Basa Akit
Basa Akit ya iku basa kang dituturaké déning wong Akit ing Pulo Rupat, provinsi Riau. Basa iki kelebu ing kulawarga basa Malayik lan dadi dhialék basa Malayu[1]. Wong Akit iku wong sing manggon ing sekitaré kali Gasib lan Kali Siak nalika jaman semana dijumenengi déning Sultan Siak. Dhéwéké nyambut gawé minangka tani, mbeburu, nyandhak iwak, lan liyané. Basa Akit isih kanggo basa padinan ing kabéh Pulo Rupat lan pulo-pulo cilik liyané sakiwa-tengené Rupat. Cacah panyatur basa iki ana 3.436 wong ing taun 1976. Désa-désa ing Pulo Rupat dipandhégani déning Penghulu lan dirèwangi perangkat désa[2].
Basa Akit | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | Indonésia | |
Wilayah | Riau | |
Gunggung panutur | 3.436 (1976) | |
Rumpun basa | ||
| ||
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | -
| |
ISO 639-2 | -
| |
ISO 639-3 | zlm
| |
|
Ing basa Akit iku ana rong jinis dhialék ya iku dhialék Géografis lan dhialék Sosial. Dhialék Géografis iku anadéné ya iku dhialék Désa Batu Panjang, Désa Teluk Lecah, Sei Cirgam, Pukul Nyirih, Hutan panjang, Titi Akar, Tanjung Medang, Ru, Tanjung Punak, Makeruh, Tanjung Kapal, Muda Terkul, Muda Pirgam, lan Désa Muda Kador. Dhialék Sosial ya iku dhialék pare dukun kang kulina dienggo kanggo nambani wong lara nalika upacara adat, dhialek Batin kang kulina dienggo para batin penghulu ing musawarah adat, lan dhialék Tokoh Masarakat[2].
Conto basa
besutOkhang tu gukhu, “Wong iku guru”.
Betinah tu bomo, “Wadhon iku dhukun”.
Anak ikak kacak, “Bocah iki ayu”[2].