Bantengan yaiku wit-witan kang diarani bantèngan ing Jawa. Miturut kasil penelitiané K. Heyne, ing buku Tumbuhan Berguna Indonesia I-IV (Badan Penelitian dan Pengambangan Kehutatan Departemen Kehutanan, 1987), ana telung macem, yaiku bantèngan (Vitis Adnate), bantèngan (Vitis arachnoidea) lan bantèngan (Vitis lancolaria).

Bantèngan (Vitis adnate) iku wit-witan perdu kang ngrambat. Dawané 5-10 mèter. Miturut Rumphius, wité nduwèni keunikan sing sèjén déwé. Yèn diluk muni gemratak, tapi bli semplak. Oyoté bisa kanggo obat watuk, godhongé bisa kanggo ngobati wudun.

Bantèngan (Vitis arachnoidea), padha karo wit-witan perdu sing ngerambat. Dawané 2-10 mèter semebar ning Jawa, ning genah 400 mèter seduwuré sagara (mdpl). Wohé legi rada sepet, lan yen dipangan gawé gatel teng cangkem. Ing jaman mbengen, bantèngan dipakanaken bèbèk ambir ndogé akèh.

Bantèngan (Vitis lancolaria) uga sawijiné perdu kang ngrambat, dawané 5-15 mèter. Uga nyebar ing sakabèhé Jawa teng ganeh 1.500 mèter seduwurè sagara. Teng wong kuna, godongè kanggo ngobati kelurut, uga bisa kanggo lara watuk.[1]

Aran-aran désa besut

Désa-désa teng Jawa Wétan, Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta, kang nganggo aran bantèngan dadi aran désa, kayadéné,

  1. Désa/Kelurahan Bantèngan, Kecamatan Bandung, Kabupatèn Tulungagung.
  2. Désa Bantèngan, Kecamatan Wungu, Kabupatèn Madiun,
  3. Désa Bantèngan,Kecamatan Karanggedè, Kabupatèn Boyolali.

Rujukan besut

  1. Santosa, Iman Budhi. Suta naya dhadhap waru : manusia Jawa dan tumbuhan. Yogyakarta. ISBN 9786026250421. OCLC 1040082743.