Basa Turki Osman (Basa Turki : Osmanlı Türkçesi) utawa ing Kabauraton Turki uga karan basa Osman (Basa Turki Usman: لسان عثمانى, lisân-ı Osmânî, utawa تركجه,Türkçe or تركی, Türkî, ; basa Turki: Osmanlıca) yaiku salah sawijining jinia basa Turki kang dinggo ing Kabauraton Osman (abad kaping 14 nganti 20 Masehi). Basa iki akeh nyesep tetembungan saka basa Arab lan basa Persi lan nganggo aksara Turki Osman kanggo panulise. Nalika pucuk kuwasaning Kabauraton Osman (kira-kira abad kaping 16 Masehi), tetembungan manca kang ana ing sastra ngungkuli banget kalawan tetembungan Turki kawitan. Dadi, tetembungan saka basa Arab lan basa Persi gunggung nganti sawatara 88% ana ing saperangan tulisan.


Mula, basa Turki Osman kurang dimangreteni dening babrayan kang kurang wiyata lan ana ing desa kang padha mbanjurake nganggo basa Turki lumrah (Turki: kaba Türkçe ). Basa Turki lumrah iku mau nganggo tetembungan silihan kanthi luwih sithik lan banjur dumadi dhasar kanggo basa Turki Modheren. Ing jaman 'Tanzimat', tembung Osman uga wis digunakake kanggo mbedakake basa loro mau lan dibanjurake ana ing jaman Turki Modheren.