Sunan Gunung Jati

Sunan Gunung Jati utawa sok diarani déning jeneng Syarif Hidayatullah utawa Fatahillah [1].Sunan Gunung jati yaiku wong kang kagolong walisanga lan akèh duwé syiar ing agama Islam ing pulo jawa saubengé, mligi ana ing pérangan Jawa Kulon [1].Syarif Hidayatullah utawa Sunan Gunung Jati asring dikenal ing kalangan ulama ing jawa kulon saubengé dadi tokoh kang yasa Kasultanan Cirebon lan Banten.

Sajarah

besut

Miturut Hoesein Djajadiningrat ing bukuné kanthi judhul Sadjarah Banten, nyatakake manawa jeneng Fadillah lan Nurullah yaiku jeneng salah sijiné wong (jeneng siji wong)[2]. Jeneng asliné yaiku Nurullah, banjur dikenal karan jeneng Syekh Ibnu Maulana [1]. Ing carita wong Portugis asring dikenal karan jeneng Falatehan utawa Tagaril [2]. Nurul kang misuwur karan jeneng Sunan Gunung Jati asalé saka Pasai lan panguasa portugis ing Malaka taun 1511 lan akhiré ing tau 1521 ngawe Nurullah (Sunan Gunung Jati) ora bisa tinggal ana ing Pasai [1][2].Lan akhré brangkat lan akhiré brangkat ing Mékah kanggo ngelaksanaake rukun Islam yaiku ngibadah haji.[3]. Rampungé tindakake ngibadah haji saka tanah suci taun 1524, banjur ing tlatah demak lan ngawini adié saka Sultan Trenggana[4]. Kanthi ngentukake sengkuyung saka Sultan Trenggana,Nurullah (Sunan Gunung Jati) mangkat ing Banten kanggo ndirikake kampung muslim[4].

Kapimpinan

besut

Sajeroning ing tlatah Banaten njembarake ajarané kanthi ing tlatah sunda kelapa[4].Ing taun 1526 Sunan Gunung jati kasil ngusir portugis kang duwé kerja bareng karo raja Papajaran[4].Mumpangate kamenangan, Sunan Bonang (Nurullah) nganti jeneng sunda kelapa dadi Jayakarta.[4].Sunan Gunung jati ninggal putrané kanthi jeneng Hasanuddin, kanggo mimipin Banten[4].Lan Hasanuddin kang sajeroning sajarah misuwur lan diankui ing masyarakaté dadi raja kapisan ing Karajan Banten[4].

Wafat

besut

Sunan Gunung Jati kapundut utawa séda ana ing tlatah Cirebon ing taun 1570 lan umuré kira-kira 80an taun [4].Pasareané ana ing sakiteré kuburan Wukir Sapta Panggaing Gunung Jati, Désa Astana Cirebon, Jawa Kulon[4].

.

.

.

Cathetan suku

besut
  1. a b c d Acmadi Wahid, dkk.Sajarah Kebudayaan Islam, Pudtaka Insan madani, Sléman.hal 152. 2006.
  2. a b c Taufiq dan Sharon Siddque, dkk.Sajarah Umat Islam Indonésia, Jakarta, Majelis Ulama Indonésia.hal 157. 1991.
  3. Hasyim, A (1989) Sajarah Masuk dan Berkembangnya Islam di Indonésia, Jakarta, LP3ES.
  4. a b c d e f g h i MGMP Guru PAI MA, Surakarta.hal 60.2008.