Basa Turki kagolong basawangsa Turki paling kulon, lan kanthi gunggung penutur paling akèh yèn dibandingaké karo basa-basa Turki liyané.

Basa Turki
Asal Turki,
Bendera_Bulgaria Bulgaria,
Bendera_Makedonia  Makedonia,
Bendera_Romania  Romania,
Flag of the Turkish Republic of Northern Cyprus.svg Siprus Utara,
 Yunani,
Flag of Iraq.svg Irak,
Bendera_Suriah Suriah,[1]
Flag of Azerbaijan.svg Azerbaijan,[2]
Flag of Germany.svg Jerman,
Cithakan:PRA,
 Walanda,
 Austria,
Flag of Uzbekistan.svg Uzbekistan,
Cithakan:BRI,
Bendera_Amerika Serikat Amerika Serikat,
Flag of Belgium.svg Bèlgi,
Cithakan:SWI,
 Italia
LaladanAnatolia, Siprus, Balkan, Kaukasus, Éropah Tengah, Éropah Kulon
Panyatur asli
70-100 juta (tanpa surya)
Turkik/Ural-Altay
Status resmi
Basa resmi ing
 Turki,
Flag of Cyprus.svg Siprus,
Flag of the Turkish Republic of Northern Cyprus.svg Siprus Utara,
Bendera_Makedonia  Makedonia,
Flag of Kosovo.svg Kosovo
Kodhe basa
ISO 639-1tr
ISO 639-2tur
ISO 639-3tur

MulabukaBesut

Basa Turki wiwitané saka Asiyah Tengah ya iku golongan sing diarani golongan Oguz sing pindhah-pindhah nganti tekan jazirah Anatolia, Asia Cilik. Basa cawang Oguz iki samsaya suwé banjur owah. Golongan Oguz iki nyebar wiwit Anatolia nganti Supitan Bosporus. Golongan sing nggawa basa iki ya iku golongan Seljuk ing abad kaping 10. Miwiti Islam dianut masarakat Turki, basa Turki ing wewengkon Anatolia wiwit nyerep manéka kosakata saka basa Arab lan basa Pèrsi. Basa Turki sabanjuré ing abad 15 nggayuh puncak kejayaané ing mangsa Kalipah Usmaniyah. Ing jaman Usmaniyah iki, basa Turki ditulis nganggo sajinis Aksara Arab. Nanging, wiwit taun 1928, Mustafa Kemal Atatürk, sing diwanuhi minangka bapak Turki Sekuler ngupaya nggawa Turki dadi modhèren lan ngganti kabèh pangeja basa Turki nganggo aksara Latin.

Panggolonging basaBesut

Basa Turki iku anggota cawang saka Basa-basa Turki, sing dumadi saka basa Turki Gagauz lan basa Turki Khorasani. Kagolong subklompok Turki Kidul, sing kagolong sajeroning golongan basa Ural-Altai utawa basa Turkik.

Laladan sebaran tuturBesut

Basa Turki dituturaké ing Turki lan 35 nagara liyané. Basa iki dituturaké ing Bulgaria watara 1 yuta jiwa, Ellas watara 100 èwu jiwa, Républik Turki Siprus Lor watara 18% sing ndunungi Siprus, Makedonia watara 86.591 jiwa, Rumania ing kawasan Dobruja lan Uzbekistan, basa iki uga karan basa Osmanli.

Status resmiBesut

Basa Turki dadi basa resmi ing Turki lan Républik Turki Siprus Lor. Saliyané iku, uga diajaraké ing pawiyatan-pawiyatan pariklumpuk (Ind: komunitas) Turki ing Bulgaria, Ellas, Makedonia lan Rumania.

CarabasaBesut

Basa Turki kapérang dadi sawatara carabasa, kaya déné carabasa Danubia sing dituturaké ing tlatah Balkan, Gaziantep, Sanliurfa, Edirne, Razgrad, Dinler, Rumelia, Karamanli lan Eskisehir.

TatatulisBesut

Ing jaman Kalipah Usmaniyah, basa Turki ditulis nganggo sajinis Aksara Arab, nanging wiwit taun 1928, basa Turki ditulis nganggo Aksara Latin sing diowahi, contone ana ing aksara ç, ğ, ı, ö, lan ü.

Aksara Wyanjana Turki : Aksara Wyanjana Jawa

H : Ha

N : Na

Ç : Ca

R : Ra

K : Ka

S : Sa

Ş : Sya (Śa)

V : Va

L : La

P : Pa

F : Fa

D : Dha

C : Ja

J : Zya (Źa)

Y : Ya

M : Ma

G : Ga

Ğ : Gha

B : Ba

T : Tha

Aksara Swara Turki : Aksara Swara Jawa

A : Ah

İ : I

I : Û

U : U

Ü : Ü

E : E

O : O

Ö : Œ

Conto têmbungBesut

Aturan Wilujeng

Merhaba: Wilujêng

Selam: Wilujeng (kasar)

Günaydın: Wilujeng enjing

İyi günü: Wilujeng siyang/sore

İyi akşamlar: Wilujeng sore/dalu

İyi geceler: Wilujeng dalu

Güle güle: Dhadhah

Görüşürüz: Wilujeng pirsa malih

Teşekkür ederim: Matur nuwun

Rica ederim: Sami-sami

Afferdersin: Nuwun sewu, nyuwun pangapunten

Tetembungan Purusa

Ben: aku/kula

Sen : kowe

Siz: kowe kabèh/panjenengan

O: dheweke/barang iku

Angka

Bir: siji

Iki: loro

Üc: telu

Dört: telu

On: papat

Yirmi: rongpuluh

Cathetan sikilBesut

  1. "Syrian Turks".
  2. Taylor & Francis Group (2003). Eastern Europe, Russia and Central Asia 2004 (in English). Routledge. pp. p. 114. ISBN 978-1857431872. Retrieved 2008-03-26.CS1 maint: extra text (link) CS1 maint: unrecognized language (link)

Uga delengenBesut

Pranala njabaBesut