Kosovo (basa Albania: Kosova utawa Kosovë, basa Serbia: Косово, alihaksara: Kosovo) iku wewengkon kang dumunung ing Éropa sisih kidul-wétan. Kosovo wewatesan karo nagara Serbia ing sisih lor, Montenegro ing sisih kulon, sarta Albania lan Républik Makédonia Lor ing sisih kidul. Sadurungé, Kosovo minangka sawijining provinsi otonom ing nagara Serbia, ing sangisoré administrasi PBB, nanging nalika tanggal 17 Fèbruari 2008 Kosovo ndhéklarasèkaké kamardikan kanthi sapihak.[5] Déklarasi iki ora disarujuki déning Serbia, nanging dijurung déning nagara-nagara Kulon. Kutha krajan Kosovo yaiku kutha Priština. Kamardikan Kosovo wis diakoni kanthi resmi déning sawatara nagara-nagara, ing antarané yaiku Albania, Amérika Sarékat, Karajan Manunggal, Prancis, lan Turki. Nagara kang nulak kamardikan Kosovo antarané Républik Rakyat Cina, Ruslan, lan Serbia. Indonésia durung ngakoni kamardikané. Departemen Luar Negeri Indonésia nyatakaké yèn Indonésia kudu ati-ati ngakoni kamardikan Kosovo.[6]

Républik Kosovo
Républika e Kosovës
Република Косово
Républika Kosovo
Gendéraning Kosovo
Gendéra
Aditamènging Kosovo
Aditamèng
Kadhudhukan Kosovo ing Éropa
Kadhudhukan Kosovo ing Éropa
KuthagaraPriština
42°40′N 21°10′E / 42.667°N 21.167°E / 42.667; 21.167
JawatbasaBasa Albania, Serbia
Recognised regional languagesBasa Turki, Gorani, Romani, Bosnia
Budayawangsa
(2007)
92% Orang Albania
  5.3% Serb
  2.7% lain-lain [1]
WangsanamaWangsa Kosovar, Kosovan
PapréntahanRépublik Parlemèntèr
• Présidhèn
Hashim Thaçi
• 
Isa Mustafa (PDK)
Jakup Krasniqi
Kamardikan 
saka Serbia
• Dinyatakaké
17 Fèbruari 2008
• Diakoni
(déning 17 nagara)
18 Fèbruari 2008[2][3][4]
• Banyu (%)
n/a
Population
• Pikira-kira 2005
2.2 yuta (-)
ArtacihnaEuro (€)2 (EUR)
Laladan wektuUTC+1 (CET)
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+2 (CEST)
TLD internètdurung ana
  1. Diakoni déning sabagéan masarakat internasional
  2. Duwit Dinar Serbia kadhangkala isih dianggo ing Ènklaf Serbia lan Kosovo Lor.

Kosovo dadi papan pasulayan wewengkon kang isih lumaku antara pamaréntah Serbia lan sing ndunungi kang mayoritas dumadi saka ètnis Albania. Wektu madegé nagara Yugoslavia, Kosovo dadi provinsi Serbia kanthi status Laladan Otonomi Khusus. Nanging wiwit Perang Kosovo wis ana ing sangisoré pangawasan PBB minangka sawijining tlatah protektorat.

Sajarah

besut

Jaman kuna

besut
 

Kosova misuwur ing jaman kuna minangka Dardania[7] (saka tembung basa Albania dardhë = pear; tegesé Lemah Pear) tumraping suku Illyrian Dardani.[8][9][10][11][12][13] Sumber sajarah nyebutaké sawijining Karajan Dardania ing abad angka 4 SM, déné sajarawan Yunani lan Romawi mratélakaké yèn wong kana sregeb, ramah lan duwé kabudayan luhur.[14] Raja-ratu kang wigati yaiku Longarus, Monunius, lan Bato, kang sok nganakaké paperangan nglawan Macedon lan sok olèh kamenangan.[14] Ana uga cathetan perang karo bangsa Celt. Dardania iku misuwur bab sumber tambang emas, lan tulisan kuna nyebutaké yèn Dardani minangka tlatah kang ngasilaké watu aji (permata). Kutha gedhé ing jaman semana kalebu Damastion, Naissus (Nis), Scupi (Skopje), lan Ulpiana.[15]

Dardania dikuwasani déning Romawi ing abad angka 1 SM. lan nyumbang Kakaisaran Romawi kanthi sawatara kaisar kang misuwur, kalebu Konstantin kang Agung. Agama Kristen wiwit nyebar nalika Niketas Dardani, nyiptakaké buku kidung pujian Kristen kang wiwitan.

Ottoman wiwit nguwasani Kosovo awit sumber mineral kang akèh banget ing Kosovo bisa dadi asèt kang wigati tumrap kakaisaran Ottoman. Kakuwasan Ottoman nggawa jaman anyar. Kanthi warna-warna tekanan kaya déné diskriminasi pajeg tumrap panganut agama Katulik Roma, sawatara status Greja Ortodok dilindhungi déning Kraton Ottoman, banjur nuwuhaké konvèrsi gedhèn-gedhènan déning Kristen Albania padha lumebu Islam.

Perang Balkan

besut
 
Tapel wates ing Balkan sawisé Prang Balkan kapisan lan kapindho.

Ing taun 1912, sajeroning Perang Balkan, tlatah Kosovo dikuwasani déning Karajan Serbia, sawatara iku tlatah Metohija (basa Albania: Lembah Dukagjini) dikuwasani déning Karajan Montenegro. Banjur kadadéan èksodhus sing ndunungi Albania. Bab iki dipratélakaké déning Leon Trotsky, sawijining wartawan saka koran Pravda wektu jaman semana. Panguwasa Serbia banjur ngrencanakaké bakal nganakaké rekolonisasi tumrap Kosovo.[16] Akèh kulawarga Serbia kang pindhanh menyang tlatah Kosovo, kanggo nyiptakaké kaseimbangan demografi antara sing ndunungi Albania lan Serbia. Akèh sing ndunungi Albania ngungsi menyang tkatah pagunungan lan omah-omah wong Albania lan Turki dirusak. Parebutan manèh tlatah Kosovo dianggep dadi jalaran Perang Kosovo taun 1389. Sajeroning Konperènsi para Duta ing London taun 1912 kang dipanggedhèni déning Sir Edward Grey, mantri jaban rangkah Inggris, Karajan Serbia lan Montenegro disarujuki duwèni kadhaulatan ing Kosovo.[butuh sitiran]

Proklamasi Kamardikan, 2008

besut

Tanggal 17 Fèbruari 2008 Kosovo nyatakaké kamardikan saka Serbia. Kosovo wis nempuh dalan kang rupak kanggo nggayuh kamardikané. Usaha pisanan ing taun 1990 gagal awit diserbu déning Serbia. Tarung kang ora imbang antara Serbia karo gerilyawan Kosovo utawa KLA iki minangka anané tragedi pembantaian lan pangungsèn gedhèn-gedhènan. NATO kang dipanggedhèni déning Amérika Sarékat ngusir Serbia kanthi serangan udara sajeroning 78 dina. Kosovo banjur direksa déning PBB lan NATO. Usaha kamardikan Kosovo sing pungkasan iki olèh panjurung saka mèh saprotelon nagara-nagara Uni Éropa lan Amérika Sarékat. Déné nagara kang nulak yaiku Serbia lan Ruslan.[17]

Dhémografi

besut
 
Komposisi etnik Kosovo taun 2005 miturut OSCE.

Miturut survé Kosovo in Figures 2005 saka Kantor Statistik Kosovo,[18][19][20] Gunngé sing ndunungi Kosovo watara 1.9 lan 2.2 yuta, dumadi saka etnik:

Islam minangka agama kang mayoritas, dianut déning mayoritas sing ndunungi komunitas etnik Albania, Bosniak, Gorani, lan Turki, lan sawatara wong ing komunitas Roma/Ashkali/Mesir, sanajan agama ora pati dadi faktor wigati ing masarakat. Retorika agama uga ora dadi wacana masarakat ing komunitas Muslim, masjid-masjid ora pati ramé, lan busana lan budaya muslim uga ora pati kawistara. Padunung Serbia, watara 100,000 nganti 120,000 jiwa, lumrahé nganut agama Kristen Ortodhok Serbia.

Pamérangan administrasi

besut

Sacara administrasi, Kosovo dumadi saka pitung dhistrik, yaiku: Distrik Đakovica, Distrik Gnjilane, Distrik Kosovska Mitrovica, Distrik Peć, Distrik Priština, Distrik Prizren lan Distrik Uroševac.

Munisipalitas

besut

Kosovo uga dipérang dadi 30 munisipalitas (satingkat Kotamadya):

Kosovo Lor ngukuhi papréntahan dhéwé, infrastruktur lan institusi déning etnik Serbia (kang dominan) ing Distrik Mitrovica, yaiku ing Munisipal Leposavic, Zvecan lan Zubin Potok lan pérangan lor saka Kosovska Mitrovica.

Kutha

besut
 
Priština

Pratélan kutha gedhé ing Kosovo (kanthi data populasi tanggal 31-2-2003):[21]

Cathetan lan referensi

besut
  1. Enti i Statistikës së Kosovës
  2. US Secretary of State Condoleezza Rice (2008-02-18). "U.S. Recognizes Kosovo as Independent State". U.S. Department of State. Diarsip saka asliné ing 2008-02-19. Dibukak ing 2008-02-18.
  3. "Britain, France recognise Kosovo". Associated Press. 2008-02-18. Diarsip saka sing asli ing 2008-02-26. Dibukak ing 2008-02-18.
  4. Castle, Stephen (2008-02-18). "Kosovo is Recognised by U.S., France and Britain". Dibukak ing 2008-02-18.
  5. Detik.com Kosovo Deklarasikan Kemerdekaan dari Serbia url diakses 23 Feb 2008.
  6. Detik Com: Indonésia Belum Akui Kemerdekaan Kosovo url diakses 23 Feb 2008.
  7. "Arthur Evans, "Some Observations on the Present State of Dardania," R. Elsie ed., Albanian History". Diarsip saka sing asli ing 2008-04-23. Dibukak ing 2008-02-23.
  8. Noel Malcolm, Kosovo: A Short History (UP: New York, 2003) 31.
  9. Aleksandar Stipcevic, Iliri, p.30
  10. Mirdita, Studime dardane, pp.7-46
  11. Papazoglu, Central Balkan Tribes, pp.210-69
  12. Katicic, Ancient Languages, pp.179-81
  13. Papazogu, "Dardanska onomastika"
  14. a b Bep Jubani et al., Historia e popullit shqiptar: për shkollat e mesme (Libri Shkollor: Prishtinë, 2002) 26-29.
  15. Historia e Shqipërisë, “Mbretëria e Dardanisë: Territori dhe popullsia,” Shqiperia.com
  16. Elsie, R. (ed.) (2002): "Gathering Clouds. The roots of ethnic cleansing in Kosovo. Early twentieth-century documents" Archived 2008-02-16 at the Wayback Machine.. Dukagjini Balkan Books, Peja (Kosovo, Serbia). ISBN 9951-05-016-6
  17. Harian Jawa Pos, Bangsa Muslim di Éropa Merdeka, hal.1, ed: 17 Fèbruari 2008
  18. UNMIK. "Kosovo in figures 2005" (PDF). Ministry of Public Services. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2008-03-09. Dibukak ing 2008-02-23.
  19. BBC News (23 Dhésèmber 2005). "Muslims in Europe: Country guide".
  20. BBC News (20 Novèmber 2007). "Regions and territories: Kosovo".
  21. City Population. "Kosovo".

Deleng uga

besut

Pranala njaba

besut