Adiparwa iku kitab pratama wiracarita Mahabharata. Ing kéné dicritakaké kepriyé prabu Pariksit utawa Parikesit atakon marang bagawan Janamejaya bab misuwuring leluhuré sampéyan dalem. Banjur bagawan Janamejaya sing isih trah bagawan Byasa nyaritakaké. Kaya ta Mahabarata lan Ramayana kitab iki dadi sumber utama kawruh bab sendratari lan lelagon. Ing taun 990-1016, Ratu Dharmawangsa Teguh Anantawikramottunggadéwa paring titah kanggo mertalaké lan nyadhur carita Mahabarata menyang basa Jawa kuno.[1] Kitab iki sajatiné bab pambuka Mahabarata kang ngemot rong pérangan utama. Ing pérangan sapisan isiné kurban Ratu Janamejaya.[2] Sabanjuré ing pérangan kapindho nyaritaké bab pandawa lan kurawa.[1][2]

Ing Adiparwa carita-carita kang diemot ya iku:

  1. Sarpayajña utawa upacara kurban ula;
  2. Pamuteran ksirarnawa utawa samodra susu kanggo golèk amreta;
  3. Sajarah purwané leluhuré para Pandhawa;
  4. Mangsa timuré para Pandhawa.

Carita-carita iki kabèh diayam awujud carita bingké.


 
Wiracarita Mahābhārata
Para Pandawa Lima

Daftar Kitab: | Adiparwa | Sabhaparwa | Wanaparwa | Wirataparwa | Udyogaparwa | Bhismaparwa | Dronaparwa | Karnaparwa | Salyaparwa | Sauptikaparwa | Striparwa | Santiparwa | Anusasanaparwa | Aswamedikaparwa | Asramawasikaparwa | Mosalaparwa | Prasthanikaparwa | Swargarohanaparwa |
Paraga wigati: Pandhawa | Korawa |
Artikel kagandhèng: Astadasaparwa | Bhagawad Gita | Bharatayuddha |

Uga delengen

besut

Cathetan sikil

besut
  1. a b P.E.J. Ferdinandus (2012). Piranti Musik Jawa Kuno. Yogyakarta: Mahardhika. ISBN 97995978434. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)
  2. a b Zoetmulder (1985). Kalangwan Sastra Jawa Kuna Selayang Pandang. Yogyakarta: Djambaran.