Mahabharata (basa Sansekreta: Mahābhārata, Carakan: ꦩꦲꦴꦨꦴꦫꦠ), iku karya sastra kuna sing ujaré ditulis déning bagawan Abyasa utawa Vyasa saka India. Buku iku kabangun saka wolulas kitab, mula diarani Astadasaparwa (asta = 8, dasa = 10, parwa = kitab).

Cekaking wuwus, Mahabharata nyritakaké pasulayan para Pandhawa karo sedulur nak-dhèrèké, para Korawa, prakara nagara Astina. Wusanané dadi perang Bharatayuddha (Brantayuda) ing tegal Kurusétra sajeroning 18 dina.

Pratélan kitab

besut

Mahābhārata minangka carita èpik sing kapérang dadi wolulas kitab utawa kerep ingaran Astadasaparwa. Reroncèning kitab nyaritakaké urutan prastawa sajeroning carita Mahābhārata, yaiku wiwit carita para leluhur Pandhawa lan Kurawa (Yayati, Yadu, Puru, Kuru, Duswanta, Sakuntala, Bharata) nganti carita ditampané Pandhawa ing swarga.

Jeneng kitab Katrangan
Adiparwa Kitab Adiparwa isi manéka carita kang gegayutan karo agama Hindhu, kaya ta carita pamutaran Mandaragiri, carita Bagawan Dhomya sing nguji katelu muridé, carita para leluhur Pandhawa lan Kurawa, carita lairé Resi Byasa, carita nalika cilikané para Pandhawa lan Kurawa, carita tiwasé raseksa Hidimba déning Bhimasena, lan carita Arjuna patutan karo Drupadi.
Sabhaparwa Kitab Sabhaparwa isi carita kumpulé Pandhawa lan Kurawa ing sawijining balé kanggo main dhadhu, saka pokalé Duryodana. Amarga usaha licik Sangkuni, Kurawa kasil menangak kaping loro saéngga miturut prejanjèn, Pandhawa kudu lunga menyang alas sajeroning 12 taun lan sawisé iku uga sesinglon sajeroning 1 taun.
Wanaparwa Kitab Wanaparwa isi carita Pandhawa ing sajeroning mangsa 12 taun pengasingan dhiri ing alas. Sajeroning kitab mau uga dicaritakaké carita Arjuna sing tapa ing gunung Himalaya kanggo ngantukaké pusaka sekti. Carita Arjuna mau dadi bahan carita Arjunawiwaha.
Wirataparwa Kitab Wirataparwa isi carita mangsa setaun Pandhawa sesinglon ing Karajan Wirata sawisé mengalami pengasingan selama 12 taun. Yudistira nyamar minangka ahli agama, Bhima minangka juru masak, Arjuna minangka guru jogèd, Nakula minangka penjinak jaran, Sahadewa minangka bocah angon, lan Drupadi minangka juru rias.
Udyogaparwa Kitab Udyogaparwa isi carita ngenani persiapan perang kulawarga Bharata (Bharatayuddha). Kresna sing tumindak minangka juru bedhami gagal ngrundingaké bedhamèn karo Kurawa. Pandhawa lan Kurawa golèk sekuthu saakèh-akèhé ing penjuru Bharatawarsha, lan amèh kabèh Karajan India Kuna kapérang dadi rong golongan.
Bhismaparwa Kitab Bhismaparwa minangka kitab awal sing nyritakaké ngenani palagan ing Kurukshetra. Sajeroning sawatara bagiané kasisip sawijining pacelathon suci antara Kresna lan Arjuna ngadhepi perang. Pacelathon mau kaloka minangka kitab Bhagavad Gītā. Sajeroning kitab Bhismaparwa uga dicaritakaké guguré Resi Bhisma ing dina kasepuluh amarga usaha Arjuna sing dibantu déning Srikandhi.
Dronaparwa Kitab Dronaparwa nyritakaké carita pengangkatan Bagawan Durna minangka sénapati Kurawa. Durna ngupaya nyekel Yudistira, nanging gagal. Durna palastra ing medan perang amarga ditigas déning Drestadyumna nalika pinuju lemes krungu kabar sing nyritakaké patiné anaké, Aswatama. Sajeroning kitab mau uga dicaritakaké carita guguré Abimanyu lan Gathotkaca.
Karnaparwa Kitab Karnaparwa nyritakaké carita pengangkatan Karna minangka sénapati déning Duryodana sawisé guguré Bhisma, Durna, lan sekuthuné sing liya. Sajeroning kitab mau dicaritakaké guguré Dursasana déning Bhima. Salya dadi kusir kereta Karna, banjur kadadéan pasulayan. Wusanané, Karna palastra ing tangan Arjuna kanthi gegaman Pasopati ing dina angka 17.
Salyaparwa Kitab Salyaparwa isi carita pengangkatan Sang Salya minangka sénapati perang Kurawa ing dina kaping 18. Dina iku uga, Salya palastra ing palagan. Sawisé ditinggal sekuthu lan seduluré, Duryodana anggetuni pratingkahé lan nedya ngendhegaké perang karo para Pandhawa. Bab iku dadi poyokan para Pandhawa saéngga Duryodana kapancing gelut karo Bhima. Sajeroning pancakara mau, Duryodana palastra, nanging isih kober ngangkat Aswatama dadi sénapati.
Sauptikaparwa Kitab Sauptikaparwa isi carita piwalesé Aswatama marang wadya Pandhawa. Ing wayah wengi, Aswatama bebarengan karo Kripa lan Kertawarma nyusup sajeroning kemah wadyabala Pandhawa lan mrejaya akèh wong, kajaba para Pandhawa. Sawisé iku banjur lumayu menyang pertapan Byasa. Dina ésuké disusul déning Pandhawa lan kadadéan pancakara antara Aswatama karo Arjuna. Byasa lan Kresna bisa nglerem prakara iku. Wusanané Aswatama anggetuni pratingkahé lan dadi pertapa.
Striparwa Kitab Striparwa isi carita ratap tangis kaum wanita sing ditinggal déning garwané sing séda ing palagan. Yudistira nyelenggarakaké upacara pambesmèn kunarpa tumrap sing palastra lan mempersembahkan banyu suci marang leluhur. Wengi iku uga Dewi Kunthi nyaritakaké kelairan Karna sing dadi wewadi pribadiné.
Santiparwa Kitab Santiparwa isi carita pertikaian batin Yudistira amarga angrasa wis mrejaya sadulur-seduluré ing palagan paprangan. Wusanané Yudistira diparingi wejangan suci déning Resi Byasa lan Sri Kresna. Kaloroné njlèntrèhaké wadi lan angkah ajaran Hindhu supaya Yudistira bisa nindakaké kawajiban minangka Raja.
Anusasanaparwa Kitab Anusasanaparwa isi carita panyerahan dhiri Yudistira marang Resi Bhisma kanggo nampa ajarané. Bhisma ngajaraké ngenani ajaran Dharma, Artha, aturan ngenani manéka upacara, kawajiban seorang Raja, lan sapanunggalané. Wusanané, Bhisma séda.
Aswamedhikaparwa Kitab Aswamedhikaparwa isi carita upacara Aswamedha déning Raja Yudistira. Kitab mau uga nyritakaké carita paprangan Arjuna kkaro para Raja ing donya, carita kelairan Parikesit sing suwau tiwas sajeroning kandhutan amarga senjata sakti Aswatama, nanging diuripaké manèh déning Sri Kresna.
Asramawasikaparwa Kitab Asramawasikaparwa isi carita lungané Drestarastra, Gandari, Kunti, Widura, lan Sanjaya menyang tengah alas, kanggo ninggal donya karaméan lan nyerahaké singgasana marang Yudistira. Wusanané Resi Narada rawuh ngasta kabar yèn wis tindak menyang swarga amarga diobong déning api suciné dhéwé.
Mosalaparwa Kitab Mosalaparwa nyritakaké kamusnahan bangsa Wresni. Sri Kresna ninggal kraton banjur lunga menyang tengah alas. Arjuna ngunjungi Dwarawati lan pirsa yèn kutha mau wis kothong. Saka pitutur Rsi Byasa, Pandhawa lan Dropadi nempuh urip “sanyasin” utawa ngasingaké dhiri lan ninggal donya kasar.
Mahaprastanikaparwa Kitab Mahaprastanikaparwa nyritakaké carita lelungan Pandhawa lan Dropadi menyang pucuk gunung Himalaya, sauntara singgasana karajan diserahaké marang Parikesit, putu wayah Arjuna. Sajeroning pangumbaran iku, Drupadi lan para Pandhawa (kajaba Yudistira), séda.
Swargarohanaparwa Kitab Swargarohanaparwa nyritakaké carita Yudistira sing nggayuh pucuk gunung Himalaya lan dipapag déning Déwa Indra. Sajeroning lelungan mau, Yudistira dikancani déning asu sing setya banget. Yudistira nulak lumebu swarga yèn kudu ninggal asuné. Sang asu banjur maujud marang ujud sabeneré yaiku Déwa Dharma.


 
Wiracarita Mahābhārata
 

Daftar Kitab: | Adiparwa | Sabhaparwa | Wanaparwa | Wirataparwa | Udyogaparwa | Bhismaparwa | Dronaparwa | Karnaparwa | Salyaparwa | Sauptikaparwa | Striparwa | Santiparwa | Anusasanaparwa | Aswamedikaparwa | Asramawasikaparwa | Mosalaparwa | Prasthanikaparwa | Swargarohanaparwa |
Paraga wigati: Pandhawa | Korawa |
Artikel kagandhèng: Astadasaparwa | Bhagawad Gita | Bharatayuddha |


 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.