Euro
Euro iku valuta lan unit monetèr resmi Uni Éropa[1] lan mligi dienggo ing Zona Euro.[2] Zona euro iku tlatah nagara-nagara anggota Uni Éropa kang nganggo valuta iki.[2] Ing taun 2023 ana 20 nagara anggota Zona Euro.[2] Sacara giral, Euro wiwit dienggo tanggal 1 Januari 1999.[1] Nanging kanthi fisik dhuwit kertas lan koin utawa dhuwit logam lagi dilansir ing tanggal 1 Januari 2002, wiwit tanggal 28 Fèbruari 2002 manten valuta-valuta nagara anggota ora dadi valuta resmi manèh.[1] Valuta Euro iku dilambangaké mawa simbul €.[1]
Asal mulané Euro iku ana ing Prajanjèn Maastricht (1991), sawijining prajanjèn antara 12 anggota Uni Éropa kala iku, yaiku: Bèlgi, Dhènemarken, Italia, Irlandia, Jerman, Karajan Manunggal, Luksemburg, Portugal, Prancis, Spanyol, Walanda, Yunani lan . Kala iku Uni Ekonomis lan Monetèr (EMU utawa ing basa Inggris Economic Monetary Union) uga diadegaké.
Euro iku valuta cadhangan kapindho kang akèh dhéwé sawisé Dolar Amérika Sarékat, saliyané iku Euro uga valuta kang didagangaké akèh dhéwé kapindho sawisé Dolar Amérika Sarékat.
Jeneng Euro iku kanthi resmi kapisan dienggo wiwit tanggal 16 Dhésèmber 2005. Kala iku, Euro nggantèni ECU mawa kurs 1:1. ECU iku cekakan saka basa Inggris European Currency Unit lan sadurungé ana Euro, fungsiné yaiku minangka 'kranjang kabèh valuta anggota Komunitas Éropa'.
Wiwit taun 2009, Euro ngalami krisis utang Éropa, kang njalari lembaga Fasilitas Stabilitas Finansial Éropa diadegaké.
Administrasi
besutEuro iku diatur lan diurusi déning Bank Sentral Éropa kang dunungé ana ing Frankfurt, lan Eurosystem sawijining golongan bank-bank sèntral nagara-nagara anggota Zona Euro. Minangka sawijining bank sèntral mardika, Bank Sentral Éropa nduwé otoritas kanggo nemtokaké kawicaksanan monetèr.
Prajanjèn Maastricht taun 1992 ngewajibaké mèh kabèh anggota Uni Éropa kanggo ngadopsi Euro. Nalika iku anggota Uni Éropa ana 12 cacahé: Bèlgi, Dhénemarken, Irlandia, Italia, Jerman, Karajan Manunggal, Luksemburg, Portugal, Prancis, Spanyol, Yunani lan Walanda. Nanging ana nagara loro kang bisa négosiasi supaya ora nganggo Euro, yaiku Karajan Manunggal lan Dhénemarken. Sing liya-liyané kabèh nganggo Euro. Banjur kabèh nagara-nagara anggota anyar wiwit taun 1993 uga kudu nganggo Euro. Kamangka Swèdhen kang wis dadi anggota UE wiwit taun 1995, nulak Euro ing sawijining referendum taun 2003 lan mungkiri kawajiban ngadopsi Euro, carané yaiku ora netepi prasaratan monetèr lan anggaran.
Euro
besutNagara | Nomer diwiwiti karo huruf |
---|---|
Bèlgi | Z |
Finlan | L |
Irlandia | T |
Italia | S |
Jerman | X |
Luxemburg | ? |
Ostenrik | N |
Portugal | M |
Prancis | U |
Spanyol | V |
Walanda | P |
Yunani | Y |
Dhuwit kertas Euro ing ngendi-endi wanguné padha, nanging dhuwit logamé ing pérangan mburiné béda-béda. Pérangan ngarepé padha kabèh lan didésain déning Luc Luycx. Dhuwit logam saben nagara diwènèhi lambangé dhéwé-dhéwé.
Sanajan dhuwit kertas Euro wanguné padha, nanging ana bédané sithik, yaiku ing pérangan nomer, saéngga bisa dingertèni asalé saka nagara sik ngendi.
Nagara-nagara kang migunakaké valuta Euro
besutLimalas nagara anggota Uni Éropa kang migunakaké Euro minangka valutané yaiku:
- Bèlgi
- Finlan
- Irlandia
- Italia
- Jerman
- Luxemburg
- Ostenrik
- Portugal
- Prancis
- Spanyol
- Walanda
- Yunani
- Slowén (2007)
- Malta (2008)
- Siprus (2008)
- Slowak (2009)
- Éstlan (2011)
- Lètlan (2014)
- Litowen (2015)
- Kroasia (2023)
Saliyané iku, ana sapérangan nagara cilik kang uga migunakaké Euro, miturut prajanjèn karo UE yaiku:
Banjur ana sapérangan laladan uga olèh migunakaké Euro minangka valuta, tanpa prajanjèn, yaiku laladan:
Cathetan suku
besutDeleng uga
besutPranala njaba
besutWikimedia Commons duwé médhia ngenani Euro. |
- Bank Sentral Éropa
- Dhuwit kertas Euro (ing basa Inggris) (ing basa Basa Jerman)