Basa Palémbang
Basa Malayu Palémbang (Baso Palembang) ya iku basa sing dituturaké déning wong Palembang sing asalé saka tlatah belahan kidul kidul pulo Sumatra. Basa Palémbang atawa kang biyasa jejuluk déning wong Palémbang iku Basa Palémbang duwé rong tataran basa. Unggah-ungguh basa kang kasiji karan Basa Palémbang Alus lan keloro basa Palémbang Sari-sari atawa padinan. Basa Palémbang alus biyasa dienggo ing guneman marang wong tuwa, tokoh adat, lan wong kang kinurmati ing upacara-upacara adat. Basa Palémbang Sari-sari dienggo ing guneman marang wong-wong kang saumuran, saderajat, atawa lewih enom[1]. Basa Palémbang alus wis dienggo sing awit jaman raja-raja kesultanan Palémbang. Miturut sajarahé raja-raja Palémbang iku ana sing asalé saka karajan Majapahit, Demak, lan Karajan Aceh. Amarga iku sapérangan akèh tetembungan basa Palémbang alus ana padhané kanthi tembung-tembung ing basa Jawa lan Malayu[2].
Malayu Palémbang | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | Indonésia | |
Wilayah | Sumatra Kidul (Indonésia) | |
Gunggung panutur | 500,000 | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2 | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | –
| |
ISO 639-3 | plm
| |
|
Conto ukara
besutAnaq duo itu sedeng maén ekagh di bughi ghuma, “Bocah loro kuwi lagi dolan gundhu ing buri omah[2]”.
Waktu kameq sedeng makan pempeq, aba baliq daghi pasagh idaq ngawaq apo-apo, “Pas kita lagi mangan mpek-mpek, bapak mulih saka pasar ora nggawa papa”[2].