Pakumpulan Gunung Jati dhisiké awujud piwulangan jiwa, rohani, lan utawa batin kang dirembakakaké déning Noer Achmad Sidik sing lair ing Désa Nyawangan, Kec. Keras, Kab. Kediri, Propinsi Jawa Wétan. Nalika 22 Pèbruari 1946 Paguyuban Aliran Kapercayan Kaweruh Kebatinan Gunung Jati sah digawé lan Noer Achmad Sidik dipilih dadi sesepuhé.[1]

Ancase

besut

Pakumpulan iki digawé kanggo :

  1. Ngabdèkaké marang Gusti Kang Maha Ésa kanthi sregep sarta nuwuhaké waspada kanggo keslametan awak, kulawarga, warga bangsa lan negara.
  2. Nglumpukaké budaya bangsa sing wis diduwèni awit jaman bebuyut mbiyèn nganti saiki sing jebulé wis duwé budaya sing luhur tanpa diowahi saka budaya liya utawa budaya jaba.
  3. Nganakaké piwulangan batin, jiwa, lan raga marang anak putu supaya bisa nggayuh kasempurnaan urip sing pituju marang budi luhur.
  4. Ngopèni karukunan, sarta njaga kalestarèn kabèh warisan saka para bebuyut lan leluhur kala mbiyèn nganti saiki kang wiguna.
  5. Kabèh warga utawa anggota dikarepaké supaya bisa duwèni jiwa luhur kang migunani kanggo nusa, bangsa, lan negara.
  6. Mikul dhuwur lan njaga kawibawan Pamaréntah Negara Rèpublik Indonesia sarta UUD 1945 lan Falsafah Pancasila.
  7. Nyongsong Gusti Kang Maha Esa anggoné nggayuh kaadilan sarta kamakmuran kang rata sing sejatiné supaya dadi negara adil makmur kertaharja.

Bapak Noer Achmad Sidik awit cilik wis duwé kekarepan guna nyerakaké awak marang Gusti Kang Maha Esa. Dhèwèké arep nggolèki jawaban saka pitakonan-pitakonan sing kerep metu, kaya ta : Apa artiné urip? Sapa sing mènèhi urip? Ana ngendi dalané urip kang sejati? Lan kepiyé dalané kasempurnaan urip manungsa bésuk ing dina liya?

Rujukan

besut
  1. Direktorat Jenderal Nilai Seni dan Film; Direktorat Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa (2010). Ensiklopedi Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa. Jakarta: Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia. kc. 132. ISBN 978-979-16071-1-7.