wadon asma Dewi Drupadi, kang ora liya garwane Puntadewa.[2] Yèn ing carita wayang, Srikandhi digambaraké minangka prajurit wanita sing peng – pengan.[3] Nalika isih enom dhèwèké merguru manah marang Radèn Arjuna|Radèn Arjuna.[1] Banjur dhèwèké dipèk bojo déning Radèn Arjuna.[1]

Dèwi Srikandhi tau dilamar déning Prabu Jungku Mardea saka nagara Parangkubarja.[3] Prabu Drupada, bapaké Srikadhi seneng karo lamarane Jungku Mardea, nanging Srikandhi ora seneng. Banjur dhèwèké madul marang Arjuna.[3] Arjuna mbela Srikandhi, banjur Srikandhi dhaup karo Arjuna.[3]

Ingkang maragani

besut

Dewi Srikandhi mripaté jahitan, irunge mbangir, rainé rada ndhangak, nuduhaké dhèwèkée putri kang duwé swara dencing.[1] Dewi Srikandhi nganggo sanggul, arané Sanggul Gedhé.[1] Nduwèni jamang kanthi garudané mengguri.[1] Sapéranganan rambuté diumbaraké polos.[1] Kalungé awujud bulan sabit.[1] Nganggoné kain dodot putrèn.[1]

Patemon Klawan Arjuna

besut

Prabu Drupada nganakaké sayembara kanggo ngrebutaké Dèwi Drupadi.[4] Sapa sira sing bisa nglawan Patih Gandamana bakal dadi bojoné Dèwi Drupadi.[4] Ing sawijining dina Werkudara maju tandhing klawan Patih Gandamala|Patih Gandamala dikancani déning Arjuna.[4] Sanadyan Werkudara kang maju tandhing, nanging Dèwi Drupadi mau digarwa déning Puntadewa.[4] Katon semburat abang ning pipiné Srikandhi nalika satriya gantheng saka Astinapura iku katon ngematké polah tingkahé Srikandhi sinambi mèsem.[4] Ésuké Puntadéwa karo adhi – adhiné lan ibuné, Dèwi Kunthi mara manèh ing Nagara Pancalaretna kanggo nglamar Dèwi Drupadi. Nalika iku Dèwi Srikandhi golèk cara kanggo cedhak karo Arjuna.[4] Pungkasané Srikandhi meguru manah marang Arjuna. Malah sabanjuré Srikandhi digarwa déning Radèn Arjuna. Srikandhi Suwita ing Pandhawa.[2]

Senapati Perang Wanita

besut

Srikandhi iku prajurit wanodya kang cukat, trengginas, omongane ladak, kumreseg, nanging ngrantasi karya, jujur, setya marang garwa, tata kramané genep.[2] Polahé Srikandhi ora béda kaya satriya perang.[5] Kajaba iku Srikandhi pinter perang lan olah panah.[5] Dadi ora klèru yèn para Pandhawa ngangkat Srikandhi dadi Senapati perang ngampingi Arjuna nalika perang Bharatayuda ing lapangan Kurusétra.[4] Ing perang Bharatayudha, Dèwi Srikandhi diutus dadi senapati perangé Pandhawa, nggentèni Resi Seta, satriya saka Wiratha kang séda nalika perang tandhing lawan Resi Bisma, sénapati saka Kurawa. Bhisma kaget nalika wewayangan Dewi Amba|Dewi Amba nyawiji ing ragané Srikandhi.[2] Mesthi waé Srikandhi dudu tandhingané.[2] Srikandhi mulat sigra nyekel panah Pasopati|pasopati.[2] Panah diloloské, banjur disaut déning Dewi Amba ditamakaké ing jajané Bhisma.[2] Getih muncrat, nyawa pegat.[2] [3] Kadadéan iku padha karo kutukané Dewi Amba, putri Prabu Darmahambara, ratu nagara Giyantipura|Giyantipura, kang mati déning Resi Bisma|Resi Bisma.[3]

Sabubare perang, bala kurawa kang isih urip ya iku Aswatama, Karpa lan Kartamarma. Tetelune padha nrabas ing pasanggrahan Pandhawa ing wayah wengi saperlu nyidra para Pandhawa. Nanging mung nemokake Drusthajumena lan Srikandhi. Kekarone banjur ditigas nganti tekane pati.[6]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i Hardjowirogo. 1982. Sajarah Wayang Purwa. Jakarta: Balai Pustaka (halaman 199-200)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q Subardi. 2000. Mutyara Rinonce Budi pekerti ing Pewayangan. Jakarta
  3. a b c d e f Dewi Srikandhi[pranala mati permanèn], situs wèb ki-demang.com (diakses tanggal 5 Maret 2011).
  4. a b c d e f g [Kresna, Ardian.2011.Panah Srikandhi. Yogyakarta: DIVA Press]
  5. a b [Marsono, Hendrosaputro, Waridi. 1999. Ensiklopedi Basa Jawa. Yogyakarta: Lembaga Studi Jawa]
  6. Kartapradja. BRATAJOEDA - 1937 (ing basa Jawa).